Saturday, November 5, 2011

DINTEN AGUNG AGAMA BUDHA MAHAYANA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

DINTEN AGUNG AGAMA BUDHA MAHAYANA
  1. Tri Nugraha (Waisak)
Inggih punika: pangeran Sidharta inggih Sang Budha lair, Nampi Wahyu, Nibbana (seda) tanggal 15 Jawi ing Wulan 5 Mei M.S.
Lair ing Kapilawastu, Nampi Wahyu ing Budhagaya, Nibbana (seda) ing Kusinara

  1. Asadha
Sang Budha paring Dharma (piwulang) kawitan ing Isipatana tepining Sri Wilugangga (Kandhang Menjangan), tgl 15 Jawi wulan 7 (juli) M.S.

  1. Kartika
Sang Budha paring tandha tamating Dharma (piwulang) ngleresi owah-owahaning mangsa. Inggih punika Rendheng Ketiga/ Ketiga datheng Rendheng. Tanggal 15 Jawi ing wulan 10 (oktober) M.S.

  1. Taun Enggal
    1. Tanggal 1 Sura
Mapak tanggal sarana pasa: 3 dinten, lampahing Tri Sarana/ Trisarini. 4/5 dinten, Lampahing Upasaka/ Upasika. 6/7 dinten, lampahing Pandhita Mudha/ wredha. 8 dinten lampahing Samanera/ Samaneri, 10 dinten lampahing Wiku/ Wikuni.
Sadaya wau kaangkah tgl 1 Sura sampun tamat. Dene lampah pasa kalawau dipun lampahi tuwim mbotenipun, boten wonten peksan, awit ing piwulang Budha boten wonten tembung peksan (kudu).

    1. Tanggal 15 Sura,
Malem Suka Purnama Sidhi ( Malam Gembira)
    1. Tanggal 30 Sura
Nguntapaken tanggal, cekap semedi sesarengan papan ingkang dipun temtokaken dening Upasaka:
Keterangan:
Tiga-tiganipun wau kang sinebat: Purwa 1 Sura, Madya 15 Sura, Wusana 30 Sura. Sedyanipun lampah: ngaturaken gunging panuwun dhumateng Hyang Maha Suci, dene taun ingkang sampun kalampahan pinaringan karaharjan, mugi-mugi taun ingkang badhe linampahan makaten ugi.


