——※——
Mekaten tanggap wacana saking ketua komite, dhumateng bapak ....... kula aturaken agunging panuwun
Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking kepala sekolah, dhumateng ........, wekdal saha sasana kula sumanggakaken
——※——
Mekaten tanggap wacana saking kepala sekolah, dhumateng ........ kula aturaken agunging panuwun
Adicara salajengipun inggih menika ikrar syawalan, dhumateng bapak ..... wekdal saha sasana kula sumanggakaken
——※——
Mekaten iqrar syawalan saking bapak ......., dhumateng bapak ....... kula aturaken agunging panuwun, lan mugi mugi kanthi iqrar kala wau sedaya dosa lan kalepatan kula panjenengan sedaya sagen lebur ing dinten menika
Adicara salajengipun inggih menika pengaosan dening .......wekdal saha papan kula sumanggakaken
——※——
Mekaten pangaosan saking ......., dhumateng ...... kula aturaken agunging panuwun, mugi mugi kita sedaya saged mendhet hikmahipun saking pengaosan menika, amin
Salajengipun adicara manca warni, ing adicara menika para juru lados badhe caos pasugatan ingkang sarwi prasaja. Pramila dhumateng para tamu ingkang sampun nampi kaaturaken ngunjuk lan dhahar kanthi mardikaning penggalih. Sinambi ngrahapi pasugatan ingkang prasaja badhe kaaturaken langen swara ingkang badhe kaaturaken dening para siswa kelas 8 lan 7. Dhumateng adik adik ingkang ngayahi tugas wekdal saha sasana kula aturaken
Para tamu ingkang dahat kinurmatan, mekaten adicara syawalan kaluarga agung SMP ..... ing wekdal menika, dumugining titiwanci adicara panutup, sumangga adicara menika kita tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan
——※——
Matur nuwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika kathah kalepatan ing basa dalasan subasita kula nyuwun agunging pangaksama Pungkasaning atur
Wasssalamualaikum Wr. Wb
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.