Rabu, 29 Mei 2013

ANGRATONI ALAM KARAHAYON

“If you don’t care for the roots of the plant, you cannot expect the flower to blossom beautifully”. Rerangken sesotya ingkang rineka dening Thomas Dinan, priyantun Amerika ingkang kasengsem dhateng budaya Jawi, punika wau nyandhi wewangening kandha bilih manawi kita sampun boten kersa ngupakara oyotipun, mokal kita badhe saged nyawang asrining sekar ingkang anjrah mekar ngrembaka. Manawi oyot ingkang tinandur punika namung badhe dipun lebur, dipun rerabuk namung badhe dipun remuk, dipun rumpaka namung badhe dipun prawasa, punapa budaya Jawi minangka oyotipun tiyang Jawi punika lajeng kedah siningid ing weca kalanggengan? Saeba cuwa lan kuciwa manah punika manawi tiyang Jawi ngantos kicalan kiblating pangluru, tundhonipun namung nyancang ewoning pangangen-angen ingkang tumlawung tumangsang ing korining mendhung ngenguwung. Bakal lungkrah sakabehing rasa sumarah yen jiwa Jawi klakon nganti bubrah. 

Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang-towang. Para priyagung hanung-hanung lebda ing salwiring reh menggahing kawruh lan kautaman, kalilanana manawi ing riki kula nekad tumut njegur mak byur ing tuking kaweruh lumantar andharan ing ngandhap punika, lajeng ceciblon penak seger munyer-munyer sinambi tetembangan hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur, rengeng-rengeng angegidung pameling dhiri kangge hanggondheli werdi ingkang kuwawi nedhahaken samukalir kiblating pangluru kanthi kumawantun anggelar gulung medhar weriting perkawis Jiwa Jawi punika kacundhukaken kaliyan kabetahan samangke tanpa nilar piwulang kina ingkang ngemu aji langgeng. 

Kumalancang kula adhapur anyerep-nyerepaken linggih salehing Jiwa Jawi hing ngarsa panjenengan punika sayektosipun namung saderma hanetepi darmaning ngagesang wonten ing samadyaning bebrayan. Kula rumaos kajibah tumut hambundheli sarta mulat edi endahing budaya lan sastra Jawi supados boten mingsad-mingsed, mulur mungkret, ewah gingsir anggen kula angegungngluhuraken kabudayan piyambak amrih lestari widada salaras kaliyan kayektosan mekar mungkaring jaman. Ing pangajab, mugi andharan kula punika sageda mujudaken satunggaling bab ingkang kenging kangge ubarampening imbal wacana supados wawan rembag punika langkung menthes lan mikantuki. Jer wajibing tiyang gesang punika rak namung kalih, inggih punika sinau lan mulang, tamtunipun kanthi wicaksana inggih punika sageda ngrumaosi lan mangertosi dhateng cacading dhiri sarta mbudidaya kepripun amrih karaos manis, matis, pantes lan sakeca tanpa nyampyok pangreksaning darbeking liyan. 

Dikotomi lawas anyar, kuna modheren, sing modheren kudu digondheli rapet sing tradhisional kudu ditinggal glanggang utawi kosokwangsulipun, punapa dene “romantisasi masa lalu” vs “nguri-uri budaya”, udreg-udregan perkawis punika badhe tansah wonten lan sah-sah kemawon, kapara malah sae amargi saged sangsaya njembaraken wawasan kita, saengga kita saged mahyakaken pamikiran-pamikiran kita kanthi langkung patitis lan menthes saha saged katampi dening nalar. Tuwuhipun mawarni-warni pamanggih, kalebet sadaya panyaruwe ingkang kawedal saking lathi, punika rak sampun nama limrah. Pramila kita sampun was sumelang malih, ingkang baken kita kedah jejeg, jajag, jumujug anggen kita sami lelumban tumut andhudhuk, andhudhah, adamel mekar ngrembaka budaya Jawi. Sikep toleran dhateng dikotomi punika ugi perlu kangge gladhen olah rasa supados kita tansah waspada, tansah ngangge petungan ing sabarang tumindak, nora kena den awur ing satemah sasar susur. 

