Friday, November 30, 2012

CONTOH SOAL UJIAN AKHIR SMP MAPEL BAHASA JAWA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D ing jawaban sing kokanggep bener!

Wacanen wara-wara ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 1, 2, lan 3!



WARA-WARA
No. : 12/OSIS/2012

Kanggo ngisi acara semester gasal, OSIS SMP Negeri 12 Pekalongan nganakake acara lomba pidhato basa Jawa. Lomba dianakake kanggo siswa kelas VII nganti kelas IX.
Panggonan       : Ruang Aula
Dina/Tanggal   : Sabtu, 31 Desember 2011
Tabuh              : 08.00 WIB
Saben Kelas diajab ngirimake wakile minimal loro, yaiku siji siswa lanang lan siji siswa wadon.

Pekalongan, 20 Desember 2011
Ketua OSIS

Chamaludin
 

1.      Isi wara-wara kasebut menehi kabar babagan ....
A. pengetan 17 Agustus
B. ulang taun sekolah
C. lomba pidhato basa Jawa
D. liburan semester gasal

2.      Wara-wara kasebut katujokake kanggo ....
A. guru
B. karyawan
C. siswa-siswi
D. kepala sekolah

3.      Wara-wara iku digawe ing tanggal ....
A. 20 Desember 2011
B. 23 Desember 2011
C. 27 Desember 2011
D. 31 Desember 2011

4.      Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung camboran wutuh yaiku ....
A. parikesit
B. dubang
C. lunglit
D. botrepot

5.      Yen libur gaweane mung tura-turu wae. Tembung kang kacithak miring kalebu tambung rangkep ....
A. dwi lingga wantah
B. dwi lingga salin swara
C. dwi lingga semu
D. dwi wasana

6.      Awan iki langite kathon padhang njingglang. Padhang njingglang tegese ....
A. radha padhang
B. radha peteng
C. padhang banget
D. peteng banget

Wacanen pethikan sesorah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 7 lan 8!

Panjenenganipun Ibu Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak Ibu guru saha Staf Karyawan ingkang dahat kinurmatan, lan sedaya para kanca ingkang kula tresnani.
Alhamdulillah kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung ing wekdal menika kula panjengan sedaya saged pepanggihan wonten ing aula menika saperlu mahargya pengetan dinten Ibu Kartini.

7.      Pethikan sesorah kasebut kalebu perangan ....
A. pambukaning sesorah
B. pangarep-arep
C. isineng sesorah
D. panutuping sesorah

8.      Sesorah kasebut diaturake ing acara ....
A. pengetan dinten kamardikan
B. pengetan dinten pendhidhikan nasional
C. pengetan dinten pahlawan
D. pengetan dinten Ibu Kartini

9.      Kang ora diandharake ing perangan panutupe sesorah yaiku ....
A. dudutan
B. muji syukur
C. pangarep-arep
D. njaluk pangapura

10.  Ani rambute ... nggawe seneng wong sing nyawang. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
A. naggal sepisan
B. miji timun
C. ngembang bakung
D. liyep lindri

Wacanen kanthi permati!

Dina kuwi ngepasi tanggal 15 Juli 2008. Umurku genep 12 taun Karo mulih aku mbayangake keluargaku wis nyiapake hadiah ulang taun. Tekan ngomah aku kuciwa banget, omahku sepi. Tas banjur takselehake ing meja makan. Aku menyang mburi nanging ya sepi. Aku mbalik mlebu menyang kamar. Nalika  mbukak lawang, aku kaget amarga kabeh keluargaku wis kumpul ing kamar sinambi nyanyi “ Selamat ulang tauhun”. Kamarku wis dihias endah. Komputer anyar sing impek-impekake wis dipajang ing meja sinau . Kabeh keluargaku banjur menehi ucapan slamet. Atiku bungah banget. Kedadean iki ora bakal bisa daklalekake.
11.  Pengalaman ing dhuwur kalebu pengalaman kang ...
A. nyenengake
B. ngguyokake
C. nyedihake
D. njengkelake

12.  Kedadeyan mau ora njalari pinggeting atiku. Tembung pingget ati ngemu teges ....
A. seneng atine
B. gawe gela
C. bungah
D. lara atine

13.  1. tinulis
2. dipangan
3. lumebeng
4. sapiring
Tembung-tembung ing dhuwur kang migunakake seselanyaiku ....
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 2 lan 3
D. 3 lan 4

14.  Retno eseme pait madu. Eseme pait madu kalebu tembung ....
A. entar
B. garba
C. keratabasa
D. sanepa

Wacanen crita wayang Ramayana ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 15, 16, lan 17!

