Tuesday, January 14, 2014

Upacara Adat Jawa Nalika Lajang

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

1.      Khitanan

Khitanan utawa Sunat ing Basa Arab khitanuga bisa kasebut sirkumsisi (Inggris: circumcision) yaiku tumindak motong utawa ngilangake salah sijiné bageyan utawa kabeh kulitpanutup saka palanangan. Frenulum saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang asring karan jeneng. Tembung sirkumsisi kanthi asal usul saka Basa Latincircum (kang ngandut arti "muter") lan caedere (artiné "motong/ngètok").

Khitan uga wis diwiwiti ana ing jaman prasejarah, wujud mangkana iku bisa dibuktekake dèning salah sijiné gua kang ana ing mesirawiwit jaman watulan pasarena Mesir purba. Alesan tumindak iki isih digambyarake ing mangsa iku kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang njelasake tumindak khitanan utawa sunat iku bageyan saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah rosul (mangsa baliq).

Ing pandhudhuk asring kasebut dèening mangsa tumuju kadewasane utawa ing donya kasehatan bisa uga kasebut mangsa pangubahan estetika utawa seksualitas. Sunat pada laki-laki diwajibake dening agama Islam dan Yahudi.

2.      Tarapan

Tarapan yaiku upacara kang kaleksanake dening kaluwarga nalika salah sijining anggotane pikantuk menstruasi ingkang kapisan. Biasane kalaksanan seminggu sawise wong wadon mau menstruasi. Upacara iki wis akeh dilalekake dening masyarakat mligine masyarakat biasa. Upacara tarapan kaleksana kanggo nyuwun karaharjan wong wadon kang nembe menstruasi pisanan dening Gusti kang Murbeng Dumadi. Ubarampe ing upacara iki namung sesajen kang tumuju kanggo bangsa lelembut. Sinaosa tarapan iki migunani kanggo wong wadon kang nembe entuk menstruasi pisanan, ananging akeh kang wus ninggalake upacara iki.

3.      Tetesan

Upacara tetesan iki duweni mupangat kanggo wong wadon. Ubarampe upacara kaperang kanggo rong golongan, yaiku golongan rakyat biasa lan golongan bangsawan. Kanggo golongan rakyat biasa nyameptakake sega golong, ingkung, jenang abang putih, jenang baro-baro, jajan pasar, sega ambengan, lan kembang telon. Kanggo golongan bangsawan nyameptakake tumpeng robyong, tumpeng gundul, tumpeng sanggabuwana, tumpeng kencana lan jenang baro-baro.

Sumber:
http://cakrakrisna.wordpress.com/2008/11/21/tarapan-kraton-yogyakarta/
http://jv.wikipedia.org/wiki/Khitanan
http://gudeg.net/id/directory/84/633/Inisiasi-Tetesan.html#.UtTo5Pv5-9Y
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.