Saturday, August 17, 2019

Tembang Macapat

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Rolas Tembang Pocung kanthi Tema Pendidikan
Tembang Macapat iku ana 11 macam.Dipun purugi piyambak geh ...

Ing kene aku arep nyoba nyebutake 9 tembang Pucung Kanthi Tema Pendidikan. Nanging sakdurunge aku arep mbahas tembung pocung luweh ndisik.

Pocung yaiku salah sijine saka 11 macem tembang macapat. Sewelas tembang macapat sing luwih / paling sederhana utawa ringkes. Pucung isa dijenengake pocung.

Tembang macapat pucung duweni watak Janaka (guyonan). Tembang Macapat pucung isa uga digunakake kanggo cangkriman bab kang lucu liyane. Tembang iki uga akeh digunakake kanggo menehi kandan apa pitutur kang isine bab ajaran kanggo manungsa supaya mampu utawa bisa urip kamulyan Tata Tentrem kerta Raharjo lahir lan batine.

Tembang pucung menehi pesen supaya ngelmu kang becik bakal ana gunane , bakal menehi manfaat kanggo awake dewe lan kanggo liyan, ilmu bisa ngrubah bab kang olo dadi apik kanthi dasar budi pekerti, unggah-ungguh lan tata krama marang sapada, ilmu uga bisa ngalahake bab kang nista dadi suci ana ing dunya iki.

Hmmm,,, apa maneh y kira – kira?
Gawe tembang pucung kudu nganggo aturan yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. 
A.Guru gatra : cacahing larik ana ing tembang
B.Guru wilangan cacahing wanda utawa kecapan saben gatra ing saben     sakpadha.
C.Guru lagu :tibaning swara vokal ( a,i,u,e,o ) saben gatra ing saben sak padha,

Paugeran kang kudu dieling – eling

Guru gatra : 4

Guru Wilangan : 12, 6, 8, 12

Guru lagu : u a i a


Tuladha tembang pocung kanthi tema pendidikhan yaiku :

#1#
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekase dur angkara

#2#
Dadi wong kudu sregep sinau
Aja dho sembrana
Ilmu mesthi migunani
Kanggo awake dewe bangsa lan negara

#3#
Yen sinau aja karo turu
Atine seng bungah
Supaya ngelmune becik
Lakonana kanggo uripmu kang mulya

#4#
Murid iku wajib bekthi lan mituhu
Pituturing dwija
Sabarang reh ngati – ati
Tata krama empan papan katindakna

#5#
Sapa iku ora seneng ngudi ilmu 
Uripe rekasa 
Senenge kepati – pati
Ora sugeh ananging ora rumangsa

#6#
Dadi bocah kudu sregep sinau 
Ben oraa rekasa 
Sinaune ditenani
Yen wes sukses aja lali wong tuwa

#7#
Sholat iku kewajiban ingkang laku
Lekase ket pajar
Ibadah kang pancen wajib
Sholat iku cagake agama

#8#
Urip iku madep mantep lan mituhu
Jo podho sembrana
Nyembaho marang kuasa
Manungsa mung ngundhuhi wohimg pakarti

#9#
Ana weling saka bapa kalih biyung
Aja seneng lunga
Jemehne lungane bengi
Yen dilanggar cah ayu iku bebaya

Saiki latihan gawe tembang pocung dewe ya .....isa opo ora ya...? carane gawe nggunakake paugeran tembang kang wes cumawis.yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ojo dilirwakake .

Ing ngisor iki aku njajal gawe dewe,,,,

#10#
Bocah sekolah aja wegah sinau
Ayo nulis maca
Aja lali dedonga
Murih urip kerta raharja lan mulya

#11#
Bocah sekolah kudu gelem sinau
Tugase gembrayah
Kudu diwenehi biji
Tekan omah diaturna Bapak lan ibu

#12#
Aku seneng lan bungah bisa sinau
Selarik tak eja
Setiti lan ngati – ati
Rasane bungah bisa sinau maca 

Mekaten saking kula mugio saget wonten manfaate.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.