Senin, 13 Januari 2014

UPACARA ADAT JAWA NALIKA MBOBOT


1. NGUPAT 
Ngupat utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung"ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng kendhurenngupati, kupat iki ugadiserta'ake neng besek sing digawa bali undangan sing hadir. Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa. Upacara adat ngupat diselenggarakake neng dinasing apik miturut petungan dina Jawa.

2. NGLIMAN
Ngliman  iku salah sawijining upacara adat wètèngan sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung"ngliman" asale saka tembung lima(5). Tujuane upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala. Upacara adat ngliman iki kurang dikenal neng dhaerah-dhaerah tinentu, bedha karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawamalah uga dikenal neng masyarakat Nusantara

3. UPACARA TINGKEBAN
Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lancalon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci(wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang urut-urutane: nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning.  Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.

(Kabesut  saking: Sempulur No. 07/ 11/ 2003/ Heni TH) 

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.