Friday, December 23, 2011

Atur-Atur adat Jawa

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Mc acara Pengajian

Assalamuallaikum. Wr. Wb.
      Muqaddimah….(alhamdulillahh,, alhamdulillahirobil alamin, wasolatuasala,, dst)
     Dhumateng ngarsanipun para ngalim para ngulama alladzinahum warosatul anbiya wabil akhos panjenenganipun Bpk. KH. M. Wasit Achadi, M.Ag selaku pengasuh PNH ingkang tansah kula antuk-antuk fatwa saha barokah ngilmunipun. Dhumateng….ingkang dhahat kinurmatan.
Ingkang sepindhah mangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kanikmatan, taufik saha hidayahipun sahingga kula lan panjengan sedaya saget kempal wonten majlis punika kanthi widada rahayu boten mangge ing rubita. Mangga sareng-sareng kula panjengan sedaya ikraraken biqaullina (alkhamdulillahirobbil ‘alamin).
Kaping kalihipun, sholawat lan salam mugi tansah konjuk wonten ngayunan dalem nabiyullah nabi Muhammad SAW. Setunggale nabi ingkang sampun janjiaken dhumateng umatipun badhe maringi syafa’at. Lan mugi-mugi kula lan panjengan sedaya saestu dados umatipun ingkang pikantuk syafa’at benjang ing yaumil qiyamah. Amin
     Sagunging para pilenggah kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan
Keparenga kula wonten mriki sakwetawis sumelo atur wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu mundhi dhawuh saking panjenenganipun Bpk…….supados andhereaken menggah titirakiting adicara….(pengaosan rutin ahad kliwon) enjang punika. Ananging sakderengipun kula matur mbok bilih ing sakmangke saking kula pribadhi wonten tindhak tanduking lampah ingkang kirang trapsila wonten penggalih panjengan sedaya saestu kula nyuwun sih samudra pangarsami.
     Sagunging para pilenggah kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan
Ngengingi wedal sampun sakwetawis siang pramila tununtun badhe maosaken menggah runtuting adicara ingkang sampun rinakit lan rinancang kados mekaten :
1. Ingkang sepindah inggih punika waosan ayat suci alquran
2. Ingkang kaping kalih inggih punika waosan sholawat nabi
3. Katerasaken adhicara ingkang angka tiga inggih punika ….
4. Adhicara ingkang kaping sekawan inggih punika…
5. …..
6. ….
7. Adhicara ingkang kaping pitu inggih punika maungidhotul khasanah
8. Lan insya allah adhicara ing siang punika badhedipun pungkasi kanthi waosan doa. Mekaten runtuting  adicara ingkang badhe kalampahaken wonten ing pengaosan punika…
     Sagunging para pilenggah kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan
Kagem amuwarkani adhicara-adhicara ing siang punika, pramila mangga panjenengan sedaya kula dhereaken maos umul kitab
Alfatikhah….

Kita aturaken agunging panyuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa maosaken umul kitab, mugi-mugi kanthi wasilah waosan kala nembe saget andadosaken lancer ipun adhicara ing siang punika. Amin

     Sagunging para pilenggah kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan

• Ndhungkap adhicara ing saklajengipun inggih punika waosan ayat suci alquran ingkang badhe dipun asta/kasarirani sedherek/ust……
 Dhumateng sedherek/ust./panjenenganipun…… kasumanggahaken.
 Atur agungging panyuwun dhumateng panjenganipun …. Ingkang sampun kersa maosaken ayat suci al quran, mugi-mugi (kanthi wasilah ayat punika kula lan panjengan sedaya saget aningkataken iman saha taqwa dhateng allah swt.)

 ……………

• ……………..
 ……………..
 ……………..
Lan sakterasipun…..
     Mekaten adhicara-adhicara wonten ing siang punika, kula selaku pranata adhicara mbok bilih kathah klinta-klintu aturipun kula nyuwun agunging pangapunten
Waakhiron,
Wassalamuallaikum. Wr. Wb.
NB.
• Istirahat (dhumateng kadang anem kula aturi ngayahi kewajibanipun)
• Mempersilahkan makan, minum (dhumateng para pilenggah ingkang sampun pikantuk nyamikan , dhaharan saha unjukan kula aturaken dipun rahabi kanthi sekecohing penggalih)
• Acara mulai lagi (Dhumateng para pilenggah kakung saha putri ingkang dhat kinurmatan, boten ateges ngirangi kamardikan panjenengan, acara badhe dipun lajengaken)
#######Ust. Aminudin&Ust. Muh Nurul Huda,S.Pd.########


TATA CARA SILATURROHIM
Assalamuallaikum. Wr. Wb.
Keparengo kula matur sepindah silaturrokhim , kaping kalih kula nyuwun agunging pangapunten mbok bilih anggen kula matur kathah lepat dhateng panjenengan, kaping tiganipun kula tampi amanat saking Bpk. Muh Nurul Huda,S.Pd ken nyaosaken/nganteraken undangan punika.


TATA CARA MEMINANG
Assalamuallaikum. Wr. Wb.
Keparengo kula matur sepindah silaturrokhim , kaping kalih kula nyuwun agunging pangapunten mbok bilih anggen kula matur kathah lepat dhateng panjenengan, kaping tiga nipun sampun dados hakul adam bilih manungsa punika gadhah raos remen kados Adam lan Hawa. Pramila kula mriki nggadhai teges inggih punika gandheng kula remen dhateng putri panjenengan kula nyuwun restunipun supados saget nggadahi hubungan kaliyan/meminang Andriani aman santoso. Mekaten


TATACARA MEMPERSILAHKAN
Dhumateng para rawuh, dene nyamikan saha unjukan sampon samudyo kula aturaken dipun rahabi kanthi sekecohing penggalih.


DAFTAR PUSTAKA
Huda, Nurul.2011.Pranata Cara Al-Huda.Kebumen:Putra Huva Mandiri.
PP. Nurul Hidayah. Purworejo, 2009
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.