Ing wulan
Oktober 1920,
Komisi Negara kepengin ngowahi konstitusi
Hindia Belanda. Sawise disetujoni pamarentah,
pasal 1 nyebutake;”
Kerajaan Belanda meliputi Belanda, Hindia Belanda, Suriname, dan Curacao….”Pasal iku didiskusekake jroning
Volksraad ing
Batavia tanggal
26 -29 April 1921.
Sadurunge iku, ing awal taun 1921, Dirk van Hinloopen Labberton, sawijining guru rumangsa trenyuh karo gerakan lan partai-partai kang muncul ing Jawa, nyiapake amandemen lan ngusulke jeneng Indonesia. Dheweke nyiapake karo Ch.Crammer lan Th. Vrede, saengga dikenal minangka Labberton-Cramer-Vreede. Amandemen iki ditolak saengga ora dibahas jroning sidang Volksraad wulan April 1921. Sawetara wong ing Volksraad ngremehke “ luwih pantes jeneng mau kanggo salah sijining cerutu “.
Ing wiwitan, pemerintah wis negesake yen sebutan Hindia –Belanda sacara esensial wis duwe teges jroning hukum internasional.
Second Chamber saka parlemen ing Walanda nganakake diskusi tanggal 1 November 1921, oleh inpirasi amandemen Labberton-Cramer-Vreede, W.van Ravestern wakil saka komunis, njelasake maneh sebutan Indonesia. Nasibe sami mawon, amandemene ditolak!.
Para muda cerdik cendikia sing nempuh studi ing negara Walanda ngganti jeneng pakumpulane Indische Vereeniging (Perhimpunan Hindia) sing madeg taun 1908 dadi Perhimpunan Indonesia (PI) taun 1925. Tembung Indonesia digunakake jumbuh karo sawijining gegayuhan negara anyar lan identitas politik.
Nalika konggres Demokratis Internasional kang manggon ing Bierville, cedhak Paris, Agustus 1925, kanggo sing wiwitan jeneng Indonesia dikenalke. Mohammad Hatta makili PI, jroning pidatone mratelakake perjuangan rakyat Indonesia nggayuh kamardikan nasional. Amarga nggunakake jeneng mau kanggo politik, pamarentah Walanda nglarang tembung Indonesia ing Hindia Belanda, ananging ora ana sing bisa mbendung.
best regards,

referensi;
karangkum saking seratanipun
Bp. Mawaradi wonten ing blog
Kembang Setaman.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.