sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Friday, May 4, 2012
WONG LELAKU LAN BEGAL.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Ana wong lelaku nunggang jaran, ngambah dalan arang disaba ing wong. Dalan mau kang pinggir tengen ana kaline. Kang pinggir kiwa gunung lan dhadhah. Nuli ana begal loro metu saka grumbul karo ngliga pedhang, sarta ngundang – undang : “Mandhega, ulungna dhuwitmu, utawa patimu.
Sawuse mangkono enggal nyandhak apuse. Kang nunggang ndhrodhog amarga saking kaget sarta wedine bakal kailangan dhuwit tuwin barange kasompok ing playune. Sanalika nggiwarake jarane , nggebyur ing kali, sedyane ngoncati sawijining pakewuh, wasana kalebu ing bebaya kang luwih gedhe, awit saking santering banyu, kang nunggang jarane keli. Karosan wus tanpa gawe , jelih-jelih njaluk tulung, ora ana kang nulungi. Santering banyu ngilangake dayane, wasana wong lan jarane mati.
Eliding dongeng mangkene : yen kowe katekan pakewuh rong prakara, murih aja kongsi kelangan duwekmu kabeh, pakewuh mau salah siji endi kang entheng tempuhen.
Tegese tembung :
lelaku = 1. tindak, lampah 2. lelungan
dhadhah = pager sing digawe saka tetuwuhan.
begal = durjana kang ana ing dedalan
ngliga = ngunus
kasompok = rupek, ora kobet, ora omber
pakewuh = reribed, alangan
jelih – jelih = bengok - bengok
Tempuhen =
Dipethik saka : Layang sato Kewan, Dr. C.F. Winter.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
08 DONGENG BOCAH,
Wong Lelaku lan Begal
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.