Wednesday, July 27, 2011

Soal Bahasa Daerah

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
LATIHAN PERSIAPAN ULANGAN HARIAN 1 SEMESTER I
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH
KELAS IV
                           TAHUN PELAJARAN 2011 - 2012        

A.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1. Rabuk guano iku saka … .

2. Pesisir Watu Ulo iku memper karo … .

3. Andi kelas papat. Bu Guru maringi tugas PR marang Andi. Andi ora gelem nggarap tugas amarga Andi diajak kancane dolanan.
Tanggapanmu : ……………….

4. Mulih sekolah Bimo weruh sawijine simbah arep nyabrang. Simbah mau wedi nyabrang dhewe. Bimo marani simbah maul an mbiyantu nyabrangake.
Tanggapanmu :  …………………..

5. Pesisir Watu Ulo iku dununge ing kecamatan … kabupaten … .

6. Ibu tuku beras. Ukara iku kramane … .

7. Bapak mangan sega pecel. Ukara iku kramane … .

8. Pak Diro sampun sare. Ukara iku ngoko lugune … .

9. Simbah ngendika yen arep tindak. Ukara iku ngoko lugune … .

10. Ibu lagi nonton ketoprak ing TV. Tembung nonton kramane … .

11. Bapak lunga menyang Malang dhek wingi. Tembung lunga kramane … .

12. Pak Guru ngandhani murid-murid supaya sregep sinau. Tembung ngandhani kramane … .

13. Simbag ngunjuk kopi. Tembung ngunjuk krama lugune … .

14. Mas Jarwa mucal Basa Jawa. Tembung mucal krama lugune … 

15. Tembung camboran yaiku … .

16. Tanggung jawab, pamong praga kalebu tembung camboran … .

17. Bangjo asale saka … lan … .

18. Lunglit asale saka … lan … .

19. Bangjo, lunglit, dhewur kalebu tembung camboran … .

20. Kapan Bapak tindak kantor? Ukara iku kalebu ukara … .

21. Siti nulis surat kanggo ibune. Ukara iku kalebu ukara … .

22. Tembung”gajah” yen ditulis aksara Jawa dadi … .

23. Sandhangan panyigeg iku ana … .

24. Layar, wujude … /…= panyigeg … .

25. Ukara kang isine wujud pitakonan diarani ukara … .

B. Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!

1. sawo mateng
2. tanggung jawab
3. lunglit
4. pakdhe
5. madu mangsa

C. Gawea ukara pitakon 3 wae!

1. ……………………….
2. ………………………..
3. ………………………..

D. Gawea ukara andharan 2 wae!

1. ………………………….
2. …………………………


KUNCI JAWABAN LATIHAN PERSIAPAN ULANGAN HARIAN 1 SEMESTER I ( 11-12 )
KELAS IV

A.Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1. teleke lawa                                                                                              
2. pesisir Sanur lan pesisir Kuta
3. Andi ora becik amarga Andi males
4. Tindake Bimo apik amarga Bimo duwe watak welas asih
5. Ambulu, Jember
6. Ibu mundhut uwos
7. Bapak dhahae sekul pecel
8. Pak Diro wis turu
9. Simbah kandha yen arep lunga
10. mriksani
11. tindak
12. ndhawuhi
13. ngombe
14. mulang
15. tembung loro utawa luwih sing dienggo bebarengan lan nduweni teges siji.
16. wutuh
17. abang lan ijo
18. balung lan kulit
19. wancahan/ tugel
20. pitakon
21. andharan
22. ….
23. 4
24. r
25. pitakon

B. Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!

1. Mbak Tari pakulitane sawo mateng.
2. Dadi murid kudu nduweni tanggung jawab sing apik.
3. Amarga mari lara, awake dadi lunglit.
4. Sing ngagem bathik iku Pakdhe ne sapa?
5. Aku seneng banget mangan jajan madu mangsa.