Nalika Dewi Sinta ijen Dasamuka nyedhaki kanthi wujud Brahmana, nuli nyidra Dewi Sinta digawa mabur menyang Alengka. Tumindake Dasamuka ndadekake Rama Wijaya kebranang mula banjur utusan Anoman mimpin bala kethek ngobrak-abrik Alengka kang wusanane kabesmi. Patih Prahasta lan adhi-adhine tansah ngelingake supaya Sinta dibalekake. Nanging, Dasamuka ora perdhuli, njalari perang gedhe mungsuh Rama Wijaya.

15.  Pasukan kethek Rama Wijaya kang ngobrak-abrik Alengka kapimpin dening ….
A. Lesmana
B. Kumbakarna
C. Anoman
D. Kalamarica

16.  Dewi Sinta iku sejatine garwane ….
A. Rama Wijaya
B. Lesmana
C. Rahwana
D. Gunawan Wibisana

17.  Prakara kang njalari anane perang Rama Wijaya nglawan Dasamuka, yaiku ….
A. Dasamuka nyidra Dewi Sinta
B. Dasamuka ora perdhuli karo kandhane adhi-adhine
C. Rama Wijaya nesu karo Dewi Sinta
D. Dewi Sinta ora setya marang Ramawijaya

Semaken pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 18, 19, lan 20!

Pasir Kencana
Santi     :    “Tut, dina Ahad ana acara ra?”
Tuti       :    “Ora, ana apa?”
Santi     :    “Aku lan kancaku apak dolan menyang Pasir Kencana. Kowe apak melu?”
Tuti       :    “Melu, jam pira mangkate ?”
Santi     :    “Jam 06.00”
Tuti       :    “Apa ora kawanen ? Yen jam 05.30 piye?”
Santi     :    “Ngono ya kena malah luwih apik, bisa ndelok srengenge nginceng segara”
Tuti       :    “Srengenge kok nginceng segara kaya manungsa wae”
Santi     :    “Ah kowe ki, sing jelas awake dhewe bisa ndelok sesawangan kang endah”

18.  Paraga-paraga ing pacelathon kasebut yaiku ....
A. Santi lan Agus
B. Amir lan Tuti
C. Santi lan Tuti
D. Agus lan Amir

19.  Basa sing digunakake dening Santi yaiku ....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus

20.  Ing pacelathon kasebut lagi ngrembug babagan ....
A. dolan menyang Sigandu
B. dolan menyang Pasir Kencana
C. dolan menyang Ujung Negara
D. dolan menyang Pagilaran

21.  Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara camboran raketan lesan yaiku ...
A. Dedi maca Koran, banjur nulis isining pawarta.
B. Ruri nggawa buku Basa Jawa, dene Tuti Matematika
C. Lina ngampil buku crita rakyat, nanging adhine sing maca.
D. Firman mangan batagor, banjur donat.

22.  Kang ora kalebu adat tata cara temanten Jawa sadurunge temu manten yaiku ....
A. lamaran
B. paningset
C. midodaren
D. dhahar klimah

23.  Yen wis liwat tengah mbengi, calon penganten putri isa metu saka kamar ning calon penganten kakung malah wiwit dikurung neng kamar kusus nganti esuk. Acara iki diarani ....
A. nyantri
B. paningset
C. midodaren
D. srah-srahan

Wacanen crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 24 lan 25!

Rara Jonggrang
Dek  jaman biyen ing Prambanan ana sawijineng kraton. Ratune arupa buta jejuluk Prabu Baka, gedhe panguwasane, kagungan putra sulistya ing warna aran Rara Jonggrang.
Nalika Prabu Baka perang karo ratu Pengging, Prabu Baka kalah lan bisa dipateni. Ratu Pengging bisa menang amarga dibantu dening Bandawasa kang peng-pengan, apa maneh Bandawasa duwe gaman kang ampuh banget arane Bandung. Mulane Bandawasa dikondhangake aran Bandung Bandawasa. Wiwit wektu iku Bandung Bandawasa manggon ing Kraton Prambanan.
Sabanjure Bandung Bandawasa kasmaran marang Rara Jonggrang lan sedyane arep didadekake jatukramane, nanging Rara Jonggrang abot arep nampa lamarane. Amarga ngelingi sing mateni ramane iku ya Bandung Bandawasa dhewe. Rara Jonggrang nampa usule patihe supaya nampa Bandung Bandawasa nanging nduweni bebana kang mokal bisane klakon.
Bandung Bandawasa supaya nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget. Iku kabeh kudu rampung sajrone sawengi.

