Jumat, 06 Desember 2013

Contoh Cerkak


Contoh Cerkak

Teror Pitik
Dening Fitrianingsih

Ana ing tengah wengi iki Suprapti ora bisa turu. Sinaosa sansaya wengi kuwi hawane sansaya adhem nyenyet, nanging ya tetep ora bisa gawe Suprapti turu ayem. Dene bojone, si Pardi wis wiwit turu jam sepuluh mau. Sajake ana sing dipikirake Suprapti saengga ndadekake dheweke ora bisa turu nganti jam loro esuk iki. Mbuh apa kuwi ora ana sing ngerti.
            Ngancik jam setengah telu esuk, si Pardi ngrasa keganggu karo polahe Suprapti kang klesak klesik mau, banjur nggregah tangi lan nakoni lirih kanthi mripat kang isih riyep-riyep. Geneya kok Suprapti ora bisa turu nganti jam semene kuwi. Nanging anehe, Suprapti ora bisa mangsuli lan ora ngerti apa sebabe dheweke ora bisa turu nganti jam semene. Sajake atine ora tenang. Kaya-kaya bakal ana kadadeyan ala kang kelakon. Nanging apa kuwi ya Suprapti ora ngerti. Kanthi premati Pardi ngrungokake pangrasane bojone, banjur Pardi ngakon bojone ngademake pikire lan ndang turu.
            Sesuke, pas jam setengah lima esuk Suprapti menyat tangi saka bale arep nyapu latar kayak biasane.
            “Aaaaaaaa..... Pak Pak’e...” jerite Suprapti sak wise ngeti ana pitik mati guprat getih ing ngarep lawang omahe.
            Pardi kang isih aras-arasen ana ing bale, langsung gumregah menyat tangi nututi suwarane bojone kang njerit mau. Kriyep-kriyep mripate ora digagas karo Pardi.
“Ana apa ta bu? Esuk-esuk kok njerit ngono kuwi? Gawe kagete wong wae!” ujare Pardi kang kaget.
            “Kuwi lho, Pak... Ana pitik. Hiiii.... Iku Pak, ana pitik mati guprat getih ning ngarep omah. Hiiii...” wangsulane Suprapti kanthi gigrik mengkirik nudingi njaba omah.
            Banjur Pardi metu marani tudingane Suprapti. Sanalika mak tratap atine Pardi nalika ngerti ana pithik mati guprat getih ning ngarep omah. Sajake iki pitik ora pitik kang mati wajar lan ora sengaja bisa mati ing ngarep omahe. Nanging yen ngeti kahanan pitik kuwi mau, Pardi bisa nyimpulake yen pitik mau kirimane wong kang ora sreg karo kaluwargane. Ing bathine, “Dhuh Gusti, kadadeyan apa iki? Sapa kang ngirimi pitik mati iki?” Banjur Pardi age-age mlebu ngomah luru pacul kanggo ngubur pitik mau. Dene Suprapti isih lemes nglempuruk ana ing kursi sudut ruang tamune.
            Sawise ngubur pitik mau, Pardi marani bojone lan matur “ Bu, ademke pikirmu. Ora susah dipikir jero-jero kuwi namung pitik mati kok.”
            “Hla kok bisa Pak, pitik mati pas ana ing ngarep omahe dhewe. Yen ora ana sing ngirimi ora bakal bisa ana ing ngarep omah ngono kuwi, Pak. Iki mesthi Pak Wagino kae sing ngirimi amarga wonge kan ora tau seneng karo awake dhewe, Pak. Dheweke kan seneng tumindhak culika marang keluwargane dhewe.” wangsulane Suprapti kanthi ngunus curiga.
            “Husssttt... Aja gawe pandakwa kaya ngono kuwi! Ora apik, bu. Wong ora ana apa-apa kok. Bisa wae pitik mau asale ketabrak montor, banjur kleyangan. Hla cilakane, matine kuwi pas ana ing ngarep omahe dhewe.” wangsulane Pardi kanthi ngyakinake bojone.
