Sunday, December 5, 2010

Laporan Kunjungan

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Lelungan ing jaman saiki kalebu kabutuhan kang wigati tumraping pribadhi. Lelungan kuwi minangka sarana hiburan kang bisa ngilangake stres lan rasa bosen sing ditandang dening awak sajroning nyambut gawe, sinau utawa kegiyatan kang matumpuk-tumpuk.
     Kajaba minangka kegiyatan kanggo nuruti kesenengan, lelungan uga bisa ngasilake pakaryan kang mumpangati, kayata bisa gawe geguritan, gawe karangan, gawe tulisan cariyos kekesahan (laporan kunjungan), lsp.
     Asiling karya-karya mau bisa digunakake minangka oleh-oleh, kanggo para kanca, para pamaos ing majalah dinding, syukur baget bisa kakirim ing kalawarti-kalawarti basa Jawa.
     Penulis anggone gawe laporan kunjungan kudu ngemot kabeh informasi bab apa sing wis ditindakake.
Ing sajroning laporan kudu ngemot:
1. Judul laporan
2. Wektu kunjungan
3. Papan panggonan kunjungan
4. Asmane para nara sumber utawa sing diwawancarai
5. Budhal saka ngendi lan jam pira
6. Tekan papan tujuan jam pira
7. Jam pira anggone wawancara
8. Asile wawancara
     Daftar pitakonan ing dhuwur iku mung kanggo pancadan utawa ancer-ancer sakepyakan. Bisa diowahi, ditambah utawa dikurangi dhewe manut kahanane. Sanajan asile laporan kuwi mung wangsulan-wangsulan pitakonan, nanging wujude laporan digawe kaya cerita gancaran kang runtut ora pedhot-pedhot lan ora mandheg dhewe-dhewe.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.