sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, September 1, 2005
Wong Jawa: Pancèn Bangsa Tani [?]
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Sajaké waé wong Jawa iku sejatiné pancèn tani, dudu wong segara. Aku wis naté nulis bab iki ing Lesehan, bloge Lantip Trengginas. Intiné, aku ora meruhi tetembungan apa waé ing Basa Jawa sing bisa madhahi jagat segara."Biyèn yèn lunga nyang Makassar kuwi numpak prau," mengkono ngendikané sawijining priyayi sepuh. Kamangka sing dikarepaké kuwi kapal Pelni. Kapal lan prau, lha ya béda to?
Semono uga salah kaprah ing pangocapan: laut, teluk, selat, segara, samodra. Kok kaya-kayané dianggap padha. Banjur apa basa Jawané semenanjung, muara, gosong[an], delta [iki saka basa Landa], dermaga, lan pantai?
Lha nyangkut bab kapal, apa basa jawané buritan, lambung, lunas, palka?
Banjur apa basa Jawané bajak laut, lanun, lan perompak? Mengko dhisik ya, aja bingung. Bajak laut iku ana loro: sing sepisan ngerampok ana ing tengah laut, lan sing kapindho ngrampok ing darat banjur lunga menyang tengah laut.
Para sadulur saka pasisir mesthiné bisa mènèhi suluh marang aku lan para kanca. Apa maning wong seka Tegal Kota Bahari, giyèh masa ora bisa nuturaké, kepribèn kiyé la...?
Sadulur sekang Purwokerta siji kiyé [yèn durung pindah] bisa mènèhi suluh apa ora ya?
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.