Tuesday, November 30, 2010

Purwakanthi

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Purwakanthi asale saka tembung "purwa" tegese wiwitan lan "kanthi" tegese nggandheng/ nganggo. Purwakanthi tegese nggandheng kang kasebut ing wiwitan, dene kang digandheng iku swarane, utawa aksarane lan bisa uga tetembungane. Panemu liya ngandhakake, purwakanthi yaiku aksara, swara utawa tetembungan kang padha ing sajroning ukara. Ing basa Indonesia diarani bunyi, sajak utawa rima.
Purwakanthi kaperang dadi telu:
a. Purwakanthi guru swara
    Yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasaning tembang.
    Tuladha:
    - Sing jujur bakal mujur, sing cidra bakal cilaka. (padha swara "ur" lan "a")
    - Sing ora cepet, ora bakal ngliwet. (pada swara "et")
b. Purwakanthi guru sastra
    Yaiku puwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben
    wiwitane wanda utawa tetembungane.
    Tuladha:
    - Saben seba saratane slendhang sampur. (padha aksara "s")
    - Kanthong kula kothong kantun kalih ewu. (padha aksara "k")
c. Purwakanthi guru basa utawa lumaksita
    Yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
    Tuladha:
    - Bayem arda, ardane ngrasuk busana. (padha tembunge "arda")
    - Rujak kawis, rujake wong ireng manis. (padha tembunge "rujak")
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.