Monday, October 15, 2012

Pranatacara Syawalan Ing Sekolahan

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
            Salam kawilujengan saha rahmatipun Gusti Allah tansah kajiwa kasarira dening kula lan panjenengan sedaya.
            Ahlan Wa Syahlan
            Puji syukur sumangga kula lan panjenengan aturaken wonten ngarsa dalem Gusti ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan saha kasarasan saengga kula lan panjenengan saged nglempak lenggah pepangggihan ing sasana punika saperlu nindakaken syawalan ing dinten ingkang fitri.
            Dhumateng panjenengan Bapak -------- minangka Kepala Sekolah ------------ ingkang kula hormati, bapak ibu guru lan karyawan ingkang kula bektosi, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
            Para rawuh ingkang kinurmatan,
            Gegandengan wekdal sampun dungkap siang, pramila adicara punika enggal dipun awiwiti. Ananging sakderengipun, kula badhe maosaken rantaman adicara ingkang badhe lumampah wonten ing kalodangan punika.
11)      Pabuka
22)      Pamaosing ayat suci Al-Qur’an dening Bapak -----------
33)      Tanggap wacana saking Bapak ----------
44)      Iqrar syawalan
55)      Inti syawalan yaiku jabat asta
66)      Purnaning adicara lan panutup

Para rawuh ingkang kinurmatan,
Adicara menika sumangga kita wiwiti kanthi maos Basmalah sesarengan
---------------------------------------Bismillahirohmanirohim-------------------------------------------------------
Mugi-mugi kanth waosan Basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara punika saged lumampah kanthi wilujeng purwa madya engga wusana.
            Salajengipun, pamaosing ayat suci AL-Qur’an dening Bapak ------------, kasumanggakaken.
---------------------------------------Bismillahirohmanirohim-------------------------------------------------------
Matur nuwun.
            Salajengipun, tanggap wacana saking Bapak ----------, kasumanggakaken.
--------------------------------------------------ngendika----------------------------------------------------------------
Matur nuwun dening bapak --------.
            Saljengipun acara kaping sekawan inggih menika Iqrar syawalan ingkang badhe pimpin dening Bapak ---------- , kasumanggakaken.
----------------------------------------------------Iqrar-------------------------------------------------------------------
            Nginjak adicara ingkang gangsal inggih menika inti syawalan ingkang dipun isi jabat asta, diwiwiti saking Bpak ----------------- jabat astanipun Bapak --------- lajeng bapak ibu guru lan karyawan sarta para siswa -------------. Kula kasumanggakaken.
-----------------------------------------------------salaman--------------------------------------------------------------
Mugi-mugi kanthi salam-salaman punika, kula lan panjenengan sedaya saged paring pangapura. AMIN.
            Kanthi mekaten sampun paripurna, ugi ayahan kula minangka pranatacara. Pramila kanthi punika kula piyambak, nalika salabeting ngaturaken rantamaning adicara wonten kekiranganipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Cekap semanten saking kula.
Bilahi taufik wal hidayah
            Wassalamu;alaikum Wr.Wb
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.