Tuesday, August 10, 2010

NEPANGAKEN RINEKA TEMBANG

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Pamedare ingkang sinerat punika saking cumantakaning manah kaula aniru para pujangga ingkang sampun kawentar teng tatar Nuswantara sanadyan dahat muda ing batining kaula kang kepareng ginunggung datan sumerep bakal katah kang ngesemi. Kaula sumejah angrumpaka sinareng panggean basa kang kalantur-lantur tur katula-tula. Nanging, buku punika kaula susun kalawan tinalaten, rinuruh kalawan ririh, ngajengaken amrih padanging sasmita rencang juragan guru selebeting mucalaken muatan lokal basa Cerbon marang siswanipun.
Kaula nuhun agungipun pangapunten dumateng sedaya pihak bilih ingkang sinerat punika dereng sreg ing manahipun panjenengan sedaya, amargi kewinatesan kesanggeman kaula minangka janma biasa ingkang mboten luput saking lepat. Kewinatesan literatur ugi ngrupiaken bancang pakewuh ingkang dahat mengaruhi dateng kasampurnaning penyusunan buku punika. Mila, kaula nuhun wontene samubarang rupi tanggapan, kritik, lan saran dumateng para pamaos dahat kaula ajengaken ngatos ndadosaken kasampurnaning penyusunan serat selajengipun.
Wonten wasitaning sastra lami ingkang mungele ‘Sastra jendra hayuning rat pangruwating diyu, witing guna saka kawruh dayaning satuhu’. Mboten sanes pengajeng kaula, mugia buku puniki wonten mupangatipun kangge sinten kemawon ingkang maos, khususipun guru-guru sekolah dasar. Seliyanipun mekaten, mugia basa Cerbon punika mboten mawon saged dikaji dateng anak putu Cerbon piyambak, nanging ugi saged dados bahan kajian putra bangsa.
Atur lumayan. Mangga nyanggakaken.
a. Tembang
Tembang ngrupiaken setunggale jinis puisi arupi tetembangan (dendang) kang disukani lelagu lan ditembangaken. Teng selebete sastra Jawi enggal, tembang punika saged dibagi dados tigang golongan, nggih niku tembang ageng (sekar ageng), tembang alit (sekar alit), lan tembang dolanan.
Tembang alit nggih niku tembang kang diatur secara enggal. Pengaturan punika kados dene pengaturan cacahe padalisan lan vokal teng pengker padalisan. Kalebet teng tembang alit nggih niku macapat atanapi pupuh.
Macapat ngrupiaken wangun puisi Jawi tradisional kang unggal padae (bait) gadah padalisan ukara (gatra) kang sampui temtos. Unggal gatra gadah cacah kecap (guru wilangan) kang sampun temtos lan kepungkes kaliyan mungele sanjak akir (guru lagu, guru swanten) kang sampuh temtos. Kalebet teng macapa punika nggih niku pupuh kados dene Asmarandana, Kinanti, Dangdanggula, Maskumambang, lan sapanunggalane.
Tembang ageng atanapi sekar ageng nggih niku tembang kang dumasaraken teng cacahe padalisan, kecap, lan vocal teng pengkere padalisan. Tembang ageng atanapi sekar ageng punika asal-usule saking tembang-tembangan jaman kerajaan Surakarta. Kalebet teng tembang srekar ageng punika kados dene tembang Kawi, kados dene suluk, murwa, kekawin, nyandra, renggan, sloka, jonggrang, kidung, lan sanes-sanese.
