1. Manekung, tepakurKridhaning nalar ingkang nyarengi kridhaning raos, nama meditasi. Manekung, tepakur, menika inggih meditasi. Tiyang Walandi anggenipun negesi meditasi (meditatie) = overpeinzing bespiegeling = overweging. Sadaya menika kirang langkung sami kaliyan nggagas lan nyuraos.
Biyasanipun ingkang dipun-suraos namung babagan kebatinan kemawon, upaminipun ingkang magepokan bab agami. Kridhaning nalar ingkang nyarengi kridhaning raos wau gambaripun makaten :
Wonten tiyang sepu : kera aking tur wuta pisan, pepriman. Welas kula dhawah, badhe kula sukani. Gagap gagap kanthong, kaleresan wonten rupiyah satunggal, thil kridhaning raos).
Sareng badhe kula-ulungaken, nalar kula ndadak menging Mengko dhisik, ta, bocah-bocahmu kaya-kaya durung padha sarapan (kridhaning nalar).
Raos kula (welas kula) = aken : ulungna
Nalar kula…….. menging.
Raos Ian nalar makarti sasarengan. Kala-kala rebat deg (rebat kuwaos).
Sadangunipun raos lan nalar sasarengan makarti makaten menika, tiyangipun (kula) mendel dheleg-dheleg.
Makaten menika meditasi.
Yen kita sami nonton ringgit purwa, boten sami kengetan bilih ingkang mobah, gineman, lan perang menika wacucal ingkang dipun-entha kados tiyang, dipun-polahaken pun Dhalang. Dados ingkang nyuwara barang menika boten liya inggih pun Dhalang menika wau. Kita boten patos migatosaken wontenipun sang Dhalang menika.
Ing ngriku kita sami katut ing raos kita piyambak. Nalar boten patos makarti. Nanging para intellektuelen, inggih menika para semen nalar, menapa-menapa dipun manah, nonton ringgit inggih kanthi memanah: Neng ngendi ta dununge negara Pringgadani kuwi ? Apa tenan ana uwong kaya ngono (Semar) kuwi rupane ? lsp.
Yen nalar kita tumut nggagas makaten menika, anggen kita nonton ringgit boten namung kenyut kemawon, nanging ngangge kanalar. Salebetipun kita kraos tumut seneng lan susah saliyan pun ringgit, sarwi kula gagas samukawisipun, menika kula inggih saweg meditasi.
Samangke kita boten nonton wayang, nanging nonton masyarakat agung, nonton ngagesang.
Kita katut seneng, katut bingah, katut gela, katut meri, lsp. Makaten menika kita saweg katut ing raosing ngagesang.
Manawi mangke kita wiwit manah : apa sababe aku susah, bungah, gela, meri ngene kiyi........? Saya sanget anggen kita nggagas, saya lebet anggen kita manah, saya dangu anggen kita mendel dheleg-dheleg. Raos lan manah kita sasarengan makarti, maneges (nyuwun katerangan) dhateng ... dhateng Ingkang Maha Agung. Nyuwun katerangan kados pundi, kita suminggah saking raos sisah lsp. menika wau.
Makaten menika meditasi.
Kita kados lan rumaos sami, gesang jumejer dados manusa. Kita sami kapengin sumerep saking pundi asal kita, badhe dhateng pundi mangkenipun yen kita pejah. Gek kados menapa wonten ngrikanipun, lsp. Makaten menika inggih meditasi.
Meditasi menika badhe sumerep "wadining" ngagesang.
Dados salebetipun meditasi, nalar kita makarti, boten passief: dheleg-dheleg semu ngantuk, kosong boten wonten ingkang dipun manah. Yen kosong makaten menika muta-watosi sanget.
Gampil dipun-ampiri utawi dipun-surupi daya ingkang kirang sae. Kranjingan tembungipun.
2. KontemplasiKontemplasi (contemplatie) lan meditasi (meditatie), kalih pisan saking basa manta, nanging sampun remasuk dados tembung kita ing kalangan kebatinan.
