Sunday, October 7, 2012

Tulisan Wengi Ing 19 September 2011

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

gawang-gawang esemmu
kaya kumlebat kilat liwat ana mataku iki
sanadyan luwih saka sewindu aku tanpa ktemu sliramu
amarga dalan uripmu pancen beda karo aku

nanging...
lelayanganmu sing kadhang teka
mahanani ananing rasa sih kang sisa

tak umpamakke...
rasa sisa mau kaya sisaning galeh jati aking
kang suwe ora gapuk kepangan sempring

kabeh...
kabeh rasa tresna sing mbok wenehke rikala semana
snadyan sithik kaya titiking udan ana watu ireng
kanggoku wis kanugrahaning Gusti kang ndadekke rasa seneng

cah ayu...
aku sing neng kene mung bisa ndunga kanggo sliramu
mugo umur sing isih ana mugo migunani kanggo sapa wae sing mbok tresnani
lan tansah pikantuk ridlaning Gusti Kang Murbeng Dumadi...

๑۩๑ Kanggo Sliramu Cah Ayu Sing Wis Dadi Widodarining Ati Snadyan Ana Ngimpi ๑۩๑
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.