sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, June 25, 2008
Tutur dadi Sembur
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Rikala aku isih sinau neng Sekolah Dasar (SD) ana ing desaku Karangdowo Klaten, aku didhawuhi bapak supaya rewang matun eneng sawah. Lha sawah iku mau panggonane jejer karo sawahe simbah cilik (adhine simbah) sing jenenge Mbah Hardo.Dasar aku bocah kesed tur manehe ringkih, pinuju pas matun aku asring capeng utawa malang kerik amarga rasane boyokku pegel kabeh, lha ora nate nyambut gawe neng sawah tur ndungkluk koq didhawuhi matun.
Semune Mbah Hardo nggatekake anggone asring ndengengeg bantujur capeng iku mau. Mbah hardo alok marang aku, 'Sam.........Sam.......lha wong matun koq mung malang kerik wae, kowe ki ora pantes dadi wong tani, pantese dadi priyayi'.
Wanci dilokke kaya ngono kuwi atiku rada serik, wadhuh....... jebul Mbah Hardo mriksani aku ta? Isin aku, apa maneh bapak ya melu ngulati aku, mesthi wae kanthi polatan sing ora nyenengake. Aku mudeng endi polatane bapak sing penak lan endi sing ora kepenak.
Kedadeyan iku tak eling-eling tenan nganti saiki. Aku ora ngira jebul ngendikane Mbah Hardo jaman semana iku dadi donga mungwing awakku. Bareng saiki aku wis ngancik dhewasa (umurku saiki wis 34 taun), aku malah matur nuwun marang Mbah Hardo, tenan!!!! saiki aku ora dadi wong tani, nanging dadi priyayi lan malah saiki cekel gawe ana ing Jakarta.
Crita iki bisa diwastani 'Tutur dadi Sembur' sing ateges rembug utawa pangandikane wong tuwa sing dadi donga. Mula saiki aku wis dadi wong tuwa (anakku 2), mesthine kudu ngati-ati yen ngendikan apa maneh marang para putra.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.