Tembung waspada piyambak mengku teges “tansah awas ing pada”. Manawi padane punika “pada lingsa” (tandha koma ing aksara Jawi), inggih kedah wonten let-letane, ambegan rumiyin sawetawis lajeng lumampah malih. Semanten ugi manawi padane punika “pada lungsi” (tandha titik), inggih kedah purun mandheg mak sssst, direm sampun ngantos bablas mindhak kadrawasan mangke. Wonten ing jagad pakeliran, sinambi ndhodhog kothak ki dhalang asring paring sasmita “kadya kukila mung weng gantangan”. Para niyaga, wiraswara, lan waranggana sadaya sampun sami nyumerabi sasmita wau, inggih punika boten kepareng ngglajus nggelar sampak sakarepe udele dhewe (sing arepe mangan udele dhewe kaya cak sapta ya sapa cak), amargi sasmita wau minangka tandha manawi sampun wancinipun nabuh gendhing Perkutut Manggung.

Sapunika sumangga kita gagas-gagas, kita sadaya punika rak ‘korban’ saking prastawa sejarah ta? Pramila kangge ngadhepi mangsa samangke lan ingkang badhe kalampahaken, prayoginipun kita kedah purun noleh mawingking supados boten kesampar kesandhung anggen kita badhe tumapak lumampah mangajeng manggihi karahayoning bebrayan ing alam sawegung. Ning kosokwangsulipun, kula ugi boten kuwawi angluputaken satunggaling pamanggih ingkang mratelakaken bilih punjering kawigatosan ing salabetipun kita tumandang damel, punika kedah mligi tumuju ing riki lan ing wekdal samangke. Pamanggih punika manawi kamamah lembut inggih pancen wonten leresipun, sauger pamanggih makaten wau boten pisan-pisan anglirwakaken dhateng sadaya kedadosan ingkang sampun nate gumelar, nanging tetep dipun kantheni kaweruh saking pundi sangkan kita punika lan daya pangaribawa saking prastawa sejarah ingkang pundi ingkang handadosaken kita kados sapunika. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli, mulat sarira hangrasa wani.

Santayana, salah satunggaling filosof saking sabrang Kilenan ugi nate asung wewarah, kinten-kinten makaten ungelipun “Those who don’t know their own history are condemned to repeat it.” [Sok sintena ingkang boten ngawuningani sejarahipun, padatanipun lajeng angambali prastawanipun.] Ancasipun angrikataken anggenipun badhe anggayuh kamajengan, gumregah enggal tata-tata murugi ingkang saweg dados sawangan, bebasan nginanga durung abang ngidua durung asad, mak jleg sampun dumugi ing pucuk. Nanging sarehning sampun kicalan ingkang saged dados pancadan, boten sanes inggih punika budaya Jawi minangka perangan jati dhirinipun piyambak–ingkang sami dipun singkiri kapara malah kaasoraken drajatipun–temahan ing satengahing margi ingkang pinanggih namung reribed, jebul malah dharedhah tansah panca bakah kaliyan bangsanipun piyambak. “Kasmaran angimpun kawrin, ngaran Suluk Sangkan Paran, amrih wruh bener lupute, wong tumitah aneng ndonya, purwane saking apa, angandika Kanjeng Rasul, sapa kang wruh ing sarira, sayekti wruh Hyang Widdhi, pesthi ananing manungsa, kadis punika pakone pan nora kuwasa nora, manungsa ngawruhana, inya ingkang nedya weruh, wruh babarira kamulyan….”

