sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Friday, September 2, 2005
Si Tholé lan Si Bawuk
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
"Lé" iku celukan kang lumrah kanggo bocah lanang. Mulané aku ngundang Imponk NoTrash kuwi "lé". Biyungku kadangkala uga nimbali aku "lé". Ning bareng tak eling-eling, yen ora salah tembung sing asalé saka "tholé" iku nduweni riwayat kang kurang sopan.Lha yèn miturut para sepuh lan uga guru basa Jawaku ing SMP biyèn, "tholé" iku saka tembung, nyuwun sèwu ya, ngaturi duka, "kont----é" sing ateges barangé wong lanang. Lha yen "wuk" utawa 'bawuk" iku sejatine saka tembung "g-w-k" sing ateges barangé wong wadon.
Aku durung yakin apa panemu iku mau bener utawa salah. Lha ning saumpamané bener, kok ya anèh. Celukan kok dijupuk saka tembung saru. Lha kuwi pada wae yen nganggo tembung modern utawa ilmiah nyeluk cah lanang "pen" utawa "nis", lan nyeluk cah wadon "vag" utawa "na" [utawa "gin"].
Kepriyé miturut para sanak? Nyuwun sèwu yen posting iki kurang prayoga.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.