Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani
gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (
suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani
guru lagu. Biasané macapat dimaknani minangka
macapapat-papat, yaiku
cara maca saben patang wanda (
suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman
Majapahit lan wiwitané pengaruh
Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing
Jawa Tengah. Sebab ing
Jawa Wétan lan
Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.
Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman
Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa
gancaran umumé
oradianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé. Sawetara tuladha karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu
Serat Wedhatama,
Serat Wulangreh, lan
Serat Kalatidha.
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasané dipérang
dadi telung kategori:
tembang cilik,
tembang tengahan lan
tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori
tembang cilik lan uga
tembang tengahan, déné
tembang gedhé arupa
kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman
MataramAnyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi
tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang
kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo
kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang
basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
Déné,
tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.
Étimologi
Macapat kerep dijarwakaké minangka
maca papat-papatawit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana. Sawijining pakar Sastra Jawa,
Arpsngandaraké sawetara makna liya ing bukuné
Tembang in two traditions. Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung
-pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (
sandhangan) jroning
aksara Jawasing relevan jroning panembangan macapat.
Banjur miturut
Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening
Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa
maca-pat-lagusing tegesé "nglgokaké nada kapapat". Saliyané
maca-pat-lagu, isih ana manèh
maca-sa-lagu,
maca-ro-lagulan
maca-tri-lagu. Miturut ujaring kandha
maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng
tembang gedhé.
Maca-ro klebu tipe
tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda?) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.
Maca-triutawa kategori sing katelu yakuwi
tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan sadulur. Wusanané,
macapat utawa
tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.