sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tuesday, December 11, 2018
Piwulang 2 Campursari
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Standar Kompetensi
Memahami dan menanggapi berbagai wacana lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa dari berbagai sumber.
Kompetensi Dasar / Indikator
• Memahami dan menanggapi campursari melalui berbagai media.Indikator. Membedakan dan mendefinisikan beberapa kategori tembang – tembang Jawa termasuk tembang Campursari.
• Menganalisis isi sebuah teks tembang Campursari.
JINISING TEMBANG SALEBETING KAWRUH TEMBANG JAWA
Tembung tembang ingkang saklajengipun dipunkramakaken sekar, salebeting kawruh kabudayan Jawa punika nggadhahi teges tetembungan ingkang rinoncé lan pinathok, wujudipun tembang – tembang punika taksih kalebet tembang Jawa klasik ingkang taksih ngginakaken paugeran guru gatra, guru wilangan, punapadéné guru lagu, tembang – tembang punika kadosta :
1. Tembang Gedhé utawi sekar ageng, tuladhanipun :
TEGESIPUN TEMBANG CAMPURSARI
Tembang Campursari punika, minangka salah satunggaling seni ingkang dipunripta kanthi nambahi sakpérangan gamelan Jawa kaliyan piranti musik modern, kadosta organ, gitar, bass, drumb, lsp. Salebeting tembang campursari punika adatipun basa ingkang kaginakaken ugi basa Jawa. Nanging boten saben tembang ingkang ngginakaken basa Jawa saged dipunwastani tembang Campursari.
1. JINISING TEMBANG CAMPURSARI
Tokoh ingkang ngrumiyini lan ngondhangaken Campursari, inggih punika Mantous lumantar grup Campursari Gunungkidul (CSGK) Maju Lancar. Nanging sakpunika kathah seniman ingkang nggarap seni Campursari ingkang bènten lan manékawarni jinisipun, wondéné tembang Campursari saged kapérang kados ing ngandhap punika :
a) Tembang Campursari Murni, kasebat mekaten awit Tembang Campurasi punika sinaosa garapanipun lumantar Gamelan Jawa lan musik modern nanging tembang ingkang kasekaraken taksih kalebet sekar ageng utawi tengahan punapadéné dolanan ingkang adatipun kasekaraken mawi iringan gamelan Jawa jangkep. Tuladhanipun : C.S. Sanggabuana, C.S. Gunungkidul, C.S. Sudila.
b) Tembang Campursari Garapan, kasebat mekaten awit Tembang Campursari punika tembang ingkang karipta lan kasekaraken sampun mligi garapan énggal tegesipun boten mligi tembang saking sekar ageng, tengahan punapadéné dolanan. Tuladhanipun : C.S. Gunungkidul, Campursari Nurhana lan Jaka Edan.
c) Tembang Campursai Kroncong Dangdut, jinising tembang Campursari punika adatipun sampun boten mawi iringan gamelan Jawa nanging mligi piranti musik modern, rèhning sekar – sekaripun kaserat salebeting basa Jawa mila kaprah kasebat Campursari. Tuladhanipun : C.S. Didi Kempot, C.S. Cak Diqin.
d) Tembang Jawa sanès Campursari, kados ingkang kaandharaken ing nginggil kalawau, bilih boten sedaya tembang ingkang syair utawi cakepanipun mawi basa Jawa punika saged winastan Campursari, tembang Jawa jinis punika saged arupi Pop Jawa, Langgam Jawa, Kroncong Jawa, rap Jawa, lsp.
2. SUJARAHIPUN TEMBANG CAMPURSARI
Samadyaning warsa 1990 – an, Manthous kanthi grup Campursari Maju Lancar Gunungkidul nepangaken salah satunggaling seni musik ingkang awujud gamelan Jawa kasandingaken kaliyan piranti musik Modern, lan seni garapan énggal punika lajeng winastan Campursari awit panci awujud campuran Gamelan Jawa kaliyan piranti musik modern.
Rikala wiwit wontenipun Campursari kathah para kasepuhan ingkang kirang sarujuk awit kawontenan nyampuraken Gamelan kaliyan piranti musik modern punika saged winastan ngowahi padatan pakem gamelan ingkang sampun baku. Nanging danguning dangu Campursari tansaya ngrembaka, kepara malah kathah pandemenipun. Bab punika mbok menawi sampun limrah jer wiramaning Campursari ugi saged damel kepranan sintena ingkang midhangetaken.
Manthous minangka pawongan ingkang ngondangaken Campursari punika, mijil ing desa Playen tlatah Gunungkidul, rikala taun 1950. Nalika ing taun 1993 Manthous ndamel grup Campursari Maju Lancar Gunungkidul.
3. PARAGA LAN JINISING CAMPURSARI
Paraga lan Jinising tembang Campursari
CS. Murni = CS. Maju Lancar
CS. Garapan = CS. Sangga Buana
CS. Congdut = Didi Kempot
Tembang Jawa = Koes Plus
Mila saking punika boten sedaya lelagon utawi tembang ingkang cakepanipun mawi basa Jawa lajeng sinebat tembang Campursari.

- Kusumastuti
- Citramengeng
- Tepi Kawuri
- Kumudasmara
- Pamularsih
- Balabak
- Palugon
- Juru Demung
- Pangajabsih
- Maskumambang
- Mijil
- Sinom
- Kinanthi
- Asmaradana
- Gambuh
- Dhandhanggula
- Durma
- Pangkur
- Megatruh
- Pocung
- Gundhul – gundhul pacul
- Sluku – sluku bathok
- Ménthog – ménthog
- Ilir – ilir
- Bang – bang wis rahina

Labels:
Modul XI Gasal
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.