Ingkang dados sedyaning manah kula, inggih punika namung badhe mawas salah satunggaling wataking manungsa ingkang ing wekdal samangke perlu sanget kagesangaken. Manungsa punika kasinungan watak saged nata. Sinten ingkang nglirwakaken tamtu badhe manggihi kapitunan ageng boten saged angratoni alam karahayonipun. Gesangipun manungsa punika saged katitik saking cipta, rasa, lan karsanipun. Sipating gesangipun manungsa warni tiga wau kenging kula tembungaken daya-dayaning Gusti ingkang wonten ing manungsa. 

[1] Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging manungsa kedah enget dhateng weting kodrat, bilih kaweruh wau kedah tumuju dhateng pangurbanan, inggih punika sepi ing pamrih karenan lereming reh rahayu, dados tumuju dhateng karahayon. 

[2] Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa, amargi manungsa punika manawi sampun saged mranata badhanipun piyambak, inggih saged mranata dhateng kiwa tengenipun. Namung kemawon, kawasa ingkang sampun kasarira dening manungsa punika wau kedah kangge angayomi. 

[3] Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, dados kedah mawi kekiyataning raos.
Watak punika dumunung wonten ing utek, naminipun pamikir. Sadaya ingkang medal saking wewengkon punika nami pikiran. Samangsa manungsa gadhah pikajeng, pamikir lajeng kataman dhateng dayaning pikajeng wau, lajeng ebah. Lha ebahing pamikir punika ingkang dipun wastani mikir, sanes mikir-mikir. Dene bentenipun, tiyang mikir punika mesti wonten ancas tujuwanipun. Pikiran satunggal lan satunggalipun ingkang jumedhul saking pamikir punika lajeng kagathuk-gathukaken, kasaring-saring, perlunipun ngupadi pamanggih ingkang mikantuki dhumateng ingkang ngebahaken pikiran wau. 

Tiyang mikir punika kados dene tiyang mlampah: dumugi ing prasekawanan boten sumerab lajenging lampahipun, punapa mangiwa punapa manengen. Samangsa tiyang punika namung linggih kemawon, tamtunipun boten badhe sumerab margi pundi ingkang kinten-kinten leres. Benten sanget samangsa tiyang wau lajeng purun menek uwit inggil upaminipun, saged sumerab tlatah sakiwa tengenipun. Ing inggil uwit saged angsal pamanggih, margi pundi ingkang sakinten saged dumugi ing papan ingkang katuju. Lepat lan leresipun pamanggih wau badhe kayektosan manawi sampun dipun lampahi. Kosokwangsulipun, tiyang mikir-mikir punika namung anampeni saben pikiran ingkang medal saking kajengipun piyambak, boten wonten punthonipun, tanpa pamanggih punapa-punapa.

Dados punthoning tiyang mikir punika angsal pamanggih. Pamanggih wau yen kacobi nembe kasumeraban leres lan lepatipun. Cekakipun: tiyang purun mikir punika manawi angsal reribed, wujuding karibedan warni-warni, kajengipun namung badhe ngicali karibedan wau. Punika ingkang dados pamrihipun tiyang mikir, mila wonten tetembungan yen boten wonten lampah tanpa pamrih tegesipun tanpa tuju. Dene lampahipun kados makaten, samangsa tiyang punika manggih karibedan, lajeng pamikiripun kendel jegreg kados tiyang lumampah ingkang kaalang-alangan. Ing batos wonten pikajeng badhe ngicali pepalang wau. 

