Wednesday, August 28, 2019

Kamulyan lan Kalaksanan Butuh Proses lan Ikhtiar

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Tengah wengi wes njajal ngeremake mripat tapi tetep mtipat iki ora bisa turu. Gawean wes mari...hp tak candhak. Ngulomboro lewat driji ...

Ana sesanti"durung menang yen durung asor, durung bisa gedhe yen duryng wani cilik"

Dalam bahasa Indonesia artinya " belum menang jika belum kalah, belum jadi teratas jika belum pernah dibawah, belum bisa besar jika belum pernah kecil"

Apa kang kapetik ana sesanti ing dhuwur monggo sareng sareng kita udhal.
Tuntutan manungsa kang kudu ati-ati lan setiti kanggo golek prestasi kang uwis sakmestine dirasakake.Manungsa duweni tata krama, unggah-ungguh,tepa selira marang sakpadha lan dhuweni sikap andhap asor. Gadah pakerti kang iso ngetrepake empan papan lan suba sito. Urip ana ing alam ndunya kabeh duweni laku, sifat kang ora padha. Dadi wing kang ana ing ngarep mestine uga tau ngrasaake piye rasane ana ing mburi. Dadi wong gedhe tegese duwe pangkat lan jabatan kudu tau ngrasakkake kawula alit. Supaya dadi menang kudu wani kalah ndisik. Wani dhuweni sifat andhap asor ora gedhe sirahe. Dadi pemumpin kudu wani ngrasakake dadi masyarakat cilik kang ora dhuwe apa-apa. Seng luweh penting maneh yaiku ojo dadi wong pelit pailit medhit. Dadi wong kudu gelem mbagi rejekine kaliyan wong kang ora ndhuwe.

Prestasi kang sampun kalaksanan dening manungsa ora bakal teko kanthi mak bedundhuk utawa tiba tiba ( mufa'jaah ) Kabeh ana lakune lan proses kang dawa, ngrasakake rekasa lan sengsara. Tiba tangi wes biasa ana ing urip merga kuwi kabeh lakubkang kudu katindhaake. Aja putus asa lan sedih umpama kita lagi entuk musibahvutawa masalah. Kabeh mesti enek jalan keluatlr utawa carane.nanging kudu sabar nggih....menang saka kalah,unggul ( dhuwur saka ngisor ), gedhe saka cilik. Kabeh kui kudu den elingi nggeh....

Sak umpama manungsa ana ing ndunya iki sadar"kabeh manungsa bakal entuk kamulyan kang kalaksanan kudu nganggo perjuangan lan proses"

Mesti wae ora ana manungsa kang gelo, manungsa kang ķurang trima ing pandhum, mesti wae ora ana manungsa kang putus asa nganti golek saben cara dihalalke. Kabeh tindhak tandhuk manungsa dilaksanaake kanggo tujuan kang wigati lan kudu kalaksanan.

Mesti wae urip ana ing ndunya iki bakal tata tentrem kerto raharjo, ayem lan ora bakal mbedhake kanca. Mesti wae bakal rukun, mesti wae bakal nggolek cara kanthi becik ora arundul - srundulan, ora balap - balapan, ora lirik - lirikan ora saing - saingan.. manungsa meathi bakal golek cara supaya bisa dadi manungsa kang migunani ana manfaate kanggo liyan. Urip bakal luwih sempurna amarga nduweni tujuan kang becik supaya saget migunani kanggo liyan.

Dirasakake dihayati kabeh laku urip ana ing ndunya intine nglaksanaaken proses tindhak - tandhuk supaya dadi luweh kajen lan ana manfaate kanggo liyan.

Migio saget enten manfaate.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.