Minggu, 30 Juni 2013

Babad Tanah Jawa (part IX)

11 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 3
Karajan Banten lan Cirebon wiwit jumenengé
Sunan Gunung Jati (+/- tahun 1527) tumeka
Sédané maulana Mohamad (tahun 1596)


Ing wiwitané abad kang ping 16 ing Tanah Jawa Kulon ana nagara aran Pajajaran, Kutha aran Pakuan. Kutha pelabuhan iya duwè, yaiku Banten lan Sundha Kalapa, nanging dedagangané durung ramé.
Awit saka Malaka ing tahun 1511 kacekel ing bangsa Portegis, para sudagar Islam padha dedagangan ana ing pasisiré lor Tanah Jawa Kulon.
Ing Banten nuli ana pedagangan gedhé, dagangané mrica.
Ing nalika iku ana wong Paséi (Sumatra), agamané Islam, teka ing Tanah Jawa Kulon merangi ratu ing Pejajaran nganggo prajurit saka ing Demak.
Wong Paséi mau ing tembéné aran Sunan Gunung Jati, mauné bok menawa aran Falètèhan.
Iku ipéné Radèn Trenggana. Marga saka pitulungané Radèn Trenggana ing tahun 1527 bisa mbedhah Sundha Kalapa (Jayakarta utawa Jakarta) lan Cirebon.
Ing tahun 1552 Sunan Gunung Jati ing Banten digentèni kang putra Hasanuddin.
Déné putra liyané kang asma Pangéran Pasaréan, iku kang nurunaké para Sultan ing Cirebon.
Falètèhan séda ing tahun 1570 ana ing Cirebon lan disarèkaké ana ing punthuk Gunung Jati.
Kutha Pakuan bedhahè sawisé tahun 1570. Para wong ing Tanah Jawa Kulon banjur dipeksa manjing agama Islam.
Nalika Falètèhan séda kang jumeneng Sultan ing Cirebon Panémbahan Batu, yaiku buyute Falètèhan mau.

Hasanuddin iku krama oleh putriné Pangéran Trenggana.
Bareng Pangéran Trenggana séda, karaton Banten banjur madeg dhéwé (tahun 1568).
Hasanuddin uga nelukaké Lampung, sarta raja Indrapura ngaturaké putrané putri minangka garwa.

Kutha Banten dadi ramé lan pelabuhané gedhé. Ananging kutha urut pasisir ana 750 M, déné ujuré marang dharatan +/- 1600 M.
Prau prau bisa lumebu ing kutha metu ing kali kang nrajang kutha mau; saiki kaliné wis waled, jalaran wedhi.
Kutha mau kang sasisih dipageri lan ana gerdhu gerdhuné panggonan prajurit jaga tuwin panggonan mriyem.

Hasanuddin séda ing tahun 1570, banjur kasarèkaké ing Sabakingking.
Kang gumanti kaprabon Pangéran Yusup.

Nalika iku wong Banten yèn nandur pari lumrahè ana ing pategalan (ladhang).
Sawisé dienèni pariné banjur ora ditanduri manèh, wong wongé banjur golèk panggonan liya digawé ladhang, yèn wus panèn iya diberakaké manèh, enggoné nanduri iya kaya kang wis mau.
Sing kaya mangkono iku tumraping lemahé mesthi baé ora becik.
Bareng Pangéran Yusup jumeneng Sultan, wong wong padha didhawuhi sesawah.
Jalaran saka iku wong tani iya kapeksa milih panggonan sing tetep, ora pijer ngolah ngalih, iku njalari anané désa désa.
Pangéran Yusup uga dhawuh yasa bendungan lan susukan susukan perlu kanggo ngelebi sawah.

Sing mbedhah kutha Pakuan iku iya Pangéran Yusup.
Ratu ing Pakuan séda, para luhur ing kono kapeksa mlebu Islam.
Sawènèh ana sing ngungsi marang pagunungan ing Banten Kidul; wong Beduwi iku turuné wong wong sing padha ngungsi mau.
Pangéran Yusup lumrahè karan Pangéran Pasaréyan (tunggal jeneng karo kang paman ing Cirebon).
Ing sasédané Pangéran Yusup, Pangéran Jepara utawa Pangéran Arya anjaluk jumeneng Sultan, nanging ora bisa kelakon, jalaran saka setyané Mangkubumi (Patih) ing Banten marang Pangéran Yusup.
Kang gumanti Pangéran Yusup, putra kang sisilih Maulana Mohamad.
Nalika iku yuswané lagi 9 tahun, mulané nganggo diembani ing Mangkubumi.

Sing maréntah kutha Jakarta sebutan Pangéran, dhisike Ratu Bagus Angké lan tumurun marang putra. Kutha mau kinubeng ing pager, ing jeroné pager ana mesjidé omah gedhé sing didalemi sang Pangéran, alun alun lan pasar.
Iku mau kabèh dumunung ing pusering kutha. Dagangané ora pati ramé kaya ing Banten. Tanah tanah sakubengé kutha isih kebak buron alas.

