sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, December 1, 2011
Latihan Uas Semester I kelas 5 tahun 2011-2012
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
BELAJAR YUK UNTUK UAS SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012
Mata Pelajaran : Bahasa Daerah
Kelas : 5 ( Lima )
I.Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap soal sangisore!
Bu Drajat : Pak ngendikane saiki ngajak reresik omah.
Pak Drajat : Ya ko sik ta Bu, sarapane wis mateng apa during?
Bu Drajat : Wis Pak, ayo bareng-bareng sarapan.
Pak Drajat :Lha Palupi ana ngendi?
Palupi : Dalem wonten ngriki Pak, taksih nata buku.
Bu Drajat : Wis, ndang ditinggal sarapan dhisik, mengko bareng-bareng kerja bakti ngresiki
omah.
Palupi : Inggih Bu, mumpung sakpunika dinten Minggu.
Pak Drajat : Mangan yen bareng-bareng mangkene iki rak krasa enak, najan ora nganggo
iwak. Iya ta?
Bu Drajat : Bapak iki lho, yen ngendikan. Jare kudu urip sing prasaja.
Palupi : Bapak kaliyan ibu punika menawi ngendikan kados ngendikanipun Bu Sri. Bu
Guru ngendikan menawi tiyang gesang punika becikipun ingkang prasaja
kemawon.
Pak Drajat : Marga mangane wis mari kabeh, mula aku arep ngedhum pegawean. Palupi
nutukna nata buku, nata Koran, lan majalah.
Pak Drajat : Aku dak ngresiki jedhing lan WC ne pisan.
Bu Drajat : Inggih sampun. Mangga bareng nyambut gawe.
Isenana wangsulan ing ngisor iki manut pacelathon ing dhuwur!
1.Sing tugas ngresiki jedhing yaiku … .
2.Putrane Pak Drajat lan Bu Drajat jenenge … .
3.Irak-irahan pacelathon ing ndhuwur sing mathuk yaiku … .
4.Tugase Palupi yaiku … .
5.Pak Drajat kerja bakti ing dina … .
II.Pilihen jawaban sing mathuk!
1.Bapak lan ibu pinarak wonten teras ngajeng.
Ukara iku jejere … .
a.bapak b.bapak lan ibu c.pinarak d.ing teras
2.Jenang gula mas, welingku aja … .
a.guna b.lali c.bali d.neges
3.Pasangan sing manggon ing samping huruf sing mati yaiku … .
a.ka, ta, la b.ha, sa, pa c, ya, ra, ga d.ka, sa, ya
4.Guneme mung lamis, paribasane … .
a.sapa salah seleh c.bidung api rowang
b.abang-abang lambe d.bondhan tanpa ratu
5.Dita ora mlebu sekolah amarga lara weteng. Ukara pitakon sing bener … .
a.Apa Dita ora mlebu sekolah? c.Kapan Dita ora sekolah?
b.Pira Dita ora mlebu sekolah d.Kenapa Dita ora mlebu sekolah?
6…. Sing dadi juara nyanyi? Tembung pitakon sing bener … .
a.Apa b.Sapa c.Kapan d.Kepriye
7.Ukara sing ndhuweni pola J – W – K.Panggonan yaiku … .
a.Bapak tindak Solo c.Ibu masak sayur ing pawon
b.Karman tangi esuk d.Eyang gerah waja
8.Bapak maca Koran. Ukara iku kramane … .
a.Bapak mundhur koran c.Bapak sare Koran
b.Bapak maos koran d.Bapak dhahar Koran
9.Karjo iku omongane mencla-mencle. Parjo diarani … .
a.lunyu ilate b.udan tangis c.gedhe endhase d.rai gedheg
10.Bapak dhahar pelem. Ukara iku wasesane …
a.Bapak b.dhahar c.pelem d.bapak dhahar
11.Sing kalebu ukara tanduk yaiku … .
a.Suratmu wis dak waca c.PRmu wis kokgarap?
b.Mas Tejo ngresiki kamar d.Kembang disiram Marni
12.Budi lara weteng, eyang … waja.
a.lara b.sakit c.gerah d.siram
13.Aku ditimbali Pak Guru. Ditimbali ngokone … .
a.dipanggil b.digoleki c.didelok d.diceluk
14.Bocah kok landhep dhengkul. Tembung landhep dhengkul tegese … .
a.pinter b.pinter banget c.ora pinter d.males
15.Bukaken lawang ngarep iku! Ukara iku kalebu … .
a.pakon b.pitakon c.andharan d.entar
16.Sing kalebu ukara tanggap yaiku … .
a.Aku nyapu latar c.Bapak ndhadani sepeda
b.Marni nggoreng iwak d.Roti iku wis dakpangan
17.Aku tuku sega goreng, ibu … wos.
a.tumbas b.gerah c.tuku d.mundhut
18.Unen-unen sing ngemu teges bedhekan diarani … .
a.pepindan b.paribasan c.parikan d.wangsalan
19…. kabare kanca-kanca ing Surabaya? Tembung pitakon sing mathuk yaiku … .
a.Apa b.Kapan c.Sapa d.Kepriye
20.Ranto pancen bocah …, bola bali njupuk barange kancane.
a.dawa tangane c.landhep dhengkul c.rai gedheg d.sabar
III.Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1.Thingak-thinguk kaya … .
2.Kowe arep menyang ngendi? Ukara iku kramane … .
3.Jam pitu esuk aku budhal sekolah. Ukara iku kalebu ukara … .
4.Parikan iku lumrahe tinemu ing … .
5.Parikan Cak Durasim nalika jaman Jepang unine … .
6.Polahe kaya … .
7.Pasangan sing manggon ing sangisore huruf mati, sikil mburi ilang yaiku pasangan … .
8.Abang-abang, ora legi
wani nantang, ora wani
Parikan iku manut pedhotane wanda kagolong … .
9.Bathok bolu isi madu tegese … .
10.Klambimu wingi wis dakumbah. Ukara tanduke … .
11. Jam pitu esuk aku sarapan sega goreng. Ukara iku lesane … .
12.Aku diparingi sangu ibu Rp 5.000,00. Ukara pitakone … .
13.Ater-ater tripurusa yaiku …, …, lan … .
14.Bapak nitik motor tindak kantor, aku … menyang sekolah.
15…. carane dadi bocah pinter? Tembung pitakon sing mathuk … .
16.Ing palayatan akeh …. .
17. Alvin lan Vian iku sedulur, nanging bedane … .
18.Ngrokok cendhak, yen ngomong seneng … .
19.Kembang suruh, dadi bocah aja seneng … .
20.Wingi sore Rahman nggarap PR. Ukara iku ndhuweni pola …
IV. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1.Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a.sayuk rukun b.lega lila c.kepriye d.tutupen
2.Bapak tuku rokok ing Toko Murah. Ukara iku kramane … .
3.Ukara-ukara iki owahana dadi ukara tanggap!
a.Pak Guru ndhukani Arman amarga nakal.
b.Bu Emi mucal Basa Jawa ing kelas 5.
4.Ukara-ukara iki owahana dadi ukara tanduk!
a.PR Basa Jawa wis dakgarap.
b.Sepedhahe adhik sing wis rusak didhandhani bapak.
5.Gawea paragraph kanthi irah-irahan”Kerja Bakti”
CATATAN: Sengaja tidak ada kunci, apabila menemukan soal yang sulit bisa ditanyakan. Selamat belajar! Sukses untuk kalian semua.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Soal B.Daerah
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.