1) Pupuh
Istilah pupuh punika asale saking basa Sansekerta kang artose tembang. Pupuh punika ngrupiaken salah setunggale asil kebinangkitan sastra Cerbon kang asale saking Mataram, mlebet teng tatar Cerbone punika kantun kaliyan seni wayang, seni batik, katut basa lemes atanapi undak usuking basa.
Pupuh ngrupiaken setunggaling jenis komposisi tembang macapat kang gadah watek lan karakteristik saluyu kaliyan kegunaane piyambek-piyambek. Pupuh diwangun dening basa ugeran, nggih niku diwangun kaliyan patokan-patokan pupuh. Anadene geguritan nggih niku jejer atanapi pokok kang didamel dangding Pupuh saged dibentenaken dados pitulas maceme. Kepitulas pupuh punika nggih niku Asmarandana (Kasmaran), Dandanggula, Kinanti, Mijil, Pucung, Gambuh, Pangkur, Sinom, Maskumambang, Dudukwuluh, Durma, Wirangrong, Gurisa, Megatruh, Ladrang, Jurudemung, lan Lambang.
Seliyane kaiket dening watek piyambek, unggal pupuh ugi kaiket dening wontene guru lagu lan guru wilangan. Kang dimaksad kaliyan guru lagu nggih niku swanten panungtung teng unggal pedalisan, dangding atanapi swanten (rima) akhir kang wontene teng pengker padalisan (baris).
Pedalisan nggih niku jejeran teng unggal pada, ari pada nggih niku bait. Anadene kang dimaksad kaliyan guru wilangan nggih niku cacahe engang atanapi kecap (suku kata) kang wonten teng unggal barise atanapi padalisane. Pupuh ugi keiket dening cacahe baris atanapi larik kang wonten teng padae.
Pada puniku sami kaliyan kuplet, strophe, atanapi bait teng puisi. Misale pupuh asmarandana, pupuh puniki gadah pitung larik unggal setunggal padae. Baris kaping setunggal guru lague (i) lan guru wilangane (8), baris kaping kalih guru lague (a) lan guru wilangane (8), baris kaping tiga guru lague (e) lan guru wilangane (8), baris sekawan gadah guru lagu (a) guru wilangane (8), baris kaping gangsal gadah guru lagu (a) lan guru wilangane (8), baris kaping nenem gadah guru lagu (u) gulu wilangane (9), lan baris kaping pitu gadah guru lagu (a) lan guru wilangane (8).
Sebagian para seniman lan budayawan kang wonten teng tatar Cirebon nyebataken cacahe pupuh punika sejatine langkung saking pitulas. Nanging pinten jumblah kang pestie dereng wonten kang nylidiki. Pramila punika ngenai jumblah pupuh punika piyambek mbotek susah dipertentangaken keranten budayawan atanapi seniman punika gadah panggeran piyambek-piyambek. Teng hal punika, penyusun nyajiaken pupuh punika pupuh kang pitulas cacahe, hal punika saluyu kaliyan tembang laras kang diciptaaken M.A. Salmun kados teng andap puniki.
Kinanti mijil uga ladrang
Sinom gambuh maskumambang
Balakbak, gurisa lambang pang
Kur durma, juru demung wirangrong
Megatruh pucung
pangdawane dangdanggula
kang sedeng asmarandana
samono pupuh kang ana
pitulas cacah sadaya

