Monday, December 6, 2010

Panambang

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku imbuhan sing dumunung ing buri tembung. Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang ana ing sisih kiwane (serangkai) lan ora kena kapisah. Panambang ing basa Jawa kayata –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, lan –ake.

1. Panambang –i
Panambang –i kang sumambung ing tembung lingga kang pungkasane vokal bakal malih dadi –ni. Ananging yen sing kagandheng kuwi tembung lingga kang wasanane awujud konsonan, panambang –i ajeg utawa ora ana owah-owahan apa-apa.
Tuladha:


Lara      + -i   à larai          à larani
Tamba  + -i    à tambai     à tambani
Pati       + -i   à patii          à pateni
Bali       + -i   à balii          à baleni
Tuku      + -i   à tukui        à tukoni

Antem  + -i       à antemi
Gebug  + -i       à gebugi
Jotos    + -i       à jotosi
Jiwit     + -i       à jiwiti
Tutup   + -i       à tutupi


2. Panambang –a
Panambang –a bisa sumambung ing tembung kang wasanane vokal utawa konsonan. Tembung kang diwuwuhi panambang –a, ing panulisan ora ana owah-owahan. Ananging Manawa panambang –a sumambung ing tembung kang wekasane awujud vokal, panambang –a malih dadi ya utawa wa. Sanadyan mangkono, swara y lan w kang muncul ing tembung mau ora perlu katulis.
Tuladha:


Tangi     + -a        à tangia
Bali        + -a        à balia
Biru        + -a        à birua

Gelem    + -a        à gelema
Takon    + -a        à takona
Arep      + -a        à arepa 


3. Panambang –e (ipun)
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal lan dipanambangi –e, panambang –e bakal malih dadi –ne. ananging tembung lingga kang wekasane awujud konsonan lan dipanambangi –e, panulise ajeg ora ngalami owah-owahan apa-apa.


Dara       + -e     à darae     à darane
Pari        + -e      à parie     à parine
Tahu      + -e      à tahue     à tahune
Sate       + -e      à satee     à sateen
Kebo     + -e      à keboe   à kebone

Joged    + -e     à jogede
Pacul     + -e     à pacule
Wajik     + -e    à wajike
Ilang      + -e     à ilange
Siwur     + -e     à siwure


4. Panambang –en
Panambang –en bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane vokal utawa konsonan.
Tuladha:
Suduk   + -en     à suduken                Tutup    + -en     à tutupen
Cuwil    + -en     à cuwilen                 Jawil      + -en     à jawilen

5.Panambang –an
Panambang –an bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane vokal utawa konsonan.
Tuladha:
Joged    + -an      à jogedan               jaran      + -an      à jaranan
Lemes   + -an      à lemesan               pacul     + -an      à paculan

6. Panambang –na
Panambang –na yen sumambung ing tembung lingga kang awasana konsonan, panambang –na ora owah. Ananging yen tembung lingga kang wekasane awujud vokal lan kawuwuhi panambang –na, panambang –na malih dadi –kna.
Tuladha:
Lungguh      + -na      à lungguhna       jupuk    + -na      à jupukna
Jiwit            + -na      à jiwitna            ulung     + -na      àulungna
Kandha       + -na      à kandhana      à kandhakna
Sewa          + -na      à sewana          à sewakna
Turu           + -na      à turuna            à turokna
Gedhe        + -na      à gedhena        à gedhekna

7. Panambang –ana
Yen tembung lingga kang wekasane awujud vokal utawa wanda menga lan tembung iku kawuwuhi panambang –ana, panambang –ana malih dadi –nana. Ananging yen tembung lingga kasebut pungkasane awujud konsonan utawa wanda sigeg lan tembung iku kawuwuhi panambang –ana, panambang –ana ora owah.
Tuladha:
Kandha    + -ana   à kandhaana    à kandhanana
Kanca      + -ana   à kancanana    à kancanana
Tali          + -ana   à taliana           à talinana
Isi            + -ana   à isiana            à isinana
Tuku       + -ana   àtukuana          à tukunana
Raup       + -ana   à raupana
Adus       + -ana   à adusana
Wisuh     + -ana   à wisuhana
Tinggal    + -ana   à tinggalana
Tulung     + -ana   à tulungana

8. Panambang –ane
Panambang –ane bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane awujud vokal utawa konsonan. Tembung lingga awasana vokal yen kawuwuhi panambang –ane, panambang –ane malih dadi –nane. Ananging yen ana tembung lingga kang wekasane konsonan diwuwuhi panambang –ane, panambang –ane ora ana owah-owahan.
Tuladha:
Tamba   + -ane   à tambaane       à tambanana
Sapu      + -ane   à sapuane         à saponana
Kendho  + -ane   à kendhoane    à kendhonane
Gebug    + -ane   à gebugane
Keplak   + -ane   à keplakane
Tulis       + -ane   à tulisane

9. Panambang –ake (-aken)
 Panambang –ake ing basa karma malih dadi –aken. Tembung lingga kang awujud vokal lan dipanambangi –ake bakal malih dadi –kake. Ananging tembung lingga kang wekasane awujud konsonan lan dipanambangi –ake, panulise ajeg ora ngalami owah-owahan apa-apa.
Tuladha:
Kendho    + -ake   à kendhoake    à kendhokake
Gawa       + -ake   à gawaake        à gawakake
Turu         + -ake   à turuake          à turokake
Utang       + -ake   à utangake
Keplak     + -ake   à keplakake
Tulis         + -ake   à tulisake          
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.