sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
Ads orthoshop

Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tembung ancer-ancer yaiku sakabehing tembung kang nganggo nggandheng tembung siji lan tembung liyane ana sajroning ukara.2. Tembung Panggandheng
Tuladha:Tuladha tembung ancer-ancer liyane: ing, kanggo, wiwit, kadi, marang, tumrap, saking, lantaran, manut, mawa, amrih, kangge, supados, katur, nganti, kadya, kaya, sareng, mungguh, kanthi, supaya, katilan, kagem, ngenani.
- Yuni ndhek mau wis dieterake dening mbakyune.
- Bapak mireng kabar kaya ngono kuwi malah saka wong liya.
- Katuran nenggo sakedhap, bapak nembe dhateng wingking.
Tembung panggandheng yaiku sakabehing tembung kang kanggo nggandheng ukara siji lan ukara liyane ana ing ukara rangkep utawa majemuk.3. Tembung Katrangan
Tuladha:Tuladha tembung panggandheng liyane: sawise, awit, sarta, mula, yen, rikala, mangka, terus, nalika, janji, nadyan, sebab, tanpa, tekan, ben, sawise, supaya, sadurunge, saupama, jalaran, lan, tinimbang, murih, kanthi, sawalike, banjur, klawan, satemene, nganti, lajeng, lsp.
- Bubar mangan mau Sinta nuli mbantu ibune.
- Kowe apa aku sing ditimbali pakdhe mau, mbak?
Yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liyane. Tembung iku kang dadi katrangane panggonan, katrangane wayah, katrangane sebab, katrangane piranti, katrangane cacah, katrangane akibat, katrangane ubaya, katrangane tujuan.
Tuladha:
Tembung tetenger yaiku sakabehing tembung kang dienggo nyandhangi tembung aran, panganggone ana ing sangarepe tembung aran lan ora ana teges apa-apa. Tembung tetenger umpamane: si, sang, para, pun, ponang.
Panganggone ukara ing ngisor iki:
- Ponang jabang bayi tuhu pekik ing warni.
- Para punggawa padha cancut tali wanda.
- Sang prabu nembe duka.
- Si suta kae pancen sregep.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.