                                                            ***
            Pardi budreg amarga kedadeyan matine pitik kuwi ora amung kebacut pitik kang mati tanpa sebab ana ing ngarep omahe, nanging matine pitik kuwi wis bisa kebacut teror amarga sajerone telung dina kaluwargane Pardi dikirimi pitik mati kang wujude persis kaya ngono. Ora ngerti sapa lan apa sebabe kok bisa neror kaluwargane kuwi. Suprapti kang pancen nduweni watak cerewet, banjur cerita marang tangga teparone yen kaluwargane kuwi diteror karo wong kanthi dikirimi pitik mati ana ing sajerone telung dina iki. Tangga teparo kang krungu cerita Suprapti banjur nyaranake yen dheweke kudu matur menyang pulisi. Banjur Suprapti ngakon bojone kanggo ngubungi pulisi wae, nanging Pardi ora duwe panemu kaya ngono. Pardi penasaran karo wong sing neror kaluwargane. Saengga Pardi mutusake yen dheweke pingin nyelidiki dhewe sapa kang neror keluwargane kuwi.
            Wiwit jam siji esuk, Pardi lan Suprapti wis melek, ora duwe niatan turu amarga arep ngintik saka njero omah. Penasaran karo sapa kang wis neror kaluwargane ana ing sajerone telung dina iki.
Pas jam telu ana wong kang ngendhep-ngendhep mlaku nyedhaki omahe Pardi. Saka adoh samar-samar wong mau katon kaya wong wadon. Dedeg dhuwur lencir, kulit sawo mateng, nanging klambi lan rambute awut-awutan. Pardi namatake kanthi premati. Mak tratap atine Pardi kaget. Wong wadon kuwi Darsih, randha ayu kang tau dadi bojo enome Pardi nanging wis dipegat ana ing setaun mbiyene. Ujug-ujug Pardi kelingan kahanan mbiyene. Nalika Pardi mendhep-mendhep nylingkuhi Suprapti kawin karo Darsih. Nanging kahanan kuwi ora kaya kasunyatane. Pardi sebenere ora nduwe niatan kanggo nylingkuhi Suprapti lan Pardi asline ora duwe rasa tresna babar blas karo Darsih. Darsih pancen wis kesengsem banget karo Pardi nanging  Pardi nampik tresnane amarga wis duwe bojo Suprapti. Saking cuwane, Darsih nganti melet Pardi supaya gelem kawin karo Darsih sinaosa mendhep-mendhep tanpa ana wong sijia kang mangerteni, mligine Suprapti. Omah-omahe Pardi karo Darsih namung kelakon sesasi amarga Si Pardi disadarake karo Kyai Sapatalu, pelet kang tumemplek ing awake Parto diilangake Kyai Sapatalu. Tanpa mikir dawa-dawa Pardi nalak 3 Darsih banjur ninggalake Darsih kanthi rasa wirang marang wong wedok kuwi. Nalika bebojoan karo Darsih pancen polahe Pardi ora owah saka biyasane, mula Suprapti ora ngunus curiga babar blas karo Pardi. Nanging, kagete Pardi yaiku setaun ora keprungu kabare Darsih kok ujug-ujug neror kaluwargane kaya ngene.
            Suprapti kang melu ngintik karo Pardi, takon marang Pardi bener orane sing neror kuwi mbakyu Darsih randha ayu saka Desa Sisih. Banjur Pardi nyritakake lelampahan njaman mbiyene pas bebojoan karo Darsih. Mak tratap,  kaya-kaya disambar gludhug ing wayah awan-awan. Banjur Suprapti mlayu metu marani Darsih wanita kang wis gawe dukane. Wanita culika kang arep ngrusak omah-omahane karo Pardi.
            “Thuluuunggg.... Thuluuuungggg....” jerite Suprapti karo mlayu nyincing dastere.
            “Wanita ora duwe tata! Biadab! Culika kowe Darsih. Kowe melet bojoku, kok senggoh bojoku kuwi bisa kepincut karo kowe! Biadab kowe Darsih! Kowe arep ngganggu bojoku maneh?” ujare Suprapti kanthi duka.