Tiyang Walandi negesi contemplatie sami kaliyan bespiegeling, beschouwing. Kalih pisan nggadhahi suraos: mawas (mawas ing batos), badhe nyumerepi terangipun, cethanipun.
Upaminipun:
Suwarga kuwi ana apa ora ..........? Wonten.
Ngendi dununge ........................? Ngrika.
Kaya apa rupane .......................? Kados makaten.
Apa ana ka-endahan Ian ka-nikmatan ing ngalam donya kene sing kira-kira madhani ? Boten wonten.
Apa kowe wis tau ngambah suwarga ? ..................... Dereng.
Bisamu mangsuli pitakonku man kepriye? .................... Namung saking panginten-inten kula piyambak.
Samangke kula piyambak ingkang badhe mangsuli pitaken pitaken menika :
Suwarga ana ? Neng ngendi ? Kaya apa ? Apa ana pepadane ? ...............Cep.
Kula mendel, terus mawas ing batos Suwarga kuwi ana. Embuh ana ngendi. Ning cetha yen maha endah, maha kepenak, maha nikmat, maha maha........ Cekak papan kamulyan jati.
Kamulyan jati kuwi kaya ngapa, ya ? ........................ Embuh.
Suwarga iku mung kena kinaya ngapa. Mung kena ginambar ing tembung.
Mawas ing batos kados makaten menika nama kontemplasi. Bedanipun kaliyan meditasi, ing ngriki raos boten patosa aktief (makarti), nanging nalar makarti yektos.
Sadangunipun kula cep mendel: mawas wontenipun Ian ka¬wontenanipun suwarga wau, kula inggih dheleg-dheleg temenan. Kebatinan kula saweg dumunung wonten ing suwarga lambaran kula.
Mawas gambar makaten menika nama kontemplasi.
3. Mijmeren, maneges, mahas ing ngasepiPara sadherek, samangke kita dumugi ing tembung-tembung ingkang angel sanget panyuraosipun.
Ewa dene meksa kula temah nerangaken. Boten namung waton mungel kemawon, nanging ngengeti pitedah-pitedahipun pars linangkung, kados dene Dr. A. Besant, Ny. H.P. Blavatsky, J. Krishnamurti.
Mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi, manawi kawewahan manekung Ian tepakur sadaya wau sami nunggil maksud, inggih menika: mirengaken swaraning ngasonya (ngasepi). Terangipun makaten "Ngasepi" utawi "ngasonya" menika tegesipun : pun sepen, pun nyenyet, anu sing sepi, anu sing nyenyet. Dede "sepi nipun, dede "nyenyet" ipun, nanging "anu"-nipun.
"Anu"-nipun ingkang sepen nyenyet menika, pramila dipun sebut : nga-sepi, nga-sonya.
Tembung "urip" boten sami tegesipun kaliyan "nga-urip". "Sonya" boten sami tegesipun kaliyan "nga-sonya".
Dados kita mirengaken swaraning ngasonya menika tegesipun mirengaken swaraning anu kang sonya.
Anu ingkang sonya menika wau pundi lan ing pundi wontenipun ?
Anu ingkang sonya menika papan ingkang awis-awis dipun¬ambah tiyang, utawi ingkang boten dipun-ambah tiyang, kadosta: ing kuburan. Pramila tiyang nepi utawi tiyang nyepi, samimriku.
Kajawi ing pakuburan, ugi ing tengahing wana, pramila kangge papan tapanipun pars pandhita, lan para. begawan. Ugi ing telenging samodra, pramila Werkudara inggih mriku. Lajeng kepanggih Dewa, nama Dewa Ruci, Dewa kang kesit tan-kena ginrayang, tan kena ginatra, tansah nyamun, tan alit tan agung (Dr. Radjiman Wedyodiningrat ing serat "Kempalan karanganipun K.R.T. Dr. Wedyodiningrat").
Dados Anu ingkang sonya menika wau: papan ing pakuburan, ing tengahing wana, ing telenging samodra.......!! Rak inggih, to?
