Tuesday, December 11, 2018

Gladhen Piwucalan 4

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Gladhen 3 

Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi mènèhi tandha ping (X) ;

1. Tembang Macapat punika gunggungipun (jumlah) wonten pinten :
a. ;12;
b. ;10;
c. ;11;
d. ;13;
e. ;9;

2. Sekar macapat ingkang nggadhahi guru gatra paling kathah sekar punapa ?
a. Sekar Asmaradana
b. Sekar Dhandhanggula
c. Sekar Sinom
d. Sekar Durma
e. Sekar Pocung

3. Sekar macapat ingkang guru gatranipun cacah 7 (pitu) sekar punapa kèmawon ?
a. Pangkur, Asmaradana, Pocung
b. Megatruh, Kinanthi
c. Sinom, Durma, Mijil
d. Mijil, Pocung, Sinom
e. Pangkur, Asmaradana, Durma

4. Patokan tembang punika (7) 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i minangka patokan tembang punapa ?
a. Sinom
b. Durma
c. Pangkur
d. Kinanthi
e. Asmaradana

5. Watak wantu tembang macapat ingkang cocog kanggé kekidungan ……?
a. Sinom
b. Dhandhanggula
c. Asmaradana
d. Gambuh
e. Pangkur

6. Gatèkna pada tembang ngisor iki
Gancaring carita tama, ing pungkasaning masèhi, rong èwu pitu lumampah, arsa nganggit caritadi, purwané kyai Kali, lawan nyai Wira tuhu, salira duk ing kala, karo kang minangka wiji, lumampahing trah ngatuwa kang dén reksa. 
Pada tembang kuwi kalebu pada tembang ?
a. Gambuh
b. Asmaradana
c. Sinom
d. Megatruh
e. Mijil

7. Ngisor iki kalebu sasmitané tembang Mijil, kejaba :
a. Wijil
b. Miyos
c. Wiyos
d. Mlayu
e. Medhal

8. Roning Kamal punika minangka sasmitha tembang :
a. Dhandhanggula
b. Sinom
c. Mijil
d. Pangkur
e. Durma

9. Tembung manjalma punika saking tembung lingga punapa apa ?
10. Urutaning gesang manungsa rikala taksih ing jaman ruh, kagambaraken wonten ing :
a. Dhandhanggula
b. Sinom
c. Mijil
d. Maskumambang
e. Durma

11. “Sing sapa wongé gelem ngènthèng – ènthèng sengsarané seduluré nalika ing ngalam donya, mula Gusti (Allah) bakalé ngènthèng – ènthèng dhèwèké bésuk nalikané ing akhérat”
njumbuhaken kawontenan ing tembang :
a. Dhandhanggula
b. Sinom
c. Mijil
d. Maskumambang
e. Durma

12. “Saben manungsa bakalé ketekan mati” njumbuhaken kawontenan ing tembang :
a. Dhandhanggula
b. Pocung
c. Mijil
d. Maskumambang
e. Durma

13. “Nggambaraken kawontenan manungsa ingkang sampun sami mangun balégriya, gesang bebrayan minangka kaluwarga énggal kedah jumbuh.” njumbuhaken kawontenan ing tembang :
a. Durma
b. Pocung
c. Mijil
d. Maskumambang
e. Durma

14. “Remen, asih utawi tresna, kanggé mituturi, kanthi raos katresnan..” watakipun tembang :
a. Durma
b. Pocung
c. Mijil
d. Maskumambang
e. Kinanthi

15. Sinten ingkang yasa utawi ngripta serat Mardawalagu....?
a. R.Ng Yasadipura I
b. Mpu Panuluh
c. R.Ng Ranggawarsita
d. Purbacaraka
e. Purwadarminta
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.