Monday, October 15, 2012

Geguritan

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Dening : Aan Bling Blong

Ing wayah sore
Aku ngadeg nggejejer ing tengah sawah
Menthelengi srengenge ndhelik ing mburi gunung
Mbaka sethithik kowe ilang seka sawanganku
Ndonya wis ora padhang maneh
Ganti rembulan putih sing madhangi donya
Lintang-lintang padha sumebar ing langit

Embuh kepiye lintang isa ana neng langit
Embuh kepiye anggonmu nyiptakake
Ana srengenge, ana bulan, ana lintang
Kabeh kuwi ora ana sing isa diciptakake karo tangane manungsa
Manungsa ming isa nyawang ciptaanmu duh Gusti
Manungsa ora ana apa-apane
Manungsa sing duwe derajat mung manungsa sing bekti marang agama
Ora ana manungsa sing isa gawe bumi, srengenge,bulan, lan lintang
Ora ana manungsa sing isa mepeti kersane Gusti
Kuwasane manungsa ora ana apa-apane karo kuwasane Gusti
Namung Gusti sing duweni kuwasa sing ora ana tandhingane
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.