Tuesday, February 15, 2011

Persiapan Ulangan Tengah Semester II ( 2010 - 2011 )

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Latihan Persiapan Ulangan Tengah Semester II Tahun 2010 – 2011
Mata Pelajaran Bahasa Daerah Kelas V (lima)
I.Pilihen jawaban sing bener!

1.Sing ora kalebu ater-ater tripurusa yaiku ... .
a.dak               b.ko                 c.am                d.di

2.Puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan diarani ... .
a.prosa            b.karangan      c.pepindan      d.geguritan

3.Bapak karo ibu lunga menyang Jakarta.
Ukara ing ndhuwur basa krama inggile ... .
a.Bapak kaliyan ibu tindak dhateng Jakarta
b.Bapak kaliyan ibu kesah menyang Jakarta
c.Bapak karo ibu tindak dhateng Jakarta
d.Bapak kaliyan ibu rawuh dhateng Jakarta

4.Pambarepe Pandhawa jenenge ... .
a.Werkudara   b.Bima             c.Yudistira       d.Sadewa

5.Pandhawa iku ana ing lakon ... .
a.Ramayana    b.Anoman        c.Mahabarata             d.Tripana

6.Wedhuse Parto wernane ireng tur lemu.
Ukara ing ndhuwur basa kramane ... .
a.Wedhuse Parto wernanipun cemeng tur ireng
b.Mendane Parto werninipun cemeng tur ireng
c.Mendane Parto werninipun ireng tur lemu
d.Wedhuse Parto wernane cemeng tur ireng

7.Pak Saleh mirsani sabinipun ing kilen desa.
Ukara ing ndhuwur basa ngokone ... .
a.Pak Saleh ndhelok sabinipun ing kilen desa
b.Pak Saleh ndelok sawahe ing kulon desa
c.Pak Saleh mirsani sawahe ing kulon desa
d.Pak Saleh mirsani sabinipun ing kulon desa

8.Unen-unen saemper pepindan kang surasane mawa tetandhingan, sarta ngemu teges mirip utawa memper, diarani ... .
a.panyandra    b.saroja           c.camboran     d.pepindan

9.Cara netesake meri ing desa kasebut ... .
a.mesin           b.modern        c.mekanik        d.tradisional

10.Tlaga Sarangan iku uga diarani ... .
a.Tlaga Watu  b.Tlaga Panas  c.Tlaga Pasir   d.Tlaga Rame

11.Perangane surat iku ana ... .
a.7                   b.8                   9.9                   d.10

12.Buku PR Basa Jawamu dhek wingi (silih) sapa?
Tembung njero kurung benere ... .
a.kosilih           b.daksilih         c.silihi              d.disilih

13.Bocah iku alise ... .
a.nanggal sapisan       b.ngudhup turi            c.miji timun                 d.mblarak sempal

14.Simbah lara untu.
Tembung untu krama inggile ... .
a.untu              b.waja             c.racikan         d.asta


                                                                        Surabaya, 5 Juli 2001
Salamku kanggo kanca-kancaku kelas 5
SDN Sukarame Kediri
Ing Kediri
Kanthi layang iki, aku menehi kabar manawa aku ing Surabaya tansah rahayu slamet.
Kejaba saka iku, perlu dakkabarake manawa aku lagi wae nampa rapot lan saiki liburan.Apa ing kene kanca-kanca ya padha rapotan?Muga-muga ing rapotan semester iki kanca kabeh padha nggayuh kasil sing apik lan bisa gawe bombonge wong tuwa.
Wusana, cukup semene wae, liya dina dakkirim layang maneh.
Saka Kancamu,

Bagus Kurniawan
15.Surabaya, 5 Juli 2005
Perangane layang ing ndhuwur diarani ... .
a.adangiyah    b.papan lan titimangsa           c.pambuka      d.panutup

16.Saka kancamu
Perangane layang ing ndhuwur diarani ... .
a.adangiyah    b.panutup        c.asma pengirim         d.peprenahan

17.Bagus Kurniawan
Perangane layang ing ndhuwur diarani ... .
a.adangiyah    b.panutup        c.asma pengirim         d.peprenahan

18.Wong asor nanging sugih kapinteran paribasane ... .
a.bathok bolu isi madu           c.sapi nusu gudel
b.nabok nyilih tangan             d.adigang,adigung, adiguna

19.Asri pancen ayu, pipine ... .
a.ngudhup turi       b.nanggal sapisan      c.nyela cendani        d.ndhuren sajuring

20.Bu Lilik kondur ngasta oleh-oleh.
Tembung ngasta ngokone ... .
a.mbekta         b.nggawa        c.mbeta           d.nyangking

II.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Bangkekane wong wadon kuwi ... .
2.Parto putranipun tiyang ingkang boten gadhah.
Ukara ing ndhuwur basa ngokone ... .
3.Sing miji timun iku ... .
4.Cacahe wanda saben sagatra diarani ... .
5.Dhandhanggula iku kalebu tembang ... .
6.Tembung nulis asale saka tembung lingga ... oleh ater-ater ... .
7.Ater-ater anuswara cacahe ana papat yaiku ... .
8.Wusana, cukup semene wae, liya dina dakkirim layang maneh.
Perangane layang ing ndhuwur diarani ... .
9.Salamku kanggo kanca-kanca.
Perangane layang ing ndhuwur diarani ... .
10.Sapa mbakar sate kae?
Tembung mbakar, yen ditulis aksara Jawa dadi ... .
11.Yen ngguyu, Anton tambah bagus jalaran lambene ... .
12.Tembung mbalang asale saka tembung lingga ... oleh ater-ater ....
13.Saiki aku (garap) PR Basa Jawa dhisik.
Tembung garap benere ... .
14.Wayahe wis wengi, wong-wong padha budhal turu.
Ukara ing ndhuwur basa kramane ... .
15.Pandhawa iku sedulur ipene ... .




sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.