Senin, 08 Desember 2014

Rahasia Angka 3

“Kenegaraan, Kelahiran, Ketuhanan”, tegese, sak kabehing kahanan kang kasat mata iki ora pisah klawan “Tri Murti”.
Tri tegese “telu” dene Murti tegese “buntel” kealusan, dadi wijange “telu-teluning atunggal”. Samono uga kita ya ora pisah klawan “SAN = 3 TRI = 3 ya TRI MURTI”.
Kulit – daging – woh : golekano wohe, kang sejati.
Tutup – rasa – angen-angen : jumbuhe sesebutan Wayang.
Jagat – Dewa Batara : jumbuhe karo raganira.
Raga – budi hawa – angen-angen : jumbuhe karo wadahira.
Brahma – Guru – Wisnu : jumbuhe karo rupanira.
Sipat – jeneng – polah tingkah : kang amerak ati.
Katji – Haji – Caji : mesti dilakoni.
Solat – Sembiyang – Sembah Hyang : pada lakonana ing batine.
Lair – urip – mati : mesti dilakoni klakon.
Esuk – awan – bengi : ngimpi sakehing banda, bojo ayu, tunangan sakala ilang ditinggal mati, gambare wong stip (turu).
Mengertiya sakabehing karameyan kang umyung iku dadi kitab, tu-lesa, iku bisa dadi pitutur, tuturen ditiru turuten kautamane : 1. aja mung diwaca salamba, 2. aja mung di rungu salamba, 3. aja mung ditonton, yen ora disaring-saring, iku tanpa guna urip ngaku Satriya, Cantrik, Satriya, Kawula, Ngawula.
“Wonosobo tumekaning Dieng”, dadi pralambanging Panca Sila, “Panca Sila” dadi pralambang Elmu Ketuhanan, Elmu Ketuhanan pralambang Jedah Mekah Medinah, Jedah Mekah Medinah pralambang Prambanan Borobudur Dieng Edi Tur Aéng. Edi Tur Aéng, isine buku We Yoga Dhi. We Yoga Dhi ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi.
KESENGSEM BARANG KANG AGUNG (SEMAGUNG)
“Dieng awit Wonosobo ciptane Wali akarya pralambang kawruh batin, lan Jaman kang arep kelakon iki”.
Wono tegese alas ya Buwana ya donya, kang dialami iki, Sobo tegese wong kudu sesobo ngalor ngidul ngetan bali mangulon, kurang banter mlaku ? Nunggang sepeda, isih kurang banter ? Nunggang montor lan sapanunggalane. Sapiturute kabeh iku bekakas kanggo rebutan pangan, apus ingapus, ora ana putus-putuse, wis sugih isih kurang sugih, tansah pecah belah, bapa lali anak, anmak lali ing sadulur. Jalaran mung golek makmur, tapi pungkasane ajur mumur, yen saré awaké kaya ajur, meksa ora duwé wedak beras kencur. Ya iku dek jaman penjajah, kita iki tansah dipecah belah, kanggo dagangan Gusti Allah, jare wong Jawa aja kakeyan polah, jebulé sakehing Kebudayaan sasat ora kena disekolah.
Nanging kabudayan manca kang tansah wutah, kita bangsa kongsi ora bisa polah, tingak-tinguk géla-gélo, nglokro dadi bodo, ing manca wis bisa gawe radio, balik kita kang di rembug suwarga, ing mbesuk, ora ngerti yen mung diapusi, supaya aja ngrembug landeping ati, nanging bangsaku tetep ora ngerti, malah ajak gawé pepati, apa iku dawuhe Gusti tegesé apa iku bagus ati ?
Mula iku yén lali dén élingaké, dawuhing Kur’an Watanga wanu bil birri wa takwa wala tangawanu bil ismi wal ngudwa tegesé : sira kabéh pada gawéya kebagusan, gotong royong tulung tinulung, lan uga kudu éling marang kang paring gesang. Tegesé urip ora mung siji ana 20 sipaté mungguh kelahirané Ranté Panca Sila ana 20 cacahé, iku kita kudu sugih pangapura sambung ményambaung dadi siji ala-ala becika sing ala supaya becik, yen dadi siji rawe-rawe rantas malang-malang putung, iku ranté “sabda rukun” ayo pada kang rukun lan aja ndandeng-ndandeng, hayo bangsa pada ngudi elmu kejiwaan kang adi aéng.
Semono uga ing awakira ana kadang (sipaté) 20 mau jajal rasakna, yén sira mangan iku karepé napsu luamah, yén sira nesu iku karepé napsu amarah, sapituruté iku kelahirané wis nang aksara Jawa ana 20 cacahé sapa kang bisa ngerti, dunungé lan uga bisa ngerti asalé ing témbe bisa sampurna uripé, lan ing batiné, lan diéman dening sipat-sipaté, rineksa ing donyane, kalis sakehing bebaya, jajal mara wacanen awakira dewe.

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.