Cirebon iku uga ngréka daya bisané mardika saka Banten.
Sultan Cirebon mbawahaké sapérangané tanah Priyangan.
Watesé kang wétan Banyumas, kang kulon Cimanuk (Citarum),.
Bareng sepuhé, Pangéran Mohamad ditresnani ing kawula, jalaran saka mursid lan wasis.
Sang papatih Jayanagara banget setya marang ratuné.
Nalika iku Sultan Mohamad diaturi nglurugi Palembang déning Pangéran Mas, wayahè Sunan Prawata,
Sandyan patihé malangi, nanging Sultan Mohamad ngrujuki; kalakon ing tahun 1596 Palembang dilurugi.
Wadyabala ing Banten wis ngira bakal menang, dumadakan nalika Sultan Mohamad pinuju dhahar, kataman ing mimis, ndadèkaké sédané.
Sédané mau digawé wadi, mung wadyabala diundangi bali marang Banten.
Bareng layon arep disarèkaké, ing kono wong wong lagi ngerti yèn Sultan séda, lan ing wektu iku uga Pangéran Abulmafachir dijumenengaké Sultan, nanging yuswané lagi sawatara sasi, mulané pamaréntahing nagara kacekel ing Mangkubumi, manèh dibantoni ing Nyai Emban Rangkung, kang jalaran saka wicaksanané karan: Ratu Putri Ing Banten.
Ing pungkasané abad kang ping 16 Banten iku dadi kutha pedagangan kang ramé dhéwé ing saTanah Jawa.

Wong manca kang ana ing kono: wong Persi, wong Indhu saka Gujarat, wong Turki, Arab, Portegis, Melayu lan wong Keling.
Wong wong ngamanca mau lumrahè ngingu batur tukon lan juru basa.
Luwih luwih wong Cina, ing Banten akèh banget.
Bangsa Cina manggoné ana sajabaning temboking kutha, lan omahè apik apik.
Panggaotané wong manca padha kulak mrica.
Sing nganakaké dhuwit timbel (kètèng, gobang) ing Banten iya wong wong ngamanca mau. Dhuwit timbel 1.00 pengajiné +/- 20 sèn.
Pangan ing Banten murah banget, dhuwit 20 sèn baé tumraping wong ngamanca, wis turah turah. Hawané ing kutha ora becik, jalaran kali Banten ing biyèné becik, banjur dadi cethèk lan reged.
Dalan dalan padha kurugan ing wedhi, omah omahè isih gedhég, mung senthongé pasimpenan wis tembok.
Para priyayi padha duwè pakarangan isi wit krambil, sangarepé omah ana pendhapané lan ing pojoking latar sok ana langgaré.
Kejaba mesjid gedhé lan pamulangan, ing Banten mung ana omah gedhong siji, yaiku omahè Syahbandar.
Kajaba para luhur, wong kang ngibadah ing Banten ora akèh.
Para luhur padha ngagem sarung sutra, (terkadhang sinulam ing benang emas) serban lan keris, kenakané diingu dawa, wajané dipasahi lan tinrètès ing mas utawa disisigi.
Ngagemé sepatu utawa selop mung yèn ana ing dalemé baé.
Pandèrèké ana sing ngampil wadhah kinang, kendhi, payung, lampit lan tumbak.
Para luhur mau (para punggawa) padha milu ngerèh praja.
Ing mangsa perang para prajurit olèh keré, sandhangan lan pangan.
Para punggawa mau padha ngingu batur tukon akèh.
Ing Banten sing nyambut gawé temenan mung para batur tukon, wong cilik liyané mèh ora nyambut gawé, mulané padha ora kacukupan.
Yèn ana wong ora bisa mbayar utangé, iku banjur dadi batur tukon saanak bojoné.
Wong kemalingan ing Banten akèh; maling kang kacekel, kena nuli dipatèni.
Wong kang dosa pati, kena nebus dosané sarana mbayar dhendha marang Sultané.
Yèn ana wong lanang mati, Sultan wenang mundhut anak bojoné wong mau.
Jalaran saka iku akèh wong isih kenomen padha omah omah.
Kuwasané Sultan Banten gedhé banget, nanging prakara nagara lumrahè dirembug karo para luhur; pangrembugé wayah bengi ana ing alun alun.
Para luhur mau kang kuwasa banget Mangkubumi (patih), laksamana (panggedhéné prau lautan) lan sénapati.

Ing jaman samana kaanané kutha kutha ing Tanah Jawa kurang luwih iya mèmper karo kutha Banten iku.
bersambung...









http://sepuh.blogspot.com/search/label/BAbad%20Tanah%20Jawa

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.