a) Asmarandana
Pupuh asmarandana ngrupiaken satunggale wangun pupuh atanapi komposisi tembang macapat kang gadah watek birahi, sipat welas asih, kasmaran, birahi, lan ketresnan. Pupuh asmarandana biasa ditembangaken dening para nem-neman kang siweg mabok kasmaran kaliyan lawan jinise. Pupuh asmarandana gadah pitung padalisan atanapi pitung baris kang wonten teng setunggal padae.
Misale :
Muji syukur mring Hyang Widhi (8.i)
Mengeti pendaking warsa (8.a)
Ganti taun ing wancine (8.e)
Berkah slamet lan wilagang (8.a)
Pinaring Maha Kuwasa (8.a)
Gusti Allah Kang Maha Agung (9.u)
Ancipta sabumi alam (8.a)

b) Dangdanggula
Pupuh dangdanggula gadah watek kagungan lan bungah. Pupuh dangdanggula gadah sedasah padalisan kang setunggal padae. Pupuh puniki biasa ditembangaken dening tiyang kang siweg kagungan atanapi kanugrahan kesaean atanapi kebecikan kang nimbulaken raos bungah merwata suta marang tiyase.
Misale :
Sun anggurit sekatahing gending (10.i)
Tembang kasmaran, dandang, lan durma (10.a)
Mijil, pangkur, lan sinome (8.e)
Menggalang lawan pucung (7.u)
Kinanti kanggonireki (8.i)
Miwah tembang perlambang (7.a)
Dudukwuluh, gambuh (6.u)
Sekatahe tembang rolas (8.a)
Kang siji tembang rincikaneng buri (11.i)
Ingkang ngaran mbok ladrang (7.a)

c) Kinanti
Pupuh kinanti baiasa diangge dening tiyang kangge ngungkapaken segala peraosan priatin, ngarep-ngarep, nunggu, lan ngentosi. Pupuh puniki gadah nem padalisan kang setunggal padae.
Misale :
Kinanti liring pitutur (8.u)
Kenteng rambat menyan kuning (8.i)
Awasenang kang pratela (8.a)
Ngelenga wiring ning buri (8.i)
Cecangkok wohing kelapa (8.a)
Kang dadi patokan urip (8.i)

Yen wus tinitah dadi wong agung
Aja siri nggunggung diri
Aja raket lan wong ala
Kang ala lakunireki
Nora wurung ngajak-ngajak
Satemah anulari

d) Mijil
Pupuh mijil gadah nem padalisan kang setunggal padae. Pupuh puniki gadah watek susah, sedih, cilaka, sepi, lan jempling. Pupuh puniki biasae ditembangaken dening tiyang kang siweg ketiban kesusahan lan kesepian.
Misale :
Dedalane guna klawan sekti (10.i)
Kudu andap asor (6.i)
Wani ngalah duwur wekasane (10.e)
Tumungkula yan dipundukani (10.i)
Bapang densimpangi (6.i)
Ana catur mungkur (6.u)
Poma kaki dipun eling
Ing pituturing gong
Sira uga satria arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun

e) Pucung
Pupuh pucung biasae diangge kange badekan. Hal punika keranten ukara-ukara yang wonten peng padae ngandung tetenger kang upami ukara punika diteliti kelawan telaten dados tetenger khusus kang tumempel teng banda kang dimaksad. Wonten kalane pupuh puniki gadah sekawan larik, nanging wonten ugi kang diwincik dados nem padalisan kang teng setunggal padae. Wontene rubeda puniki boten ngirangi cacahe enggang atanapi kecap teng padae. Pupuh puniki wateke piwuruk, piwulangan, wara-wara, kaget, lan pangeling-ngeling.
Misale :
Bapa pucung dudu watu dudu gunung (12.a)
Sagkanmu ing sebrang (6.a)
Ngon-ingone sang bupati (8.i)
Yen lumaku si pucung lembeyan grana (12.a)

Bapa pucung
Cangkemmu madep menduwur
Sangkanmu ing sendang
Penclokanmu lambung keri
Prating wisma
Si pucung mutah kuwaya

f) Gambuh
Pupuh gambuh ngrupiaken setunggaling wangun komposisi tembang macapat kiang gadah watek tambuh laku, bingung, keder, lan samar polah. Pupuh puniki gadah gangsal padalisan unggal padae.
Misale :
Aja nganti kabanjur (7.u)
Barang polah ingkang ora jujur (10.u)
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik (12.i)
Becik ngupayaa iku (8.u)
Pitutur ingkang sayektos (8.o)

Tutur becik iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamon becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

g) Pangkur
Tembang pangkur biasae ditembangaken kangge nggugah sumangete para prajurit sederenge maju perang. Wateke pupuh pangkur puniki laku lampah kang dialingi nepsu, amarah, atanapi sayogi pakarang bade ngadepi perang. Pupuh pangkur gadah pitung padalisan kang setunggal padae.
Misale :
Sekar pangkur kang winarna (8.a)
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip (11.i)
Ala lan becik puniku (8.u)
Prayoga kawruhana (6.a)
Adat waton puniku dipun kadulu (11.u)
Miwah ingkang tata karma (8.a)
Den kaesti siyang latri (8.i)

