sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, June 25, 2008
Mrentek kaya Kathok Suwek
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wis lumrah menawa bocah cilik seneng jajan, mengkono uga awakku wanci isih cilik ndek biyen. Rikala semana aku nembe umur uda kara 5 tahun. Lha ndilalah ana ing kulon omahku ana wong dodolan panganan Jawa sing saben dina mandhek ana ing kono utawa dasar ana ing kono. Panganane rena-rena; tahu bunder, plencing, pecel, karak, rambak, krupuk, jajan pasar, bakmi, tempe goreng, tahu goreng, tempe gembus lan sakpanunggalane.Wanci awan-awan mulih dolan, enaaaak tenan yen jajan plencing nganggo tahu bunder ngombene banyu kendi sing isine banyu sumur tanpa digodhog luwih disik utawa banyu mentah. wadhuh............sueger tenan. Aku matur karo simbok supaya dijajakke plencing karo tahu bunder, alhamdulillah simbok kersa banjur aku nyuwun karo bakul (Mbah Kromo Mbothem). E..... bareng wis entuk plencing karo tahu bunder.... koq rasane isih pengin mangan tempe gembus ya, Aku matur marang simbok 'Mbok, tempe gembuse siji ya?'. Simbok banjur mangsuli 'lha koq mrentek-mrentek kaya kathok suwek!!!!'. Hehehe ana-ana wae.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.