Tuesday, March 25, 2014

Pambuka - Panutup (Pidato Bahasa Jawa)

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Pambuka (Miwiti Acara):


Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya.

Samangke sampun tabuh …. WNIK.

Nitik sasmita ingkang sampun kula tampi, sedaya sampun rumanti sarta miranti.
Ingkang menika nyuwun idi saha pangestu panjenengan, pahargyan ing sonten menika badhe kawiwitan.

Minangka purwaka utawi pambuka, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manungku puja brata, sumujud ing sahandhap pepadanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad. Anut pandam pandom agami saha gegebenganipun sowang-sowang.

Esthining manah, mugi pahargyan ing sonten menika saged katindakaken kanthi gancar, lancar, sepi ing sambekala.

Namung, mligi katur para rawuh ingkang ngrasuk agami Islam, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken maos basmallah sesarengan.




Panutup (mungkasi acara):

Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya.

Setunggal mbaka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing dalu menika sampun saged katindakaken kanthi raharja. Wahyaning mangsakala wus ndungkap titi purnaning pahargyan. Mangke ingkang badhe kondur ngaturaken sugeng kondur, ingkang badhe nglajengaken wungon ngaturaken sugeng wungon.

Wonten ing sungapaning pahargyan, kula pun Chafid Ibnu Abdillah, ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula ngayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur, kithaling basa, kiranging subasita myang tatakrami kula nyuwun lumunturing sih samodra gung pangaksami.

Kalau ada jarum yang patah jangan simpan di dalam peti,
kalau ada tutur kata saya yang salah jangan simpan di dalam hati.

Sugeng dalu, sugeng kondur. Minangka panutuping atur

Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Nuwun.

ditulis di Takmir Fip Unnes, 21 Juni 2009; 19:33 wnik. Chafid ibnu abdillah PBSJ Unnes.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.