Singgasinggah kala singgah
Suminggaha durga samya sumingkir
Singa ama sima wulu
Sing suku asirah
Sing atenggak lawan sira ambuntut
Pada sira suminggaha
Muliha mring asalneki

h) Sinom
Pupuh sinom wateke bungah, seneng, gumbira, bagja, lan suka cita. Pupuh sinom biasae diangge dening para nem-neman kangge ngungkapaken isi atie kang siweg bingah werwata suta. Pupuh puniki gadah sangang padalisan unggal padae.
Misale :
Ambeke kang wus utama (8.a)
Tan ngendak gunaning janmi (8.i)
Amiguna ing aguna (8.a)
Sasolahe kudu bati (8.i)
Pintere den alingi (8.i)
Bodohe dinokok ngayun (8.u)
Pamrihe den inaa (7.a)
Aja na ngarani bangkit (8.i)
Suka lila den inaa sepada-pada (12.a)

Ingsun uga tan mangkana
Balilu kang sun alingi
Kabisan sun dokok ngarsa
Isin menek den arani
Balilu ing sujanmi
Naging batin ingsun cubluk
Suprandene jroning tyas
Lumaku sinebut wasis
Tanpa ngrasa prandene sugih carita

i) Maskumambang
Pupuh maskumambang ngrupiaken setunggale wangun komposisi tembang macapat kang biasae diangge dening tiyang kang siweg samar rasa kangge ngungkapaken isi atie, nyriosaken cerios-cerios sedih, lan priatin kang sanget. Anadene watek pupuh maskumambang nggih niku priatin, sesambat, lara ati, lan nelangsa. Pupuh maskumambang gadah sekawan padalisan kang setunggal padae.
Misale :
Nadyan silih bapa, biyung, kaki, nini (12.i)
Sadulur myang sanak (6.a)
Kalamun muruk tan becik (8.i)
Nora pantes yen den nuta (8.a)

Wong tan manut pituturing wong tuwa ugi
Pan nemu duraka
Ing dunya praptaning akir
Tan wurung kasurang-surang
j) Dudukwuluh
Pupuh duduk wuluh ngrupiaken setunggaling komposisi tembang macapat kang gadah watek piwulang, pituduh, lan piwuruk dumateng sapepada. Pupuh dudukwuluh gadah gangsal padalisan kang setunggal padae.
Misale :
Wong ngawula ing ratu luwih pakewuh (12.u)
Nora kena minggrang-minggring (8.i)
Kudu mantep sartanipun (8.u)
Satya tuhu marang gusti (8.i)
Dipun miturut sapakon (8.o)

Samubarang karyaning sang aprabu
Sayekti kudu nglakoni
Supatah artine iku
Wong kang pada-pada ngabdi
Pegaweyane pan saos

k) Durma
Pupuh durma ngrupiaken pupuh kang gadah pitung padalisan unggal padae. Pupuh puniki isie nyriosaken cerios-cerios kekerasan, akas-akasan, lan geguletan. Pupuh puniki wateke laku lampah dursila, ngambek, tukaran, geguletan, lan peperangan.
Misale :
Enjing muni swarane wong ing ayudan (12.a)
Kendang kelawan beri (7.i)
Gong gemuruh gangsa (6.a)
Dedeg kaya butulan (7.a)
Pangrihe kuda lan esti (8.i)
Sumenger aban mimis (7.1)

l) Wirangrong
Pupuh wirangrong puniku setunggaling pupuh kang gadah watek isin, wirang, apes, lan rugi. Pupuh wirangrong gadah nem padalisan kang setunggal padae.
Misale :
Den samya marsudeng budi (8.i)
Weweka dipun waspaos (8.o)
Aja dumeh-dumeh bias muwus (10.u)
Yen tan pantes ugi (6.i)
Sanadyan mung sakecap (7.a)
Yen tan pantes prenahira (8.a)

