Friday, December 28, 2018

Tembung Camboran

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Tembung camboran (kata majemuk) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar tegese uga melu anyar.
Tuladha:
- Buntut urang = rambut nylenthir ing githok
- Maratuwa = wong tuwane bojo
- Semarmendem = araning panganan saka ketan
  • Tembung camboran iku dibedakake ana loro yaiku:
    • Camboran Wutuh
      Tembung camboran wutuh yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung-tembung kang isih wutuh. Wujude camboran wutuh bisa dadi:
      • Rerangken diterminatif (DM)
        Tuladha: watu item, buku wacan, klambi kuning, lemari kaca
      • Baliswara (rerangken MD)
        Tuladha: mahasiswa, bimaputra, pancasila, dwiwarna
      • Tembung saroja
        Tuladha: campur bawur, kala mangsa, ngelu mules
      • Yogyaswara
        Tuladha: dewa-dewi, yeksa-yeksi, kedhana-khedini, raseksa-raseksi
      • Antonim
        Tuladha: awan bengi, jaler estri, teka lunga, nom tuwa
    • Camboran Tugel
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Tembung camboran tugel yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi cacahing wanda wujude camboran tugel bisa dadi.
  • Tembung garba (santi)
    Tuladha:
    - maha + meru = mahmeru
    - nara + endra = narendra
    - lebda + ing = lebding
    - tatu + ing = tatweng
  • Kereta basa
    Tuladha:
    - Balung + kulit = lunglit
    - Tipas + napas = tipas
    - Panase + urut = parut
    - Ngeden + hawa = denawa
Manut tegese utawa kekarepane tembung camboran kaperang ana loro:
  • Camboran Wutuh
    Camboran wutuh yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisahake maneh lan wis duweni teges anyar.
    Tuladha:
    - Balung kuwuk = criping tela pohung
    - Raja lele = araning beras kang enak
  • Camboran Wudhar
    Tembung camboran wudhar yaiku tembung camboran kang tembung siji lan sijine, isih duwe teges dhewe-dhewe.
    Tuladha:
    Pit mini, wayang kulit, meja tulis, gunung gamping
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.