Jumat, 22 Maret 2013

LEGENDA NGADEGE MESJID AGUNG DEMAK


Mesjid Agung Demak dibangun nalika Kerajaan Demak kapimpin dening Raden Patah. Raden Patah iku minangka raja kang kapisan mimpin Kerajaan Demak. Ora let suwe kanthi pamarintahane, Kerajaan Demak bisa dadi papan kang misuwur minangka dhaerah santri.
Ing sawijining dina Raden Patah kagungan gegayuhan mbangun sawijining monumen minangka pratandha lan simbole Islam kang awujud mesjid khas Jawa. Wektu semono, Kerajaan Demak mung duwe langgar kang cilik banget, yen dipikir-pikir ora bakalan kamot kanggo ngibadah wong Islam kang saya akeh. Mula, Raden Patah ngutus Wali Sanga ndandani langgar mau supaya dadi mesjid kang luwih gedhe, luwih amba, lan mesthine luwih endah karo sing sadurunge. Gegayuhane Raden Patah kaleksanan kanthi bantuan para Wali Sanga, langgar kang maune cilik saiki wis dadi amba lan endah.
Demak minangka punjering kerajaan Islam saya suwe dadi panggonan kang rame dening pengunjung, ora mung para ulama kang padha sinau, nanging uga masyarakat saka dhaerah liya kang kepengin ngangsu kawruh ing Demak. Mula, Raden Patah kagungan gegayuhan ndandani maneh mesjid mau amrih luwih amba lan jangkep.
Nalika iku ngepasi Wali Papat yaiku Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, lan Sunan Kalijaga sowan ing Kerajaan Demak. Raden Patah ngutus para Wali Papat nglampahi tugas kang mulya lan agung iku. Sanadyan abot, nanging amarga saking gedhene rasa tresnane marang negara, mula para Wali Papat mau nuruti gegayuhane Sang Sultan mbangun mesjid sadina sawengi lan nggoleki wit jati kang gedhe kanggo saka gurune.
Awan iku sawise pamitan, kanggo nggoleki wit jati Sunan Gunung Jati tindak tumuju arah kulon. Dene Sunan Bonang mendhet arah kidul. Sunan Giri mendhet arah wetan. Saiki mung Sunan Kalijaga sing paling keri lan ketenggor arah lor. Sunan Kalijaga bingung sawetara wektu, amarga sisih lor ora ana wit jati kang gedhe. Nanging, Kanjeng Sunan banjur enggal-enggal nerusake lampahe tumuju arah lor. Kanjeng Sunan dumugi dhaerah Pamantingan kang misuwur angker, nalika srengenge wis ambles saka panyawang. Sawetara kuwi wali-wali liyane wis ora katon maneh. Para Wali Papat kanthi semangat kang gedhe nglampahi tugas kang mulya lan agung iku.
Pamantingan kang saiki dadi kutha Jepara iku sabenere wis dikenal banget dening Kanjeng Sunan. Dhaerah iku biyasane dadi papan tapa bratane nalika tirakatan. Sabenere pambangunan Mesjid Agung Demak iku bisa kasil mung gumantung karo dhaerah kang arane Pamantingan iki. Saka dhaerah iki uga Kanjeng Sunan pikantuk petunjuk ing endi sabenere wit jati sing kautus dening Sang Sultan.
Ing Pamantingan Kanjeng Sunan bingung nggoleki wit jati kang bisa digunakake kanggo saka guru Mesjid Agung Demak. Ing kono ora bisa ditemokake wit kang kaya mangkono. Banjur Kanjeng Sunan tapa saperlu nyuwun petunjuk marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ing kono Kanjeng Sunan pikantuk petunjuk ing endi dununge wit jati kang gedhe mau. Saka petunjuke Gusti, Kanjeng Sunan kepanggih panggonan kaya kang diisyaratke ing tapa bratane mau, yaiku Gunung Pati. Tekan pinggir alas gunung iki, Kanjeng Sunan menggok tumuju arah wetan ing sajrone alas. Sawise mlaku radha adoh Kanjeng Sunan mirsani cangkem guwa. Cangkem guwa iku diubengi banyu kang bening banget lan rame dening swara segrombolan kethek kang padha gumantung ing wit jati mau. Apa kang dipirsani dening Kanjeng Sunan padha persis karo apa kang kagambar ing tapa bratane. Kanjeng Sunan nyawuk banyu saperlu raup lan mbasuh astane. Pasuryan kang kemringet saiki dadi seger lan cemlorot. Sinambi maos dzikir Kanjeng Sunan ngangkat astane, nyuwun