Kudu golek masa ugi
Panggonan lamun miraos
Lawan aja age sira muwus
Durunge den kaesti
Aja age kawedal
Yeng durung pantes ing rowang

m) Gurisa
Pupuh gurisa nggih niku setunggale wangun komposisi tembang macapat kang gadah wolung padalisan unggal padae. Pupuh puniki gadah watek tambah kesel, plangguran, lan pengangguran.
Misale :
Anak putu angestokena (8.a)
Warah wuruke si bapa (8.a)
Aja na ingkang sembrana (8.a)
Marang wuruke wong tuwa (8.a)
Ing lair batin den baas (8.a)
Anganggo wuruking bapa (8.a)
Teguhana ing jroning nala (8.a)
Pada nedyaa sentosa (8.a)

Aja na kurang panrima
Ing pepesthening sarira
Yen saking Hyang Mahamulya
Nitahken ing badanira
Lawan dipunawas uga
Asor unggul waras lara
Tanapi begja cilaka
Urip klawan antaka

n) Megatruh
Pupuh megtaruh ngrupiaken setunggaling wangun komposisi tembang macapat kang gadah gangsal padalisan unggal padae. Pupuh puniki biasae ditembangaken kangge nyriosaken cirios-cerios atanapi peraosan kuciwa lan nelangsa.
Misale :
Lir pinegat rohingsun yen kedah tutur (12.u)
Nyriosaken lampahneki (8.i)
Pangeran Ahmad misuwur (8.u)
Binucal mring Ambon nagri (8.i)
Den Landa tinuduh ngrongrong (8.o)

Baka sewot pangamuke bakal liwung
Bagus Serit Bagus Rangin
Landa gurawalan gupuh
Sraya ingkang den upadi
Supadi sirep palagon

o) Ladrang
Pupuh ladrang ngrupiaken setunggaling wangun komposisi tembang macapat kang gadah gangsal padalisan unggal padae. Pupuh puniki gadah watek banyolan, guyon, lan gegonjakan.
Misale :
Kang utama wong ngaurip kudu mieling (12.i)
Kawarasan kamulyan (7.a)
Iku mungguh kang mieling (8.i)
Ngemutana mring prentahe (8.e)
Pituduh urip ning alam dunya ((12.a)

Eling-eliung wong kang eling kaya nyanding
Kawarasan kawulyan
Nglangsani nyumbadani
Linakonan sakajate
Ning karsa tan sulaya sida cipta

p) Juru Demung
Juru demung grupiaken salah setunggale wangun komposisi tembang macapat kang gadah watek keduhung lan getun. Pupuh puniki gadah pitung padalisan kang setunggal padae.
Misale :
Juru demung mangun warga (8.a)
Sejahtera tur rahayu (8.u)
Nir rubeda nir bebendu (8.u)
Kulawarga rinencana (8.a)
Putra loro rama ibu (8.u)
Kuwen aran catur warga (8.a)
Sedya esti satuhu (8.u)

q) Lambang
Lambang ngrupiaken setunggale wangun pupuh awangun komposisi tembang macapat kang gadah watek kados ladrang cumi pupuh lambang langkung motah tinimbang ladrang. Pupuh puniki gadah sekawan padalisan kang setunggal padae.
Misale :
Nalika kula kondangan (8.a)
Kepanggih lan rerencangan (8.a)
Kula mlampah sesarengan (8.a)
Bari ngguyu gegonjakan (8.a)

2) Tembang Dolanan
Tembang dolanan nggih niku sejenis tetembangan kang dilampahaken dening lare-lare alit nalika nglampahaken dolanan teng plataran utamie teng waktos wulan siweg mencorong padang-padange. Biasae tembang punika disaluyuaken kaliyan jenise dolanan.
Misale :
Rembe Genjong

Rembe genjong, mature-turi putri
Belendang kang doyan madang
Sap sinten kenang babon
Babone pating geleyor
Ora uwoh ora godong
Godonge pating pelesnong
Ana wajik kamirisik
Ada dodol kamirongkol
Gebdis-gendis kaya lulu
Lulu kamidemek
Kembang apa?
Kembang-kembang … si … oli …
Tunggangane gajah belang
Cucunduke melati putih
Riwe-riwe pandan sare
Ditonton payunge rembe
Rembe walu pepe
Jangan jantung disureni
Belendang kang doyan madang
Belendang kang doyan madang