C. Gawea ukara pitakon 3 wae!

1. Kapan kowe teka Jakarta?
2. Pesisir Sanur iku ana ing ngendi?
3. Apa kang kudu dilakoni yen ngadhepi prahara?

D. Gawea ukara andharan 2 wae!

1. Bapak kaliyan Ibu tindak Solo.
2. Bu Guru lagi nerangaku nulis Jawa.







LATIHAN PERSIAPAN ULANGAN HARIAN 1 SEMESTER I
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH
KELAS V
                           TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012

A.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1. Geguritan yaiku … .

2. Tuladane tembung pitakon yaiku … .

3. Ukara sing isine bab pitakonan diarani … .

4. Dhek dina Minggu Bapak mundhut buku ing Surabaya. Ukara iku lesane … .

5. … carane flu burung nular marang manungsa? Tembung pitakon sing mathuk yaiku … .

6. … sing kudu waspada kanthi anane wabah flu burung?

7. Sing kudu ngisi kamardikan yaiku … .

 8. Pakdhe mbabati suket kareben resik. Ukara iku katrangane ... .


9. Pasangan “la” wujude … .

10. Pasangan “ka” wujude … .

11. Bu Marto blanja lawuhan ing pasar. Ukara iku jejere … .

12. Pak Lurah ngundang rapat dhek wingi. Ukara iku wasesane … .

13. Paribasan yaiku … .

14. Abang-abang lambe tegese … .

15. Bodho utawa pinter bias kapusan, paribasane … .

16. Tembang macapat uga diarani … .

17. Guru lagu yaiku … .


18. Bapak pucung, tingkahmu agawe bingung
      Anak mbok idaki
      Simboke sira elusi
      Coba kanca batangan cangkriman kula
Tembang ing nduwur guru gatrane ana… , guru wilangane …, guru lagune … .

19. Ibu nggawa tas. Ukara iku ngoko aluse … .

20. Cacahe wanda  utawa kecap ing saben gatra utawa larik diarani … .

21. Cacahe gatra utawa larik ing saben pada utawa bait diarani … .

22. Cacahe tembang macapat ana ... .


23. Sapa salah bakal seleh tegese … .

24. Mas Arif nitih sepedhah motor neng kantor. Tembung nitih ngoko lugune … .

25. Mburu barang sepele malah kelangan barang gedhe, paribasane … .

B. Terusna paribasan ing ngisor iki!

1. Adigang, …, …
2. Nguthik-nguthik macan … .
3. Ana catur … .
4. Bondhan tanpa … .
5. Abang-abang … .

C. Gawea ukara kang dumadi saka :

1. J-W-K
2. J-W-L-K
3. K-J-W
4. K-J-W-L-K
5. J-W-K



KUNCI JAWABAN LATIHAN PERSIAPAN ULANGAN HARIAN 1 SEMESTER I ( 11-12 )
KELAS V

A.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1. puisi gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan.
2. sapa, apa, ing ngendi, kapan, pira, kepriye
3. ukara pitakon
4. buku
5. Kepriye
6. Sapa
7. kabeh wong
8. kareben resik
9. …
10. …
11. Bu Marto
12. ngundang
13. unen-unen kang ajeg pangganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan
14. guneme mung lamis
15. busuk ketekuk, pinter keblinger
16. tembang cilik
17. dhong-dhinging swara kang manggon ing saben pungkasane gatra utawa larik.
18. 4, (12, 6, 8, 12 ), (u, i, I, a )
19. Ibu mbeta tas.
20. guru wilangan
21. guru gatra
22. 11
23. sapa tumindak salah bakal konangan
24. numpak
25. mburu uceng kelangan deleg

B. Terusna paribasan ing ngisor iki!

1. adigung, adiguna
2. dhedhe
3. mungkur
4. ratu
5. lambe

C. Gawea ukara dumadi saka :

1. Parto renang ing kali.
2. Bapak lan Ibu maos Koran ing ruang tengah.
3. Dhek wingi Arman lara.
4. Mau esuk adhik sarapan sega kuning kari mbak Tari.
5. Pakdhe Karman tindak Solo.




sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.