24.  Roro Jonggrang angel nampa lamarane Bandung Bandawasa amarga ....
A. Bandung Bandawasa sing mateni ramane.
B. Bandung Bandawasa ora bisa nggawe candi sewu.
C. Bandung Bandawasa sing mateni rayine.
D. Bandung Bandawasa ora gelem nggawekake candi.

25.  Sarat sing diajukake dening Roro Jonggrang marang Bandung Bandawasa yaiku ....
A. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone sawengi.
B. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone seminggu.
C. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone sewulan.
D. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone setaun.

Semaken tembang macapat ing ngisor iki kanthi permati!

                             Sekar Dhandhanggula Maskentar Pelog Nem

Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sami anuladha
Duk ing nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasrabahu ing Mahespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingang denantepi
Nuhoni trah utama
                             (Serat Tripama KGPAA Mangkoenegara IV)

26.  Guru gatrane tembang ing dhuwur ana ....
A. 7
B. 8
C. 9
D. 10

27.  Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu yaiku ....
A. 8e
B. 10a
C. 11u
D. 12u

28.  Sing nganggit tembang kasebut yaiku ....
A. KGPAA Mangkunegara IV
B. Pakubuwana IV
C. Ranggawarsita
D. Patih Suwanda

29.  Watake tembang dhandhanggula yaiku ....
A. luwes
B. seneng
C. galak
D. grapyak

30.  Tembang ing ngisor iki kang ora kalebu tembang macapat yaiku ....
A. megatruh
B. wulangreh
C. asmarandana
D. pangkur

31.  Sang Narendra lagi lenggah sinewaka. Narendra asale saka tembung ....
A. nar + indra
B. nar + endra
C. nara + indra
D. nara + endra

32.  Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara tanduk yaiku ...
A. Wedange wis dakaturake bapak.
B. Simbah dhahar sate.
C. Sawah iku lagi dipaculi Pak Dhe.
D. Bukuku apa sida koksilih?

33.  Bapak lagi ngunjuk wedang kopi. Ukara kasebut yen diowahi dadi ukara tanggap dadine ...
A. Wedang kopi lagi ngunjuk Bapak.
B. Bapak lagi diunjuk wedang kopi.
C. Wedang kopi Bapak lagi diunjuk.
D. Wedang kopi lagi diunjuk Bapak.

34.  Nata karo mundur keratabasane ....
A. gedang
B. tebu
C. kupluk
D. tandur

Wacanen teks aksara Jawa ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 35, 36, lan 37!

[p]odukSi bedug\
?[p]o[s[sP]odukSi bedugHmB|tuha[kwekT|su[w, [yniF[atu= wiwit Skne[g/o kyu lnH=gri= z[kw[a su[w[n setaun\,
anm[nkw/ nauku rneBdug\, ansi=fw[n :150: [snTi[mte/, :140: [snTi[mte/, ln\ :130: [snTi[mte/, lnGrisTez[a :110: [snTi[mte/, :135: [snTi[mte/, ln\ :140: [senTi[mte/. xgsi= pli= ge[dmisznTi :13: yut.

35.  Proses gawe bedhug iku butuh wektu suwine ....
A. sedina
B. seminggu
C. sewulan
D. setaun

36.  Ukuran bedhug sing paling gedhe dawane ....
A. 130 cm
B. 140 cm
C. 150 cm
D. 160 cm

37.  xgsi= pli= ge[dmisznTi ....
A. ;12; yut
B. :1.3: yut
C. ;14; yut
D. ;16; yut

38.  Omahe Pak Guru cedhak omahku.
Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus dadine ....
A. Griyanipun Pak Guru caket griya kula.
B. Dalemipun Pak Guru caket dalem kula.
C. Griyanipun Pak Guru caket dalem kula.
D. Dalemipun Pak Guru caket griya kula.

