Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tuesday, March 25, 2014
PEPAK BASA JAWA : TEGESE KERETA BASA LAN TULADHANE
KERETA BASA Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.
Tuladha :
anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane) batur : ngembati (nindakake) pitutur bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat cangkir : nyancang pikir cengkir : kencenging pikir Desember : gedhe-gedhene sumber dongeng : dipaido ya keneng (kenging) garwa : sigarane nyawa gedhang : digedeng yen bar madhang gelas : yen tugel ora kena dilas gerang : segere wis arang-arang guru : digugu lan ditiru Januari : hujan sehari-hari jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka kaji : tekade mung siji kathok : diangkat mbaka sitok kodhok : teka-teka ndhodhok kutang : sikute diutang krikil : keri ing sikil kuping : kaku tur njepiping kupluk : kaku tur nyempluk kursi : mungkur anggone ngisi mantu : dieman-eman meksa metu maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa piring : sepi yen miring prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan sepuh : sebdane ampuh semah : isen-isenne umah sirah : isine rah (getih) siti : isi bulu bekti sopir : yen ngaso padha mampir sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul) tandur : olehe nata karo mundur tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa) tarub : ditata supaya katon murub tebu : anteping kalbu tuwa : ngenteni metune nyawa wanita : wani ditata wedang : ngawe-awe kadang weteng : ruwet tur peteng
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.