Saturday, June 8, 2013

lirik lagu "paijo "

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
judul : paijo
vocal: NA


Paijo paijo gaweyane suloyo


Paijo paijo ra nduwe toto kromo


Paijo paijo Mangane godong telo


Paijo paijo Raine koyo buto

 

Ono bocah ireng lethek nggegirisi


Kabeh uwong sing ngematne podo mlayu bali


Marai bocah kuwi mlaku ra nggo klambi


Teler ngombe ciu surungane roti


Senengane mbendinane yo mung koyo ngono


Ora mikir anakke sing cacahe wis loro


Onone mung seneng seneng ngasi awak loyo


Lebare pijetan merem melek kok petho



Paijo jenengane


Gedhe duwur awake


karepe wong tuwane iso nggenah tur nyenengke


tapi nyatane malah kok kuwalikane


paijo dadi ndrugal anane nyenthe nyenthe


wis jan nek dipikir malah mesakke


wong tuwane karo bojone nangis batine


saben dino ngandani raono efekke


paijo malah dugem, ra gelem mikirke



Paijo paijo gaweyane suloyo


Paijo paijo ra nduwe toto kromo


Paijo paijo Mangane godong telo


Paijo paijo Raine koyo buto


soko cilik paijo wis ketok banggel


gaweyane tongkrong nek dikandani angel


nek dolan senenge neng nggon tukang togel


golek wangsit neng kuburane mbah dogel


owalah le kowe kok tambah le nggilani


hobine nonton unyil neng kamar nggo vcd


wis tau konangan,malah gage lungo mburi


jebulane paijo ngentekne sabun mandi



Paijo paijo gaweyane suloyo


Paijo paijo ra nduwe toto kromo


Paijo paijo Mangane godong telo


Paijo paijo Raine koyo buto


bang bang tut cendelo uwo-uwo


sopo wani ngentut ditembak rojo tuwo


tuwo-tuwo kaji rambute garek siji


sopo sing ngapusi endokke ilang siji


mulane kowe kabeh nurut nek dikandani


eling karo gusti men slamet ning ndunyo iki


ati-ati  keno azab mati wetenge gedi


mergo kakeyan mangan barang ra mbejaji


e yen isih nglakoni cepet ndang mari


tobat karo gusti dosane dikelongi


rausah mikir ndonyo sing mung mampir ngombe


ojo wedi kere sing penting sugih atine


wis saiki tumindak o sing becik


ojo koyo paijo senenge maling pitik


becik ketitik e olo ketoro


ayo kabeh2 do podo eling doso



Paijo paijo gaweyane suloyo


Paijo paijo ra nduwe toto kromo


Paijo paijo Mangane godong telo


Paijo paijo Raine koyo buto


sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.