Pamikir, kadayan saking dayaning pikajeng, lajeng samekta badhe nyambut damel. Karibedan wau kapilah-pilah, perlunipun badhe nyumerabi sapinten agenging karibedan sarta badhe kabucal mbaka sakedhik. Pilah-pilahan lajeng kawawas mbaka satunggal, urut, boten sapurun-purun kemawon pamendhetipun. Sadaya pangalamaning pamikir lajeng kawedalaken. Pangalaman wau dipun gothak-gathukaken, wiwit nyobi-nyobi pangalaman pribadi pundi ingkang sakinten saged ngicali karibedan punika. Wekasaning panyobi wau angsal pamanggih satunggal kalih ingkang sajak saged katindakaken, salah satunggal kedah kapendhet. Manawi kacobi, badhe nyumerabi leres lan botenipun. Manawi panci leres, nama yen pamikiran leres. Manawi pamanggih wau boten mikantuki, nama yen pamikiranipun lepat utawi klentu.
Saged ngrumaosi lan mangertosi, punika perkawis ingkang raket keket supeket cathok gawelipun kaliyan muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab saking pangraos. Sadaya kempaling pangertosan ingkang mijil saking pamikir utawi pangraos mujudaken undhuh-undhuhan saking weruh, amila lajeng kasebat kaweruh, amargi ingkang dados empan paraning gilig punika inggih saking tumanduk ing weruh. Inggih pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening rumaos hambetahaken saha niyatipun kepingin mangertosi dhateng samukawis punika ingkang dados dhasaring kaweruh. 

Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken pangertosan. Hewadene pangertosan ingkang tuwuh saking muluring pamikir ingkang dipun kantheni kekiyataning pangraos, keplasipun mangke lajeng tumuju dhateng katresnan, tresna dhateng sasamining ngagesang. Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung kandel-kumandel saking moncering pepaking kaweruh ilmu-ilmu pangawikan kemawon, utawi saking ngapalaken punapa dene nirokaken isining buku lan reriptan sanesipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang., nanging ugi kedah saged nyumerabi kawontenan sarana kersa migatosaken dhateng kawontenan wau, punika ingkang nama maca kahanan. 

Migatosaken dhateng kawontenan punika tegesipun nanggapi dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika saperlu kangge nggugah raos. “Sing sepi resepana, sanadyan sing sepa ora muspra.” Moncering wejangan punika saged kangge cakotan manawi badhe mirantosaken margi ingkang kedah dipun ambah dening para lelampah, murih boten angececer wanci sarta saged rancag dumugining gegayuhanipun. Wohipun tiyang migatosaken kawontenan punika tamtu gesang raosipun, kagigah raosipun, lajeng purun ngraosaken dhateng kawontenan. Manawi tiyang punika sampun gesang raosipun, padatanipun lajeng tuwuh niyatipun tumut hangrerencangi kadumugening sedya angratoni alaming karahayon ing salebeting gesangipun. 

“Pepindhanipun gupala kawarsan [reca lumuten saking lawasipun], punika kangge nggambaraken manungsa ingkang gesangipun tanpa linambaran raos,” makaten Rama Topo ing Pakuncen paring damar seserepan ngengingi perkawis raos punika. “Kudu nginang suruh, sumuruba nganti weruh, bisoa nganti tekan rosing rasa, gaduk ing rasa, candhak ing tata.” Ngerti punika pancen jembar tegesipun, amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan gineman kanthi patitis–tegesipun saged njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun sumerabi–punika gandheng renteng kaliyan piwulang ngrembag samubarang kanthi olah nalar lan panglantih olah cecaturan ngangge basa lan lagu ingkang becik, ngampil basanipun ndara tuwan kolonial mungel Zaakonderwijs verbonden met spreeken verstandsoefeningen. 

Perkawis olah nalar lan mahyakaken pamikiran arupi seratan utawi gineman kanthi patitis punika lajeng ngemutaken kula ngengingi tata cara ing pawiyatan nalika jaman kolonial Walandi, inggih punika opstelletje maken kados ingkang sampun nate kapratelakaken ing buku anggitanipun Rama J.B. Mangunwijaya asesirah Impian dari Yogyakarta. Ing tata cara opstelletje maken punika, para siswa kadhawuhan kapurih adamel reriptan, lajeng seratanipun punika kawaos ing sangajengipun kelas. Ingkang kajibah mbiji (saged ugi arupi pitakenan langsung) punika boten namung guru, nanging ugi kalebet kanca-kancanipun sesami siswa. Kanthi panglantih nyerat lan mbabar isining seratan ing sangajengipun akathah punika, punapa malih manawi katindakaken saben dinten, para siswa wiwit taksih mambu kencur sampun dipun kulinakaken mahyakaken pamikiran-pamikiranipun kanthi patitis lan boten dados gampang nesu lajeng ngrancang reridhu anjlumati laku manawi pinuju pikantuk panacad utawi panyaruwe. 

