Saturday, November 5, 2011

KAWANITAN

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
KAWANITAN
Sunaring Catur Ariya Setyani ngarsa miwah ing pungkur kanan miwah ing kering, alelandhesan Hasta Ariya Marga angka 1. inggih sejatine kawruh:
Jejering kawanitan nglenggahi : Tri Prakara:
  1. Tangkar-tumangkaring Manungsa tumitah lumahing Bumi kureping langit.
  2. Pratama(kawitan) Panggulawentah (pendidik).
  3. Padaringaning Bale Wisma (ngrigenaken rejeki/ekonomi).

1. TANGKAR-TUMANGKAR.

Awit saking purbawasesaning Hyang Maha Suci nitahaken Manungsa ing jagad punika: wiwit alam Awang-awang (angen-angen), Uwung-uwung (uwong-uwong) inggih wanita-priya: ingkang sinung (tuwuh) krenteging katresnan jati mahyakaken pakarti: manunggaling Kawula lan Gusti.
Wahyaning mangsakala Gatraning Manungsa katitahaken ing Alam Purwapada 9 Wulan 10 dinten ing angganing wanita(wetengan).



2. PRATAMA (KAWITAN) PANGGULAWENTHAH (PENDIDIK)

1.      Wanita sayekti dados saka guruning panggulawanthah (pendidik) Awit wiwit manungsa tumedhak saking alam purwapada inggih ingkang sinebat jabang bayi, tuhu mbetahaken pangrimat: Tata–titi–tlaten trampil–trengginas, tresna trusing batos. Adhedhasar  kanyatan punika; Asor–luhuring wangsa (Bangsa) wanita tuhu dados sarana utama. Mila sareng taun jawi (syaka)1900kang cinandra sangkala: purna purnamaning jawata manunggal, kados sampun dados purbawa–sesaning Hyang akarya jagad Agama Buddha manuksma dhateng jiwangganing manungsa, gumbreged, ngrungkepi tunggak kencana ing Borobudur inggih Buddha Mahayana, Wanita tansah gandheng konca kaliyan priya ing babagan tata cara sarta upacara. Kabegta Wanita nglenggahi babagan ingkang wigatos (penting). perlu sanget midhangetaken Dharma (piwulang)luhur sarta perlu tumut ngucapaken (ngendika). Awit bilih Wanita tansah rinubung ing budhi pakerti luhur, malah kala mangsa anyarira kridhanging pakarti utama, yekti Tindak-tanduk wau mesthi badhe utama sarta susila. piwulang nerangaken :kalamangsa ;nyatanipun kridhaning wanita kapurba –wasesa: Duga–prayoga. Empan-papan, babah-pernah. Lamun nilar saking punika sampun nerak Anggering kawanita.
2.      Piwulang kuna inggih ing jaman Buddha.
1.      Putri/putra badhe nambut silaning Akrama dipun dhawuhi : pasa 3,4,5,7 dinte, salah satunggal dipun lampahi. Jalaran pakartining palakarma wau tundhonipun minangka sarana  tumuwuhing  manungsa ingkang badhe nglajengaken sejarah. Mila boten aneh lamun kaesthi lair trusing batin.
2.      Lamun putrid wau sampun nggarbini (ngandhut):
a.       Boten kendhat amemuji.
b.      Mirengaken piwulang luhur (macapat)
 jaman rumiyin.
c. Yen lumampah pinanggih (nyumerepi)eri dipun singkiraken, tegesipun nebihaken cecengilan.
d. Ngunjuk gebyur ron widosari. Kajawi njagai kasarasan, mawa pamuji widada sarta lestari.
e. loloh (nyidham). Peksi kepodhang ules kuning (kawicaksanan). Sasmita:pocapan ginadhang.

  


3.      Pambudidaya Basuki (wilujengan) nggarbini (meteng).
1.      Tri gatra candra            : 3 wulan
2.      Panca gatra candra       : 5 wulan
3.      Sapta gatra candra        : 7 wulan
Lamun sang bayi wau sampun ngantos langkung saking petang 9 wulan 10 dinten, dipun wilujengi mawi jenang procot. Sadaya wilujengan wau inggih naming sakadaripun. Malah ingkang baku maos puji-puji semedi, sesaji sawontenipun. Dados panggulawenthaingputra jaman kuna wau wiwit taksih gatra (wonten garbaning sang ibu),khanti lair trusing batin.