            Suprapti mlayu marani Darsih kang ngguya-ngguyu tanpa duwe rasa salah. Ngranggeh rambute Darsih dijambaki lan diuncit-uncit. Ngaploki awake Darsih kang namung kari balung lan kulit. Dene Pardi sing ngerti bojone lagi ngamok Darsih langsung mlayu nututi Suprapti lan nyekeli dheweke supaya ora tambah ilang kendaline.
             “Wis ta Bu, eling aja ngono. Yen mbok antemi bisa mati mengko Darsih, mendhing dilapurake wae menyang pulisi.” larangane Pardi karo nyekeli awake Suprapti.
Tangga teparo kang krungu jerite Suprapti banjur gumegrah tangi, mlayu marani jeritane Suprapti mau. Tangga teparo padha kaget ngeti kahanan Darsih saiki. Sasuwene iki, Darsih pancen ngilang ora ana sing mangerteni kok malah ujug-ujug marani omahe Parto lan neror keluwargane. Mbuh merga apa, para tangga teparo ora padha ngerti. Sing cetha Darsih saiki wis bedha karo Darsih sing mbiyene. Mbiyen Darsih dadi randha ayu kang ditresnani kabeh wong lanang, saikine Darsih dadi wong edan gara-gara tresnane karo Pardi kang wis duwe bojo Suprapti. Edan gara-gara tresnane ditampik karo Pardi.

Tol Jagorawi
Dening Fitrianigsih

Mobil sedan ireng plat H kang takparkir ing parkiran kantorku, banjur age-age takputer. Sanalika aku langsung ngidhak gas. Dakpeksa ngebut ana dalan. Aku rak peduli dibengoki Darman saka adohan. Sing ana ing pikiranku namung kapiye anggonku bisa cepet tekan omah. Ora telat lan ora gawe cuwaning bojoku, Narsih.
Surup iku, jam 17.45 WIB aku lagi bisa balik saka kantor. Kamangka aku duwe janji karo bojoku yen aku bakal bali ngomah luwih gasik.  Ahhh... aku ngresula ing ati. Pancen dadi anak buah ya bisane namung nuruti kepinginane bose. Nanging pikiranku tak walik maneh, yen aku ora nuruti kepinginane bosku banjur saka ngendi aku bisa makani bojoku? Apa maneh yen mengko bojoku wis babaran. Aku ya mesthi bakal nguripi anak.
Mak tratab. Aku sadar saka lamunanku, amarga diklakson mobil abang mburiku. Owalah, jebul lampu traffic light wis ijo, nuduhake yen aku kudu ndang mlayokake mobilku maneh. Gas tak idhak kanthi cekatan. “Alah bajingan...” alokku kang ndeleng dalane kang macet total. Arep mundur ora bisa, arep maju ya ora bisa.
Dumadakan aku krungu nyanyiane Bruno Mars just the way you are. Owalah... jebul Androidku muni. Aku ditelpon bojoku, piye iki bojoku mesthi nesu-nesu. Saka adoh krungu suwarane bojoku kang lagi ngomel. Aku mung bisa mangsuli, “Sabar ya, Dhik... iki Mas isih ning dalan kena macet.” Saka adohan bojoku rasane wis cuwa ndenger aku bakal telat.
            Age-age aku ngidhak gas. Mobil sedanku tak playokake 90 km/jam. Aku ora peduli bakal kaya apa mengko mobilku bar tak bladrakake kaya ngene. Sing ana ing pikiranku namung siji kepiye anggonku bisa tekan ngomah lan bisa dinner karo bojoku. Kira-kira kurang setengah jam maneh aku tekan ngomah. Tanpa mikir dawa-dawa, gas tak idhak terus nganthi tekan 100 km/jam. Pas banget karo keadaan dalan kang lagi sepi.
Ngancik jam 18.06 WIB aku mlebu Tol Jagorawi. Sinaosa nembe jam semono Tol Jagorawi wis sepi tan ana kendaraan liya kang liwat. Dumadakan ana sak klebat bocah cilik mlayu nyebrang. Sanalika aku ngidhak rem. Gubraakkk... “Dhuh Biyung, aku nabrak wong,” alokku ngresula. Banjur cepet-cepet aku metu saka mobil, lingak linguk ana ing ngarep, mburi lan ngisor mobil. Lha kok ora ana wujud wong, nanging sing taktemoni namung wujud kucing kang guprat getih. Banjur kucing mau tak buwang ana ing pinggir dalan. “Sokur, namung kucing sing taktabrak,” omongku lirih.
