Jumat, 03 Desember 2010

Dongeng

Jaman biyen para sepuh kuwi pancen pinter dedongeng lan gawe dongeng. Dongeng kang dicritakake ana kang awujud crita kewan, crita wayang, cerita bab-bab sing ana hubungane marang kapercayan, asal-usul sawijining panggonan, lsp.
Crita-crita mau kabeh nduweni kekarepan menehi tetuladhan, pitutur marang para manungsa supaya padha nduweni budi pekerti kang luhur, ora gumedhe, ora kuminter, sing lembah manah, tansah andhap asor lan nduweni tata krama sarta ngajeni mring sasama. Saliyane ngandhut bab pitutur lan budi pakarti, dongeng iku uga ngemu hiburan kang nyenengake minangka panglipur yen ati lagi sedhih, sengkel lan kuciwa.
Cerita dongeng kasebut ing dhuwur bisa kagolongake dadi:
1. Fabel yaiku cerita kang paragane para kewan kang tindak-tanduke
    diupamake kaya dene manungsa kang bisa ngomong.
2. Mithe yaiku dongeng kang ana gegayutane marang bangsa alus, arwahe
    para leluhur, jin, syetan, lsp.
3. Legenda yaiku dongeng kang nyeritakake asal-usul sawijining papan
    panggonan.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...