Mangke rumiyin. Menika kok kathah sadherek ingkang "nikel imba" (nikel alis utawi nepungaken alis utawi mrengut : mrengut jalaran mbok manawi boten kersa nampi katerangan kula menika), Rehne makaten, kula kapeksa ngaturi katerangan Bares:
Anu ingkang sonya menika rasa rumasa (bewustzijn) ingkang dumunung ing telenging manah kita piyambak.
Alam gumelar, alam dumadi, alam rame utawi alam donya menika boten sonya, boten sepi. Dados ingkang sepi temtu dede ing ngriku panggenanipun.
Lha wonten pundi.
Inggih wonten ing alam ingkang boten gumelar utawi ing alam alus, utawi ing alam ingkang boten kasat-mripat, utawi ing alam batin, utawi ing alam gaib.
Pundi dunungipun alam gaib menika ?
Wonten telenging manah kita piyambak.
Manut serat Dewa Ruci wonten telenging samodra. Wondene pun Anu ingkang sonya menika sang rasa rumasa (bewustzijn) kados atur kula ing ngajeng.
Dados : mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi, manekung, tepakur, utawi mirengaken swaraning ngasonya menika: mirengaken swaraning sang rasa rumasa ingkang sasana ing telenging manah. Manawi ing serat Dewa Ruci: Werkudara mirengaken swara- nipun sang Dewa Ruci.
SAMADHIManunggilManawi swaraning ngasonya sampun kapireng dumeling (cetha), "Sang Werkudara" lajeng lumebet ing "guwa garbanipun Sang Dewa Ruci."
Ing ngriku kita samadhi. Tegesipun sampun manunggil. Sang Werkudara sampun manunggil kaliyan Sang Dewa Ruci.
Para sadherek, ing ngriki kula boten badhe ngaturaken bilih cariyos Dewa Ruci menika satunggiling pralambang ingkang kedah kita ungkabi, kita onceki.
Sarta kula boten badhe ngaturaken dunung utawi maksudi: pun "Werkudara" lan "Dewa Ruci" menggahing kita manusa. Boten badhe ngaturaken menapa "Werkudara" ing serat Dewa Ruci menika sami kaliyan kula ingkang mirengaken swaraning ngasonya, menapa "Dewa Ruci" menika sang rasa rumasa ingkang sasana ing telenging manah kita.
Kula namung nyumanggakaken.........
Namung ngaturaken gambaranipun utawi pepindhanipun: "samadhi" menika kadi dene Werkudara ingkang sampun wonten salebeting guwa garba Dewa Ruci.
Para sadherek, atur kula bab panganggenipun badan pikir punapa dene ingkang dipun-wastani samadhi utawi manunggil, sampun cekap samanten kemawon. Samangke kula badhe ngaturaken bab tuntunanipun.
*** * ***
Penget:
Sasampunipun boten~ingung , keparenga kula ngaturi Penget malih, magepokan bab memanahing-kang leres, manut sabda wasitanipun lngkang Linangkung Risang Krishnamurti ingkang kawrat ing serat "De Vrijheid van het Bekende" ugi, ngkang Jawinipun kirang-langkung makaten "Memanah utawi memikir leres menika boten gumantung dhateng uwohipun utawi kepanggihipun, ugi dede ingkang nama ngasah nalar (ngulir budi) kemawon, tuwin dede cundhukipun (cocogipun) pamanggih kaliyan conto utawi kupiya, nadyan conto utawi kupiyanipun menika adi-luhung kados menapa.
Memanah utawi memikir leres menika tuwuh saking weruh dhiri pribadi.
Memanah utawi memikir leres menika margi saking anggenipun sumerep
dhateng dhiri pribadi.
Manawi dereng weruh dhiri pribadi, sadaya ciptanipun tanpa waton.
Manawi dereng weruh dhiri pribadi, menapa ingkang kamanah
boten nyata, goroh, dudu".
Sok sampuna pirsa...!!!
- Kapetik saking “Tuntunan Samadhi” dening Ki Wirjoatmodjo
ingkang ngedalaken "PT. CITRA JAYA MURTI" Surabaya 1959.

No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.