Sawise tekan ngomah aku disambut karo bojoku Narsih.
“Mas, jenengan kok nembe kondur ta? Jare wangsul gasik?” pitakone bojoku kanthi praupan kang cuwa.
“E ladalah cah ayu... kok ya mecucu ta, Dhik?” godhaku karo ngrangkul wanita kang taktresnani kuwi.
“Lha Kangmas sampun nglanggar janji kok, dos pundi Adhik boten nesu?” wangsulane karo mecucu.
“Heh mrenea Dhik, tak critani kedadeyan mau,” omongku kanthi mantep banget.
            Banjur aku nyritakna kabeh kedadeyan sing bar tak lakoni mau. Awit aku dikon lembur karo bosku, kena macet lan kedadeyan kang nyalawadi ing Tol Jagorawi mau. Narsih ngrungokake critaku kanthi premati. Malah dheweke nyalahake aku amarga mbuwang kucing sing taktabrak mau, aku kudune ngubur kucing mau ora malah angger takbuwang kaya ngono. Bojoku wedi yen mengko bakal ana kedadeyan culika lan bakal enthuk sial nganti pitung dina amarga aku ora ngrumati kucing sing taktabrak mau.
            “Alah Dhik, jaman saiki wis maju. Ora susah percaya karo perkara ngono kuwi. Wis ora bakal ana apa-apa,” omongku karo mesam-mesem.
            “Mbok ampun ngoten Mas, wonten jaman sakmenika lak inggih marga wonten jaman mbiyene ta. Inggih mpun, mugi-mugi menika boten dados pratandha wonten kedadeyan culika ingkang badhe kalampahan, Mas.”
            “Ya wis ora susah dibahas maneh Dhik. Jan-jane wetengku kok wis krucukan ya Dhik,” omongku karo godha bojoku.
            “Eh lho inggih Mas, ngantos kesupen ta. Mangga Mas, dinner mawon.” wangsulane Narsih kanthi aleman.
            Aku kang digandheng namung bisa mesem mbalesi esem manise bojoku kang daktresnani mau. Nunut lakune bojoku kang nggandheng ning ruang makan. Bojoku pancen wanita kang kebak sih katresnan marang aku. Praupane kang ayu tur alus, ndadekake aku nandhang wuyung. Tan bisa ngeti wanita liya, amarga pancen atiku wis kecantol karo Narsih.
Sabubare mangan bareng, aku lan bojoku banjur lungguh ana ing ruang tipi, jejagongan leren karo ngisik-ngisik wetenge bojoku kang wis ngandhut anakku 9 wulan.
“Dhik, anake lagi nendhang iki lho. Sajake kok ya wis ora betah ning jero wetengmu iki,” omongku kanthi mesem ndelok Narsih. Bojoku namung mbales mesem.
“Mas jenengan boten saged cuti nggih? Mangke menawi kula babaran lah kula boten dikancani kaliyan Mas.” ature Narsih kanthi nyenden ana ing dadaku.
“Lha ya, mengko ibu lak ya sare wonten mriki. Mengko ibu sing ngancani kowe ning ngomah. Aku yen cuti ora bisa Dhik, mengko yen babaran aku lagi bisa njaluk cuti.”
                                                ***
Aku ngrasa ana sing aneh sabubare kedadeyan nyalawadi ing Tol Jagorawi kala wingi. Sedina sabubare kedadeyan iku, omahku dileboni ula kang ngosar ngoser ana jedhing. Bejane kok bojoku ora ngerti amarga aku ora kepingin dheweke kepikiran ala terus. Ana ing kantor aku ya dadi apes terus. Kerjaku kaya-kaya ora bisa bener ning ngarepane bosku. Asring didukani bosku amarga telat mangkat kerja merga kena macet ning dalan, sinaosa mangkatku ya luwih gasik saka biasane. “Wah... pancen yen lagi kena sial ora bisa dialangi,” nggremengku ngomong dhewe.