3.WANITA PADARINGANING BALE WISMA
Kabekta wanita tinitah nyanggemi ubeng-ingering bale Wisma, mila wajib: Gemi, nastiti,surti lan ngati-ati

Gemi tegesipun :
-         Boten kenging gebreh, dhemen keklumpuk saking sakedhik (nyelengi)
Nastiti :
-         Boten nilar kaliyan petangan: Upaminipun pamedal sakedhik, kaangkah sampun ngantos ngungkuli saking pamedalipun, kapara wontena tirahanipun.
Surti:
-         Sampun ngantos gadhah watak lalen, tansah neniteni barang darbekipun, solah-tingkahing kakung saha putra-putrinipun. Awit padaringan (wadhah) wau momot-momor ing samudayanipun ingkang wonten ing salebeting griya sarta ing wewengkonipun.
Ngati-ati:
-         Ngecangaken punapa kemawon sarwi ngati-ati. Sampun ngantos grusa-grusu (tregal-tregel). Tansah angginaaken duga lan prayoga.
Adhedhasar crita/sejarah
Wiwit jaman kuna (Budha) adhedasar crita kang sinandi ing Padhalangan Jejering Wanita tansah gandheng konca lan Priya ngembat kridha (olah) kaprigelan ing babagan: Agama (kawruh batin), Negara Bebrayan (masyarakat).
Tuladha:
Babat Lokapala

Dewi Sukeksi Putri Raja Pinandhita Alengka: kersa nambut silaning akrami lamun wonten priya ingkang saget medharaken: Sastra Jendra Ayuningrat Pangruwating Diyu.
Dados wanita wau cetha sanget langkung nengenaken(mentingaken) luhuring kawruh katimbang harta (bandha) wirya (pangkat).

Bharatayuda

Putri Pancalaradya Dewi Wara Srikandhi ing prang Bharatayuda. Awit biling tanpa wara Srikandhi, tangeh Pandhawa saget ngendih kasudibyanipun Resi Bisma.

Crita Sejarah

Dewi Sekartaji (Candra Kirana), garwa sang Kamiswara II (Joyoboyo), inggih pujangga Agung Kediri. Ing langen Andhe-andhe Lumut, nyariosaken kasetyanipun putrid dhateng kakung. Wekdal punika Nama Candra Kirana wau dipun tuladha kagem namaning paguyuban para ibu garwanipun para bapak Narayuda (Angkatan Perang) kita, inggih kang sinebat PERSIT Candra Kinara.
Ing reh supados nulodho kasetyanipun Dewi Candra Kirana dhateng kakungipun. Bilih para ibu wau katilar ngayahi kwajibanipun, sampun ngantos nerak kautamanipun wanita.
Jaman kaprabon Majapahit: para putrid kathah ingkang samya ngebat luwuhing negari (dados kepala Negara).
Sang Gayatri putrid Pinandhita, Tri Buwana Tungga Dewi, Wisnu Wardani Suhitarini, Raja Putri Ing Majapahit.
Nanging sareng Kaprabon Majapahit lereh, piwulang Agama Budha surem saking madyaning bebrayan (masyarakat), kawibawaning putri ugi tumut sirna dhatan kocap. Saya matumpa-tumpa sureming kawanitan sareng kita kajajah.
Mbok menawi sampun dados Purba Wasesaning Sang Akaryo Jagad, Ndungkap,
Taun 1879-1904 ing Jawi Tengah kitha Jepara tilas laladan Negari Kalengga (Medhang Kamulyan), wonten Srikandhining Bangsa ingkang nyirnakaken mendhunging kawanitan, inggih R.A. Kartini.
Wiwit punika Wanita-wanita kocap malih. Gegayuhanipun R.A. Kartini wau ing Jawi Kilen dipun lajengaken dening Dewi Sartika ingkang dipun ombyongi paguyuban-paguyuban wanita sanesipun.
Malah rikala tanggal 22-25 desember 1928, paguyuban wanita wau sampun saget ngawontenaken parepatan agung (konggres) ing kitha Ngayogjakarta Jawa Tengah.

Wanita Ing Asia

Purba Wasesaning Ingkang Akarya jagad, pancitan kinaya-ngapa. Bakdanipun perang donya II, ing asia negari ingkang warga-negaranipun ngrasuk agami Budha sami Mardhika, kawanitan saya kuncara malih. Nyatanipun putri saking Hindiya nate dados ketua Presidium PBB, kawitaning wanita ingkang kaping kalihipun saking Afrika negari Liberia.
Dados piwulang Agami Budha antawisipun priya sarta wanita mboten embank cindhe embank-siladan.
Malah ing andum: Harta Pusaka (waris) sarta Gono-gini: Mboten mawi gendong/ pikulan. Awewaton: Madyama Patipada, Catur Arya Setyiani, Harta Ariya Marga.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.