Saturday, December 7, 2013

Contoh Geguritan

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info


Contoh Geguritan

KORUPTOR
Dening Nunuk Kheran

Apike di dhor
Amarga marakake tekor
Kanggone rakyat
Koruptor kudune ora kena
Urip ana ing Indonesia
Amarga jatahe rakyat
Diembat lan disikat
Lunga kana koruptor
Ayo menyang jabalakat
Koruptor, elinga
Marang tumindakmu
Akeh wong kesrakat
Kang perlu dirumat
Elinga kowe koruptor
Marang dina kiyamat

 Penjebar Semangat;Nomor 49. 7 Desember 2013


Yèn Rembulane Moblong, Paman
Dening I. Kunpriyatno

yén rembulané moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematké swarané
bocah – bocah sing padha dolanan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen ngrungokake gumelegeré guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanadyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopèni lemah warisan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah – owahané jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegurè
alun ing satengahé wahudayan

 Penjebar Semangat;Nomor 50. 12 Desember 2009

 
Marang Banowati
Dening Irul S Budianto

aja koksengguh aku ora ngerti, yayi
geneya rembulan cuwil ing wengi iki
jemparinge Janaka kebacut lumepes
tumancep dhadha bareng keteg-wiramane napas

aja koksengguh aku ora ngerti, yayi
geneya tamansari sansaya endah lan wangi
tresna sing kokronce saben sore karo dheweke
kuwawa nggogrokake godhong-godhong aking kae
senajan durung wancine
tumiba ing lemah pidakan iki

aja koksengguh aku ora ngerti, yayi
critane rembulan cuwil lan endahe tamansari
yen mengkone Astina klakon bedhah
lungide misteri bakal ancik-ancik sirah


 Penjebar Semangat;Nomor 46. 16 Nopember 2013
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.