3) Suluk
Katah tafsiran ngenai suluk kang dikedalaken dening para ahli sastra. Satjadibrata (1948) njelasaken yen suluk punika sami kaliyan seloka, nggih niku perlambang kang biasae ditembangakern dening dalang teng selebete pakeliran pedalangan wayang. Salmun (1961) njelasaken yen suluk punika asale saking basa Arab kang artose sami kaliyan seloka saking basa Sansekerta. Semantawis punika, Probo Hardjono njelasaken nyaniya suluk punika asale saking tembung ‘su’ kang artose sae atanapi bagus, lan ‘luk’ kang artose cengkok atanapi ornamen lagu.
Teng pedalangan Jawa Kilen, suluk dilambangaken kaliyan waktos nepangaken salah setunggale tokoh wayang dumateng para pemirsa. Minangka contoh, suluke dalang waktos nepangaken Yudhistira ngangge suluk kados teng andap puniki.
Misale :
Sinten bisekaning ratu hing Amarta?
Ajujuluk Prabu Yudhistira, Dharma Kesuma, Dharmaputra, Kontea, Puntedewa, Samiaji, Dharmaji, inggih tunggal
Mula jejuluk Prabu Yudhistira : ratu mustikaning prajurit.
Mila jejuluk Ratu Dhrama Kesuma : ratu kados sekar kesuma, nengsemi rupane, arum gandane.
………….

4) Murwa
Murwa nggih niku wacana kang biasae ditembangaken dening dalang kangge ngawiti cerios atanapi setuggale adegan waktos nglampahaken pakeliran wayang. Wacana punika ngangge basa Jawi Kuna (kawi) keranten saestune dipendet saking bagian pupuh atanapi satunggale pupuh, atanapi wecana kang wonten kekawin atanapi sastra purwa.
Misale :
Sun rep datapitana, teng pundi-pundi ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka namaning sawiji, adi iku linuwih, dasa sepuluh, purwa namaning kawitan. Mula bubukaning carita, tan sanes wonten ing dalem kasatrian Madukara. Adeging Sang Narpati Adipati Arjuna, Dananjaya, Panengah Pandawa, inggih tunggal.
Mungguh kasatrian Madukara kenging kabasakaken panjang apunjung pasir awukir. Panjang namaning dawa, apunjung iku duwur, pasir namaning laut, awukir namaning gunung. Ngantos ndadosaken kasatrian Madukara satungaling nagri kang tata tentrem karta raharja, gemah ripah loh jinawi. Tan kirang satunggaling punapa.
Sang Adipati Arjuna kairing garwane kekalih, Dewi Wara Sumbadra kaliyan Dewi Wara Srikandi, sareng ingkang wonten dateng pangayunane, mboten sanes, ingkang putra Raden Abimanyu, Raden Angkawijaya inggih tungal.
Wayah sumperate mega malang payiose Sang Adipati Arjuna lir lamparkan ceti bedaya srinti manggung. Warni-warni babaktane. Wonten ingkang mbakta payung kuning tunggule naga sepasang, wonten ingkang mbakta pengidon sepasang. Wonten ingkang ngiring kebo bule sepasang, andadosaken paseban panawaka sesek jubel supenuh. Sesek wis ngarani, jubel iku kebek. Lir samudra wutah ing daratan mekaten. Malah sebane kelabu siloka. Silokane sata grana. Sata namaning ayam, grana namaning ulung. Lir kadya ayam ningal ulung. Crek…. ajrih mekaten.