marang Gusti supaya kethek-kethek mau bisa tutut lan manut utusane. Dumadakan Kanjeng Sunan kaget banget nalika mirsani kethek-kethek kang padha urmat lan sujud. Kethek-kethek iku ana rong perangan. Perangan kang kapisan yaiku sagerombolan kethek kang wernane coklat semu abang lan perangan sijine wernane putih semu klawu. Sing ngagetake maneh yaiku kethek-kethek mau bisa ngomong. Kethek mau siyap ngenteni utusane Kanjeng Sunan. Sanalika Kanjeng Sunan tanggap ing sasmita. Piyambake njaluk marang kethek supaya gelem nglilakke wit jatine digawa menyang Kerajaan Demak. Sabenere Kanjeng Sunan ora mentala nggawa wit kang dadi papan uripe kethek mau, nanging piye maneh. Tanpa mikir dawa kethek-kethek mau langsung lila yen wit mau digawa Kanjeng Sunan. Nanging, kethek-kethek mau njaluk syarat supaya Kanjeng Sunan gelem nggawa kethek ngabdi ing Kerajaan Demak. Kanjeng Sunan sansaya bingung maneh.
Tanpa ngenteni wangsulane Kanjeng Sunan, sagerombolan kethek kang gedhe lan wernane coklat semu abang ngeploki kancane minangka tandha komandho. Dumadakan kethek-kethek liyane sing maune mung lungguh ing mburi langsung ngadeg. Bareng-bareng kethek mau ngambrukake wit jati. Kurang saka setengah jam wit jati kang dhuwure sepuluh meter mau kasil diambrukna. Sunan Kalijaga sansaya kaget maneh lan bombong banget. Nanging, piyambake bingung piye carane supaya kethek-kethek mau tetep manggon ing kono. Kethek-kethek mau ngereo lan numpaki wit jati mau. Pungkasane Kanjeng Sunan nugel wit jati dadi telu. Langsung wae kethek-kethek mau tiba. Dumadakan kethek-kethek mau dadi sadar. Tanpa ngenteni komandho maneh kethek mau langsung baris kanthi tumata rapi. Kanjeng Sunan pancen adil banget. Kanjeng Sunan ora nggawa kabeh wit mau, piyambake mung nggawa sapertelone. Kanjeng Sunan menehi saben-saben gerombolan kethek putih lan abang karo sapertelon tugelan wit jati mau. Kanjeng Sunan menehi wejangan marang kethek lan menehi jeneng panggonan mau dadi Guwa Kereo.
Kanjeng Sunan nggawa wit jati mau menyang Kerajaan Demak kanthi rikat banget. Nanging, tetep wae telat. Sanadyan telat, Sang Sultan tetep bombong karo Sunan Kalijaga. Semono uga Sunan-Sunan liyane. Sultan lan Sunan-Sunan liyane ora nyana yen Sunan Kalijaga bisa kasil, amarga sisih lor ora ana wit jati kang gedhe kaya mengkono.
Patang saka guru mau banjur didegake. Telung saka kang wutuh bisa ngadeg kanthi apik. Saka guru Sunan Giri dipasang ing ngarep lan sisih kiwa pasujudane imam. Saka guru Sunan Gunung Jati dipasang ing ngarep sisih tengene mesjid. Saka gurune Sunan Bonang dipasang ing sisih kiwa mburi. Saka guru sing digawa Sunan Kalijaga mung sapertelon. Nanging, Kanjeng Sunan ora kentekan akal. Wit kang mung sapertelon mau disambung karo tugelan-tugelan wit saka Sunan-Sunan liyane mawa tali ijuk kang gedhe paringane Sunan Giri. Ora kanyana-nyana, jebul saka gurune Sunan Kalijaga kang sambung-sinambung mawa tali ijuk mau bisa ngadeg kukuh lan ora kalah karo saka gurune Sunan Giri, Sunan Bonang, lan Sunan Gunung Jati sarta tetep kuwat nganti saiki. Mung wae tali ijuk kang gedhe wis ora kuwat maneh lan kudu diganti nganggo lempengan logam kuningan kang kudu dipaku kanthi kuwat. Saka gurune Sunan Kalijaga dipasang ing jejere saka gurune Sunan Bonang. Mesjid kang gedhe, amba, endah, jangkep, lan didama-dama dening Sang Sultan bisa ngadeg kanthi kukuh. Dene peresmian Mesjid Agung Demak dilakoni kanthi sholat Jemuah bareng-bareng lan wengine digelar pagelaran wayang kulit sinambi nyiarake agama Islam. Kanthi lelaku iku mau mesjid kang gedhe lan agung iki bisa tetep rahayu lan raharja nganti saiki.

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.