Saturday, November 5, 2011

UJUBING TUMPENG ROBYONG

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

UJUBING TUMPENG ROBYONG


Paripurnaning penganten kapanggihaken punika wonten acara ujubing tumpeng robyong,
Sasampunipun ponang penganten kepanggihaken kang ingayap sanak kadang mitra karuh, ingkang sarwa-sarwi busananipun, acanthi ngampil upacaraning penganten dhaup; kang wenang sinebut kembar mayang kayu krepudewa ndaru, gedhang mas, pupus cindhe, wit sanadyan namung mawujud janur kuning miwah ron-ronan ingkang tinata kirang mingsra, nanging rikala widadara-widadari sampun kapuja miwah kapuji ingkang kawogan. Saha tetembungan kembar mayang kayu krepu dewa ndaru, gedhang mas pupus cindhe, mawa pralampita. Ingkang tegesipun kembar mayang: tempuking katresnan jati, kayu krepu: pangoyaming katresnan, dewa ndaru: cloroting katresnan jati, pupus cindhe: luruhing katresnan linambaran alusing solah tingkah (bilih sapunika ingkang sinebat jantung hati).

Mila awit saking kalising sambekala, bapak …… sakulawarga ngambali atur ngaturaken genging panuwun, dene para rawuh sami anggenipun njumenengi ngantos titi wancining dhaup.
Dene Bapak …… agrakit tumpeng robyong kang dumadi saking maneka warnining wulu wetuning ibu pertiwi (bumi):
    1. Minangka pratandha ngaturaken genging panuwun dhumateng Hyang Maha Suci, awit saking nugraha kalising sambekala anggenipun ndhapukaken putra kekalih wiwit lekas ngantos pungkas.
    2. Ngluhuraken Dewaning katresnan jati, inggih Sang Kamajaya, Sang kamaratih ingkang kawongan dados dutaning katresnan jati. Mila sadaya wau dipun luhuraken Hyang Maha Suci paringa nugraha, Sang Triratna paring pangayoman, Sang Kamajaya, Sang kamaratih anjumbuhna katresnan jati, tinebihna sambekala, cinakci ing karaharjan, widada tuwin paripurna.
    3. Dumadining tumpeng robyong sampun run-tumurun mbalung sungsum kangge upacaraning penganten dhaup. Saha mawa pralampita.

Robyong:    Tegesipun ponang penganten rinobyonh-robyong ing busana, rinubung rubung sanak kadang mitra karuh ingkang samya anjumenengi, Kalamangsanipun dipun ujubaken dumadi saking jagung kawak, wi kawak, tuwin sanes-sanesipun. Sadaya sarawa kawak wau mengku gegayuhan handayani dhateng penganten kekalih. Awit dayaning nugraha, pangayoman, jumbuhing katresnan, pangestuning para sepuh, penganten kalih wau ngantos ndungkap kaki-kaki nini-nini.

Wusana paripurnangign atur, bilih wonten kisruhing atur mawantu-wantu kawula nyuwun gunging pangaksami. Yogya, Yogya, Yogya.Mligi dhateng titah Buddha sumangga kapungkasan mawi puja-puji madya: Wandana, Trisarana, Metha Bawana (Catur mantra).
Katerangan:
            Ujub punika kangge tempuking penganten ingkang dipun agengaken. Dene bilih boten, inggih namung kapendhet saperlunipun.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.