Friday, December 28, 2018

Wernane Ukara

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Adhedhasar warna-warnane, ukara iku bisa kaperang dadi lima yaiku:
  1. Ukara Carita
    Yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya.
    Tuladha:
    - Minggu sesuk Bapak arep tindak menyang Purwokerto.
    - Nalika kelas VII kula plesiran dhateng Jakarta kaliyan kanca-kanca sakelas.
  2. Ukara Pakon
    Yaiku ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing kongkon.
    Tuladha:
    - Dhik, tulung tutupna jendhela!
    - Kelas sapunana supaya resik!
  3. Ukara Pitakon
    Yaiku ukara kang isine awujud pitakon.
    Tuladha:
    - Pak Guru Basa Jawa sing anyar kae asmane sapa ya?
    - Kadospundi menawi Panjenengan tindak sapunika kemawon?
  4. Ukara Sambawa
    Yaiku ukara kang isine pangarep-arep, saupama utawa sanadyan. Limrahe nganggo tembung-tembung imbuhan -a utawa -ana.
    Tuladha:
    - Mas Joko tekaa saiki, aku wis kangen.
    - Diwenehana klambi apik ya ora tau dienggo.
  5. Ukara Sananta
    Yaiku ukarang kang isine niyat, sedya utawa karep.
    Tuladha:
    - Sesuk awan arep-arep nggolek degan ijo nenem cacahe.
    - Supaya munggah sekolah aku kudu sregep sinau.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.