Masiyo podho jowoné lan biasa ngomong nganggo boso jowo, terkadang isih ono salah tompo, amargo ono ukoro sing artiné rodo sejé. Biasané kedadéyan nèk asal daerahé sejé. Koyoto wong jatim lan jateng utowo wong jowo daérah pesisiran lan wong nggunung.
Jaman kuliyah mbiyèn ngontrak omah cah pitu, jowo kabèh, nanging asal daerahé sejé-sejé. Ono dialog sing aku isih rodo kèlingan:
"Nèk wis mari, énggal mréné yo.."
"Mari? Lha aku iki ora lara jé.."
Durung suwi iki, sesasi-an kepungkur nèk ora salah, aku mèsem-mèsem dhéwé nemoni kedadéyan salah tompo ngené nang shoutbox, antara
Dèn Bagus Nopal karo
Jeng Isna. Nopal iku asli soko Malang lan Isna iku putri Solo sing rodo suwi prèi soko dunia maya amargo lara.
Kiro-kiro ngèné ukarané.
"Pal, aku wis mari kok.."
"Mari ngopo?..." *bingung*
Héhéhé...
Wong jowo tengah ngarani
sembuh dari sakit iku
mari. Nanging
mari-né wong jatim sing tak tangkep artiné
rampung,
bar.
Wektu semono iku, karo koncoku sing cah jatim yo tak takokaké:
"lha trus nèk ngarani sembuh dari sakit opo? "
"waras.."
"wééh...waras iku sak ngertiku terkadang artiné dadi lawan katané èdan..."Pancèn waras iku artiné slamet, séhat. Nanging nang ndésoku, sak élingku aku arang nemoni tembung iki digawè pitakonan kanggo wong sing bar lara. Embuh nèk nang daerah jawa tengah liyané.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.