5) Kekawin
Miturut Satjadibrata (1948) kekawin atanapi kekawen nggih niku lagu kang ditembangaken dening dalang sedeng basa kang diangge teng padalisane ngangge basa Kawi. Kekawin ngrupiaken singkatan saking kekawian (tetembangan), puisi (verse) basa Kawi kang biasae ditembangaken dalang waktos ngewontenaken pakeliran wayang (Kamus Umum Basa Sunda : 1976). Sedeng Soepanadi njelasaken yen kekawin punika asale saking kekawihan nggih niku setunggale wangun lagu pasundan kang iramae tandak (ritmis).
Pengertosan umum punika kirang langkunge wonten kesejajaran kaliyan artos kekawin miturut keterangan sanes. Kekawin punika tetembangan kang ngangge basa Jawi Kuna (Kawi) kang disebat sekar. Sekar ngrupiaken pengaruh saking sastra Hindu Kuna. Kekawin biasae ngangge patokan-patokan guru lan lagu. Guru nggih niku unggal tembung kang gadah swanten dawa, sedeng lagu nggih niku vokal kang gadah swanten cendek (Ensiklopedi Indonesia 3, 1982).
Kekawin artose nembang arupi tembang ageng kang biasa diangge teng kitab-kitab Hindu Kuna dumasar syarat-syarat kang alunan iramae angger atanapi mboten kenging robih sekedikipun (Poerbatjaraka lan Tardjan Hadidjaja, 1957).
Misale :
kembang sungsang dina kunang
tineretes ing sosoca
desang linu buni bengkah
salya pinandha mang wira yudha
pejah dening Kalimasada
(Salmun, 1961)

Kembang sungsang kadia kunang
Gotaka rawis wayang
Makuta binokasri tineretes ing sosoca
Mubyar lir parade tinabur
Mancur lir emas sinangling
(Surawisastra, 1982)

Kembang sungsang, gotaka rawis wayang
rap kidap purwa mandra
mandra winulan sasoroting kadya sang Diwangkara
kadya Sangiang Latri
kapajuti gumbira imah-imah
mega ancala sapucuking gunung
Apa selokane ingkang dadi ratu?
apanjang, apunjung, pasir awukir
panjang iku jembar
apunjung iku duwur
pasir iku namaning laut
awukir iku namaning gunung
ratu kaceluk eka, adi, dasa, purwa
eka hartine sawiji, mboten wonten malih ingkang nyasani
adi tegesipun inggih sae ingkang linuwih
dasa artine sepuluh
purwa namaning kawitan
tegese sampun misuwur katah naminipun.
sang nalendra kaceluk ka awun-awun koncara janapria
………………..

6) Nyandra
Istilah nyandra punika selerese sami kaliyan suluk. Para dalang (khususe dalang wayang Sunda) asring nggentos istilah suluk sareng nyandra. Nyandra piyambek artose ndeskripsiaken (njelasaken klawan rinci), (Elan Surawisastra)
Misale :
Kacarios selebeting Kraton Amarta
ingkang jumeneng nalendra
mangkon kaprabon nyakrawati ngabahu denda
kakoncara jenengan Prabu Yudhistira, Dharmaputra, Kontea, Puntadewa, Samiaji, Dharmaji, inggih tunggal.
Yudhistira hartosna mustikang prajurit
Dharma Kesuma hartosna lir kembang lucu rupana
tur seungit manis ngadalingding

Teng basa atanapi sastra Cerbon wonten istilah kang disebat candrane tiyang. Candrane tiyang punika arupi pepindan atanapi metafora kang dipigunakaken setunggale tiyang kangge ndeskripsikaken (nggambaraken kelawan pertela) atanapi ngulas kainanane setungale tiyang. Anadene kang dicandarakaken punika biasae tiyang istri.
Teng andap puniki ngrupiaken candarane tiyang kang biasa inucapaken sedinten-dinten, lumrahe pepindan punika diungkapaken kaliyan pianggean tembung : kados dene, kadya, lir, lir kadya, lan sanes-sanese.
Misale :
Alise kaya dene wulan tumanggal
Atine kaya dene mas patlikur
Batuke lir kadya wulan tanggal patbelase
Tangane kaya dene gondewa pinentang
Lambene kaya dene kepundung abang
Untune kaya dene wijil timun
Tandange lir kadya merak kasimpar
Matane kaya dene dammar kanginan
Kulite lir penda kunir bosok
Cungure kaya bawang sesiung
Rambute andan-andanan lir mayang inurai
Susune kaya dene semanggar waru
Bokonge lir kadya merang segedeng
Wentise kaya pupu walang
Jangguite kaya dene tawon gumantung
Jrijie kaya pucukeng eri
Mlakue kaya macan luwe
Pupue kaya dene pupu walang
Endase, endas maesan

