Monday, February 1, 2016

Wacana Naratif, Deskriptif, Eksposisi, Argumentasi, lan Persuasi.

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

  1. Naratif (Nyritakke)
Wacana naratif yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. utawa wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu.
Wacana narasi ana werna loro :
a.       Narasi ekspositoris = wacana kang mung menehi katrangan lugu / apa anane.
                upamane : Siswa nyritakake kedadeyan ing njero kelas nalika piwulang Basa Jawa.
                utawa       : Jeksa nyritakake kedadeyan  rajapati ing pengadilan.
                Tuladha   :
                Jam 06.00 Darmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu nginggati
b.      Narasi sugestif = wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca.
Tuladha : Dongeng (Abu Nawas),                 Roman, Novel, Cerkak, lsp.
Bedane :
}  NARASI EKSPOSITORIS
       1.            Njembarke wawasan / pangerten
       2.            Mbeberke katrangan     bab prastawa
       3.            Adhedhasar nalar            supaya padha sarujuk
       4.            Basa informatif,                tembunge denotatif
}  NARASI SUGESTIF
       1.            Mbeberke makna kang sinandi (tersirat)
       2.            Nguripke pangangen-angen (imajinasi)
       3.            Nalar mung kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu                 nalar dilirwakke.
       4.            Basa figuratif, tembunge konotatif
2.       Deskreptif (Nggambarake)
Yaiku wacana kang nggambarke kanthi cetha salah sawijining kahanan (obyek), obyek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak-rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
3.       EKSPOSISI (Nyritakake Proses)
Sajroning wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris / narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberke. Dadi ancase padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene uwong.
                Tuladha :
                Carane gawe sabuk kulit, Tas kulit, lsp.
4.       ARGUMENTASI (Panemu)
Yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi penemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis / kang ngomong.
Tuladha :

ALKOHOL BISA GAWE CILAKA
Ngombe alkohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadekke tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 jiwa mati amarga kacilakan lalu lintas awit nyopir nanging lagi mendem. Meh 15.000 jiwa tumindak kasar utawa nglalu, amarga mendem. Ana 40 juta anak lan bojone padha sangsara nandhang tekanan mental, awit salah ssiji keluargane ketaman nyandu alkohol.

Penulis ngerti dhewe kira-kira 10 wong kang nyandu
Senajan wis suwe ora ngombe alkohol, ana tengara rada cethek nalare, gampang nesu, gampang mutung, gampang nglokro, pamikire mulek ana panemune dhewe.
5.       Persuasi
·         Persuasi karo argumentasi meh padha, awit padha-padha mbudidaya supaya percaya antarane siji lan sijine kang lagi rembugan.
·         Nanging satemene ana bedane yaiku :
Bedane :
}  Argumentasi
1.       Mbudidaya mbeberke buktiyen panemune kang nulis / celathu iku bener.
2.       Proses tumuju kesimpulan.
3.       Kahanan rangu-rangu / dredah bab kang dianggep bener.
}  Persuasi
1.       Mbudidaya supaya pada sarujuk
2.       Proses supaya wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepaake kang nulis / celathu.
3.       Tansah ngendhani dredah.


sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.