Selasa, 25 Maret 2014

SERAT WULANGREH DHANDHANGGULA :Anggitan : Ingkang Sinuwun kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ing Surakarta Hadiningrat


 

Serat Wulangreh

Anggitan :
Ingkang Sinuwun kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama
ing Surakarta Hadiningrat.

Dhandhanggula.

1.
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.

Tegese tembung :
pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.
medhar sabda = sesorah, pidato.
wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.
cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.
dhahat = banget,sangat.
mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.
ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.
angrumpaka = nganggit, ngripta, mengarang.
kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong.
katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine.
rinuruh = ruruh + in = 1. pasuryan kang semu dhungkluk >< style="color: rgb(51, 51, 255);"> ririh = lirih, alon, pelan.
sasmita = sandi, kode, isyarat.


2.
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruhing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.


Tegese tembung:
ewuh = ribet, ora kepenak, repot.
tan jumeneng = ora ngenggoni, ora mangerteni, tidak mengetahui.
udani = weruh, tahu, faham.
darapon = supaya, supadi, supadya, supaya.


3.
Jroning Qur'an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.

Tegese tembung :
yekti = temen, sesungguhnya, sebenarnya.
uninga = weruh, tahu.
satemah = wusanane,akhirnya.
katalanjukan = ora bener, ora pas, tidak benar

4.
Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.


Tegese tembung:
wirangi = wara' , wong kang ngedohi larang (maksiat), jauh dari perbuatan dosa.
amungkul = temen, putus, nora mangro tingal, istiqomah

5.
Lamun ana wong micareng ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.

Tegese tembung:
micareng = micara + ing , mulang, ngandhakake, berbicara tentang.
mupakat = cocok, setuju, cocok.
nyatanipun = benere, benar.
baresih = resik, tliti, teliti.
limbangen = dipikir, ditandhingake, ditimbang.
rumuhun = dhisik, terdahulu.
dalil = hukum adhedhasar Al Qur'an
kadis = hukum adhedhasar pangandikane, tindake Kanjeng Nabi
ijemak = hukum adhedhasar pamanggihe para ulama.
kiyas = hukum adhedhasar lelakon kang nate kedadean.


6.
Ana uga kena denantepi,
yen ucul saka patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembahyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata.


Tegese tembung:
legetane = dadine, wusanane, isine perkara(?)
angengkoki = bener, jumeneng, pada tempatnya.
katengsun = garisku
kat = khat = garis.
sarengat = syari'at, aturan agama kang kudu dilakoni.
den rawati = diopeni, dipelihara.


7.
Angel temen ing jaman samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaja ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
denarani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
papancene priyangga.


Tegese tembung:
samangkin = saiki, sekarang.
ginuronan = diguroni, digurui.
jaja = adol, menjajakan.
asesenengan = manut karepe dhewe-dhewe, menurut kehendaknya pribadi.
kakarepaneki = kakarepan + iki = karepe iki, kehendaknya
papancene = jatah,takdir.
priyangga = dhewe, sendiri.

8.
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu anggeguru,
ing mengko iki tan ora,
kyai guru naruthuk ngupaya murid,
dadia kanthinira.


Tegese tembung :
mangsa = waktu, jaman, waktu.
sabat = sahabat, murid.
naruthuk = thruthukan, pergi kesana ke mari.
ngupaya = golek,mencari.
kanthinira = bature, rewange, muride, muridnya.

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.