Dina candhake, telung dina sawise kedadeyan ning Tol Jagorawi kuwi aku ketemu wong lanang tua —klambine ireng, rambut putih lan gawa tongkat— ana Alfamart. Mbuh sapa wong kuwi aku ya ora ngerti. Sajake wong kuwi ndeleng aku kanthi premati, dideleng saka pucuk rambut nganti dlamakan sikil. Aku ya padha wae, ndeleng mripat wong tua iku mau. Sajake wong mau pingin ngomong karo aku. Banjur wong mau tak sumehi, nanging ora bales sumehku banjur ngendhika “Nang, siapna kembang setaman lan jajan pasar!” akone wong tua mau. Durung nganti aku takon maksute wong iku apa, e malah wong mau wis ninggal aku. Takbengoki nanging wong mau tetep mlaku emoh mandheg. Banjur aku mlebu mobil kanthi rasa penasaran. Maksute wong tua mau apa? Bathinku takon-takon. Ahhh... ora ana apa-apa. Aku nyoba jawab pitakonanku dhewe.
Mobil takgeblaske maneh menyang omah. Ning omah aku ora cerita apa-apa marang bojoku amerga kuwatir yen aku cerita mengko dheweke malah kepikiran. Kaya biasane, sawise kerja aku mesthi dolanan ndisik karo anakku sing isih ning wetenge bojoku. Takisik-isik lan takjak ngomong.
Ngancik limang dina sawise kedadeyan ana Tol Jagorawi, aku ngrasa yen sial-sialku wis rada ilang. Nanging dumadakan aku enthuk telpon saka ibu. Saka adohan aku krungu suwarane ibu, “Nang, cepeta ning omah sakit ya, iki bojomu kelaran kayake arep babaran.” Mak tratap atiku krungu ibu ngendhika ngono. Banjur aku langsung menyat nggeblas mlayoke sedan irengku ning omah sakit Fatmawati. Atiku ora karuan. Tekan omah sakit, aku takon ibu kepiye keadaane bojoku. Ibu ngendhika yen bojomu isih kelaran durung bisa babaran.
“Dhik, piye keadaanmu?” takonku melas.
“Lara, Mas...” wangsulane nangis.
Kanthi telaten aku nunggoni keadaan bojoku sing wis ora duwe daya. Mung lemes tanpa tenaga. Ngrintih kelaran nanging ora bisa netesake luhe maneh. Saya dina saya pasi praupane.
Rak tegel ngeti keadaane bojoku aku langsung metu saka kamar. Lungguh nggejegrek ana bangku dawa. Ngempetake luh kang tumiba ing pipiku. Ora bisa nahan maneh luh kang tumetes mau kanthi rasa welas sihku marang Narsih. Dumadakan aku kelingan kedadeyan-kedadeyan sial kang wis kelakon sadurunge bojoku arep babaran. Sanalika uga aku eling omongane wong tua —sing taktemoni ning Alfamart— kuwi, aku dikon cawis kembang setaman lan jajan pasar. “Apa iki maksute wong tua kuwi?” takonku lirih.  Mbregas aku age-age lunga tuku kembang setaman lan jajan pasar kaya kang diomongake wong tua mau. Banjur takgawa menyang Tol Jagorawi, pase ana ing papan olehku nabrak kucing ana ing pitung dina kepungkur. Ning kono uga aku njaluk ngapura menyang barang-barang sing ora bisa dideleng kanthi mata. Njaluk digampangna olehe babaran bojoku.
Sarampunge aku njaluk ngapura ning kono, aku bali menyang omah sakit. Bojoku bisa babaran. Atiku senenge ora karuan. Dokter kang nangani bojoku ngendhika yen bojo lan anakku selamet. Sanalika aku sujud sokur. Banjur aku nemoni bojo lan anakku. Mak tratab, atiku kaget nalika ndeleng kahanane anakku kang cacat. Kupinge anakku wadon kaya kucing.

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.