7) Renggan
Renggan ugi grupiaken setunggale tembang kang biasa ditembangaken dening dalang waktos pakeliran wayang. Istilah renggan ditafsiraken saking basa Sansekerta. Renggan asale saking tembung ‘rengga’ kang artose hias (Salmun, 1961) lan (Atik Supanadi, 1978). Istilah renggan asring disebat rerenggan, dwipurwa saking renggan. Katah suluk teng pedalangan Jawi Kilen kang disebat renggan.
Saluyu kaliyan artose, renggan punika ditembangaken dalang kangge nyukani pemanis teng pakeliran wayang. Suasana sepi teng setunggale keprabon biasae diiringi kaliyan renggan kados teng andap puniki.
Misale :
Gedong duwur kari samun
Pagulingan sepi tingtrim
Pepetehan samya murag
Blimbing lan jeruk manis

Aja nangis
Nagisi sing ora anana
Luhira tumiping pipi
Kampuh jingga pinarada

Yen kembang, kembang melati
Aja den buwang aja den larung
Pependeman ng pungkuran
Tandurane wuluh gading
Rebeng-rebeng cinandak
Layang kekiriman
Wis winaca perlambange

Ya ngilo, ya kasmaran
Kasmaran rupa sejati
Perlambang sinungkemi
Pring paesan tunggal
Duh, kasmaran

8) Sloka
Sloka asale saking tembung ‘saloka’, artose sami kaliyan pribasa nanging langkung cendak.
Misale :
a) Sebane kenging kaslokakaken sata grana. Sata namaning sawung, grana namaning wulung. Artose kados sawung ningal ulung, nggih niku ngraos kawedosen.
b) Kawontane atanapi suasanae kenging dislokakaken badra irawan. Badra namaning wulan, irawan namaning mega. Suasanae kados wulan katutup ing mega, artose riyem-riyem mekaten.
c) Tiyang punika saged dislokakaken catur manggala. Catur punika sekawan, manggala punika pengageng, artose kados piageng kang gadah kuwasa ngakimi pinter dados penghulu.
d) Pedamelane kengeng kaslokakaken wulan madangi jagat. Artose pedamelane punika kengelan nagging kangge mupangate tiyang katah.
e) Pangandikane kenging kaslokakaken eka sabda. Eka namaning sawiji, sabda namaning pangandikan, artose pangandikane tiyang tanos kang cecek setunggal, atanapi kang sampun kedadosan mboten bakal kedadosan malih.
f) Tingkahe punika saged dislokakaken maling sandi. Maling punika doyan nyenyolong, sandi punika samar, artose anggene memaling nanging mboten ketara.
g) Pangandikane keng kaslokakaken ngreka wacana. Ngreka puniku nganggit, wecana puniku omongan, artose omongane mboten saged dipercanten.
h) Sabare kenging kaslokakaken ngunjara setan. Ngunjara punika menjara, setan punika nepsu, artose saged ngekang nepsu.
i) Kepotusane saged dislokani nyirna wedana. Nyirna punika ngicalaken, wedana punika tiyang kang gadah, artose kepotusane mboten mbakta mupangat.
j) Payiose kenging kaslokakaken lir ceti bedaya sriti manggung. Ceti bedaya punika ceti kang siweg njoged, sriti manggung punika sriti kang sampun sae mungele, artose warni-warni bebaktane.
k) Negrie kenging kaslokakaken panjang apunjung pasir awukir. Panjang namaning dawa, punjung namaning inggil, pasir namaning segara, awukir namaning gunung, artose negrie wera jembar dikubengi segara lang gunung, ugi tata tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi.
l) Impen punika kenging kaslokakaken dora sembada. Dora namaning bobad, sembada namaning pantes, artose impen punika bobad-bobad pantes.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.