  1. Nyadran
  1. Purnama Sidhinipun wulan sekawan, taun jawi (syaka) (tanggal 15 Bakdomulut), kalamangsanipun sinebat Nyadran kiriman.
  2. Purnama Sidhinipun wulan wolu, taun Jawi (syaka) (tanggal 17 Ruwah), sinebat Nyadran Ageng
  3. Purnama Sidhinipun wulan rolas, taun Jawi (syaka) (tanggal 15 Besar) kang sinebat Nyadran Punggahan.
Dados 1 taun (12 wulan), linampahan 4x3 trep kaliyan wewaton Catur Ariya Setyani sarta Tri Sarana. Hasta Ariya Marga nyadran ageng ing wulan 8.pudhunan boten wonten, awit adhedasar kasunyatan gesang punika saya majeng (minggah)budhi pakertinipun. Lan mboten enten tiyang nenuwun kok nyuwun drajad (pangkat),sarta rejekinipun (ekonominipun)
Tumapak (kepyak) sadranan wau, bilih saged jam 12 Dalu, Jalaran Purnama Sidhi tur inggih saged: Meneng kaya watu, ening kaya banyu sedya cipta karsanipun.
Nyatanipun bilih sami ngraosaken tumut upacara Hari Pahlawan dhateng Taman Makam Pahlawan. Bilih dahana (geni) sampun makantar-kantar. Lagu Pengheningan Cipta kapireng manganyut-anyut, ing Cipta: kadya urip ing sukmayana. Punika bilih lebet daya ciptanipun, nanging padatan inggih malah ngantuk, bilih jiwa asor malah ajrih (mrinding).
Ingkang dipun waos bilih saged sarwa pepak: Wandana, Trisarana, Puja-puji Sesaji, Puja Wijaya Suta-wijaya Kusuma, Metha Bawana.
Katerangan:
1. Nyadran ingkang pakartinipun sesaji miwah wilujengan in prasetyanipun pepundhen (leluhur), punika sayekti mbalung sungsum ing jiwaning bangsa kita. Saha punika kalebet upacara kita. Piwulang Budha Mahayana. Inggih punika mulyakaken Sangkan Paraning Dumadi (Tumuwuh).
2. Sedyanipun (tujuwanipun):
a. Sumungkem ing Hyang Maha Suci mugi-mugi para Sukma Jatinipun kang sinare ing sarean punika, katampi ing ngayunaning Hyang Maha Suci.
b. Dene sesaji sairing boga katur para Sang Budha ingkang sampun lenggah ing swarga Tusita, mugi paring pangayoman.
c. Dhateng titah alus sanesipun, mugi sampun ngantos nggodha (ngreridhu) lampahing sukma Jati dhateng ing alam kasampurnan.
Mila bilih ngleresi nyadran, ing dusun-dhusun sampun kaprah (biasa), sanadyan larang tedha, sinten kemawon boten mawas dipunaturi tetedhan ingkang dados ubarampening sadranan wau.
3. Dados saged gambuh (jumbuh, gathuk, mathuk) kaliyan tembung nyadran wau. Jalaran nyadran: saking lingganing tembung: Darana (pisungsung) (jakat) angsal ater-ater (awalan) anuswara: nya; panambang (akhiran) ;an dados tembung kriya (kerja) Nyadran. Sami kaliyan tembung lingga sapu angsal ater-ater anuswara nya dados nyapu. Sabrang, ater-ater nya dasos nyabarang. Dene bilih mawas tembung sadran. Wonten ingkang mendetsaking tembung: Saudara; ingkang tegesipun Waris, inggih saged gathuk (mathuk). Liripun Mulyakaken para waris ingkang sampun murut kasidan jati.


  1. Wilujengan Lampahing Sukma Jati
  1. Telung (3) dina
Ing alam Komadhatu
  1. Pitung (7) dina
Ing Alam Komaloka
  1. Sekawandasa (40)
Ing Alam Arupa Dewa
  1. Satus (100) dina
Ing Alam Arupa Dewa
  1. Mendhak pisan
Inga lam Bodhisatva
  1. Mendhak Kalih
Ing Alam Nirwana
  1. Mendhak tiga (nyewu)
Ing alam Para Nirwana
Dene ing bebrayan kalamangsa sasampunipun nyewu (nelas) taksih memulih (ngekoli), ing piwulang Budha Mahayana inggih kengin, malah inggih panic punika tandha yekti bilih piwulang wau taksih ngrembaka (ngrembuyung).
Naming cethanipun makaten: bilih sukmanipun leluhur (waris kala wau kalamangsanipun manggihi ana ing Alam Sukmayana (impen) katingal sengsara, wajib dipun pepulih (kholi). Awit sukma wau mbetahaken pambiyantu puja-puji semedi kangge nggayuh kasampurnan jati.
Bilih wonten sukma ingkang mekaten wau, cetha sanget bilih anggenipun Puja-puji semedi sesaji (wilujengan) wiwit 3 dinten ngantos 1000 dinten dereng pikantuk kepareng ing Hwang Maha Suci.
Pancen inggih mekaten: awit manungsa wau wenang mbudidaya, nanging mboten wenang nemtokaken. Bilih sukma wau sampun mboten mekaten, mboten perlu kawontenaken pepulih (khol), awit sampun sampurna. Umpami ing alam sukmayana (impen) manggihi, paring pitutur ingkang sae (pepenget sanesipun) inggih mengku sedya rahayu, Sukma wau sampun lenggah ing alam 5 (Gangsal) Bodhisatva Avalokitiswara.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.