39.  Panjenengan dhahar rumiyen, kula ... mangke kemawon.
A. mangan
B. nedha
C. dhahar
D. maem

Gathekna gambar ing ngisor iki!

Jur  jur jur manjur, jamu godhogan Cap Manjur. Tinggalane para leluhur, pancen manjur. Bisa nambani sakabehing penyakit dalam. Lara ginjel, liver, jantung, kolesterol, kelenjar pankreas, asam urat, asma, gula, migren bablas dening jamu cap Manjur. Bahane empon-empon sing mujarab. Dudu bahan kimia, dadi aman kanggo sapa bae. Enom, tuwa, lanang, wadon, oleh nggunakake Jamu Cap Manjur. Yen kepingin waras ngunjuka jamu godhogan Cap Manjur. Digodhog, didhemake, disaring, diunjuk, ilang lelarane. Aja lali saben esuk lan sore setengah gelas, larane blabas, awake waras.



40.  Wacan ing dhuwur kalebu ....
A. poster
B. iklan
C. layang
D. pengumuman

41.  Ukara lamba ing ngisor iki kang duwe pola Jejer – Wasesa – Keterangan, yaiku ...
A. Bapak sare ing kamar.
B. Adhik maem bubur ing alun-alun.
C. Pak Guru ngasta Lap Top.
D. Bukuku disilih Amir.

42.  1. nyapu
2. mangan
3. adus
4. turu
Tembung-tembung ing dhuwur kang kalebu tembung lingga yaiku ....
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 2 lan 3
D. 3 lan 4

Wacanen layang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 43, 44, lan 45!



                                                                                                    Pekalongan, 2 Agustus 2011
Hal                             : Undangan

Tumuju marang           :
Pengurus OSIS SMP Negeri 12 Pekalongan
Kota Pekalongan

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun, adhedhasar pambinaan Kepala Sekolah sarta Pambina OSIS babagan pengetan dinten kamardikan RI kang kaping 66, mula kita ngaturi kanca-kanca Pengurus OSIS lan Perwakilan kelas VII, VIII, lan IX SMP Negeri 12 Pekalongan:
Dina/Tanggal   : Senin, 3 Agustus 2011
Wanci              : 11.30 – 12.30 WIB
Panggonan       : Perpustakaan SMP Negeri 12 Pekalongan
Kaperluan        : Rembugan Kegiyatan Pitulasan
Cukup semene, muga-muga ndadekake kawigaten lan suwun bisa teka.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ketua OSIS


Chamaludin

























43.  Pratelan ing dhuwur kalebu layang ....
A. ulem
B. pribadhi
C. katresnan
D. lelayon

44.  Papan lan titi mangsa layang yaiku ....
A. Perpustakaan SMP Negeri 12 Pekalongan
B. Senin, 3 Agustus 2011
C. Pekalongan, 2 Agustus 2011
D. rembugan kegiyatan pitulasan

45.  Kang kalebu prepenahan ing perangane layang yaiku ....
A. Wassalamualaikum Wr.Wb
B. Pekalongan, 2 Agustus 2012
C. Ketua OSIS
D. Chamaludin

46.  1. Cakra
2. Keret
3. Pepet
4. Pengkal
Sandhangan ing dhuwur kang kalebu sandhangan wyanjana yaiku ....
A. 1, 2, 3
B. 1, 3, 4
C. 2, 3, 4
D. 1, 2, 4

47.  Tembung ing ngisor iki kang migunakake sandhangan panyigeg wanda yaiku ....
A. ps/ge[d
B. aibuguru
C. rj[l[l
D. [aork]s

48.  ?k/tinilai/t=gl\;21;api]l\,
Ukara kasebut macane ...
A. Kartini lair tanggal 20 April.
B. Kartini lair tanggal 21 April.
C. Kartini lair tanggal 22 April.
D. Kartini lair tanggal 23 April.
.
49.  Allah Maha Agung. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa unine ...
A. ?AlLhmaagu=.
B. ?alLhmaagu=.
C. ?Alhmaagu=.
D. ?alhmaagu=.

50.  Tembung ing ngisor iki kang panulisane migunakake aksara rekan yaiku ....
A. jnuari
B. [p+b(ari
C. mxt\
D. Ap]im\
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.