Friday, January 13, 2012

Asal-usule Kabupaten Kebumen

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info



Miturut critane, biyen Kabupaten Kebumen jenenge Panjer. Kebumen isih duwe sesambungan apik lan kuwat karo keraton Mataram. Panguwasa Panjer jaman kuwi yaiku Ki Kertawangsa, gelare Temenggung Kolopaking.


Kolopaking setya banget marang Sultan Agung, panguwasa Mataram. Sawise Sultan Agung mati banjur disulihi karo Sultan Amangkurat I. Nalika kuwi dadi akeh kadadeyan sing nglibatake kabeh krabat keraton. Pangeran Bumidirjo, pamane aweh wejangan supaya yen ana prekara sing wigati kudu diungkuli kanthi musyawarah, nanging kuwi kabeh disepelekake. Banjur Pangeran Bumidirjo mutusake lunga neng Mataram karo ditutake Jagusara menyang tlatah Bagelan sisih kulon lan netep ing desa Panjer. Ora suwe Pangeran Bumidirjo ngganti jenenge dadi Ki Bumi. Ki Bumi duwe putra papat yakuwi Ki Gusti, Ki Bagus, Nyai Ageng, lan Ki Bekel. Saka Ki Bekel dhewe lair Ki Ragil, Ki Ragil duwe putra Ki Hanggayuda, sing ditetepake dadi demang Kutowinangun. Ki Hanggayuda duwe putra pitu, salah sawijine yakuwi Joko Sangkrib.

Nalika kuwi Joko Sangkrib kena lelara kulit sing mutawir banget, saengga dheweke diremehake karo keluwargane lan konco – koncone. Joko Sangkrip banjur lunga ngembara nggolek ngelmu lan kawarasan. Sawise mari saka lelarane lan tambah sekti, Joko Sangkrib nerusake lakune lan ngganti jenenge dadi Surawijaya.
Surawijaya banjur nggolek pangalaman neng pondhok Pesantren Kyai Akhmad Yusuf ing Bojongsari. Surawijaya ditresnani karo gurune amarga kapinterane. Joko Sangkrip ora mung nggolek ngelmu nanging uga sinau beladiri.
Sawise ngelmune krasa wis cukup dheweke pamit lan entuk wejangan saka gurune supaya ngabdi neng Mataram. Amarga kabecikane bisa ngadhepi lawan, dening Raja diwenehi gelar Adipati Aryo Arumbinang. Banjur dheweke urip neng Kutowinangun diparabi Kyai Hanggawangsa. Kyai Hanggawangsa utawa Arumbinang I ngurmati banget marang para leluhure. Tlatah sing dienggoni Ki Bumi dijenengi Kebumian, suwe – suwe dadi Kebumen.
Kebumen ditetepake nganggo dhasar SK Gubernur Jenderal De Jonge No. 03 tanggal 31 Desember 1935 lan mulai digunakake tanggal 01 Januari 1936. Tanggal 01 Januari kuwi sing nganthi saiki ditetepake dadi dinane kabupaten Kebumen. Nalika jamane Clash karo Belanda tanggal 19 Desember 1948, pendhopo kuwi dibakar supaya ora digunakake penjajah. Pungkasan neng dina kemis kliwon tanggal 29 April 1982, pendhopo sing wis rata lemah dening Drs. Hadiyono, Bupatine  dibangun maneh karo upacara kejawen. Mangkana wewangunan joglo dadi katon apik lan endah.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.