Saturday, December 7, 2013

Contoh Naskah dan Video Ketoprak

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Contoh Naskah dan Video Ketoprak


Naskah Ketoprak “Sang Gajah Mada” Anggitanipun Sri Paminto Unnes.

Adegan I         : Gambaran suasana perang, Gajah Mada melamun
Suasana           : Perang, trintim
Gajah Mada                : Aku kudu bisa... kudu bisa... oh, Dewata Hyang Agung, mugi...
Paman Harya Tadah    : Mada...
Gajah Mada                : Paman Patih Harya Tadah... mangga... mangga paman, katuran pinarak...
Patih Harya Tadah      : Sajak kaget aku teka ing papanmu.
Gajah Mada                : Wanci dalu paman rawuh, kamangka paman Tadah taksih gerah, lan boten wonten ingkang ndherekaken, menika ingkang damel kaget.
Patih Harya Tadah      : Mada, larane ragaku ora sepiraha yen katimbang klawan lelakon Majapahit... ya bengi iki wektu ingkang prayoga kanggo ndandani Majapahit.
Gajah Mada                : Paman...
Patih Harya Tadah      : Mada,  mangertia yen aku wis munjuk nawala undhur dhiri ing ngarsane gusti prabu putri, minta lengser saka kalungguhan mahapatih Majapahit... lan gusti prabu putri wus nyarujuki...
Gajah Mada                : Paman badhe lengser?
Patih Harya Tadah      : Bener, aku wus yuswa nengahi, ragaku wis ringkih, pamikirku wis ora trewaca, wus ora jumbuh lan kahanan Majapahit kang lagi mbutuhake narapraja kang tangguh kanggo kajayaane Majapahit... mula Mada, sawegaa... gumanti kalungguhane pun paman...
Gajah Mada                : Kula?
Patih Harya Tadah      : Ya...
Gajah Mada                : Boten, paman. Menika sanes karampungan malah bakal saya damel benter swasana Majapahit.
Patih Harya Tadah      : Genea?
Gajah Mada                : Pundhak kula dereng kiyat mikul kalungguhan mahapatih ing Majapahit. Taksih kathah para wredha ingkang langkung pantes, ing antawisipun para nayaka saking Panca Ri Wilwatikta, Mahamenteri Hino Dyah Janardana, Mahamenteri Sirikan Syah Mano...
Patih Harya Tadah      : Saka pamawasku ora ana kang pantes kejaba kowe, Mada.
Gajah Mada                : Dereng Paman.
Patih Harya Tadah      : Mada, jujura marang kapribadenmu... kang dakngerteni lan dakrasakake prajurit iku net, krenteg, lan karep kang kudu dadi sing pinunjul. Mada nalika kowe dadi prajurit, duwe pangangen-angen dadi lurahe tamtama. Lamun wis apangkat lurahe tamtama duwe angen-angen kang luwih dhuwur dadi senopati, mangkono sapiturute... mula saka pandhugaku lan yen ora selak batinmu... Gajah Mada mesthi duwe pangangen-angen kapingin kalungguhan mahapatih Majapahit...
Gajah Mada                : Dereng kathah labuh labet kula tumrapipun Majapahit, Paman Harya Tadah...
Patih Harya Tadah      : Mada, jujura marang swaraning batinmu.
Gajah Mada                : Kula...
Patih Harya Tadah      : Mada...

Berikut contoh dari video ketoprak: http://www.youtube.com/watch?v=C6x9kfHFOb0




sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.