Saturday, December 4, 2010

Maneka Ukara

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Adhedhasar warna-warnane, ukara iku bisa kaperang dadi lima yaiku:
1. Ukara Carita
    Yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang
    wong liya.
    Tuladha:
    a. Minggu sesuk Bapak arep tindak menyang Purwokerto.
    b. Nalika kelas VII kula plesiran dhateng Jakarta kaliyan kanca-kanca
        sakelas.
2. Ukara Pakon
    Yaiku ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake bab
    utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing kongkon.
    Tuladha:
    a. Dhik, tulung tutupna jendhela!
    b. Kelas sapunana supaya resik!
3. Ukara Pitakon
    Yaiku ukara kang isine awujud pitakon.
    Tuladha:
    a. Pak Guru Basa Jawa sing anyar kae asmane sapa ya?
    b. Kadospundi menawi Panjenengan tindak sapunika kemawon?
4. Ukara Sambawa
    Yaiku ukara kang isine pangarep-arep, saupama utawa sanadyan.
    Limrahe nganggo tembung-tembung imbuhan -a utawa -ana.
    Tuladha:
    a. Mas Joko tekaa saiki, aku wis kangen.
    b. Diwenehana klambi apik ya ora tau dienggo.
5. Ukara Sananta
    Yaiku ukarang kang isine niyat, sedya utawa karep.
    a. Sesuk awan arep-arep nggolek degan ijo nenem cacahe.
    b. Supaya munggah sekolah aku kudu sregep sinau.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.