Kawuningana, ngelmu punika sagedipun dados kaweruh kasunyatan kedah kanthi laku. Ngelmu ingkang tanpa laku, boten badhe saged nekseni kasunyatanipun namung kandheg wonten ing gagasan kemawon, rumaosipun sampun bontos kaweruhipun, garanipun sampun apil dhateng apalaning piwulang, nanging sayektosipun dereng paja-paja. Yen panjenengan kagungan Serat Wulang Reh, yasan dalem PB IV, ing kono kapacak tembang kawitan Sekar Dhadhanggula, lha mangga diwaos sinambi rengeng-rengeng: “Sasmitane ngaurip punika, mapan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.” 

Kaweruh bab ngelmu punika manawi taksih saking piwulangipun asanes, utawi piwulangipun buku-buku, punika taksih dereng kenging dipun percados wetah, jalaran piwulang wau sayektosipun namung ancer-ancer minangka kangge cocogan ing tembe. Dados sadaya piwulang punika sagedipun tumanja boten cekap namung taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging kedah dipun pirsani kepriye tandang grayange, gada gitike, labuh labete marang tugase, carane pasrawungan bisa samat-sinamatan apa ora, bisa tanggap marang kaperluwan apa ora. Ing Serat Wedhatama yasan dalem Kanjeng Gusti Mangkunegara IV wonten tetembungan minangka gagaran tumrap para ingkang sami ngudi kaweruh, ungelipun makaten: “Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya buda pangekese dur angkara”. 

Sekar Pucung punika wosipun nyethakaken menggah ngelmi punika sagedipun tumama kedah mawi lampah lan kawiwitan saking santosaning lahir lan batos. Manawi sampun tuhu bebudenipun tamtu badhe saged hambengkas tumindak awon sarta angkaranipun. Sanadyan kagungan ngelmu, nanging manawi boten kersa hanglampahi, punika pepindhanipun kados dene wastra lungset ing sampiran. Dados para ingkang ngupadi dhateng kaweruh lan kautaman samya ngrumaosi kajibah nyepeng tanggel jawab tumut lelumban aneng samodraning pakaryan njejegaken kawontenan lan sadaya tumindak ingkang karaosaken singlar, nalisir, geseh, mencong, menceng, serong, cengkah, punapa dene ingkang mbadal saking pepoyaning kautaman, supados ingkang kaesthi, ingkang kawijil ing lathi saha ingkang binabar ing tindak-tanduk lan solah-bawaning pakarti sageda murakabi ing kardi. 

Tiyang ingkang saya berag anggenipun ngudi ngelmi kasampurnaning agesang, satemah cahyaning wadananipun katingal sumunar kaprabadan resik weninging budinipun. Manawi tiyang punika tansah taberi ngudi kasembadaning gegayuhanipun, tansah incang-inceng luru ngelmu, thruthusan sinau linambaran ing lampah sesirik sarwa gengsi, satemah badhe saged sumerab lan mangertos sayektos kasunyatan kawontenaning jagad nginggil lan jagad ngandhap. Jagad nginggil ingkang padhang narawang anjog dhateng kasuwargan. Jagad ngandhap ingkang kebak pepeteng, rereged lan sarwa dosa. Awit saking sanget ing pangudi, satemah saged kadumugen gegayuhanipun saged nutul kembang sadhompol, inggih punika sekaring kasampurnan marganing asuwargan ingkang satuhu, ingkang rupinipun mancawarna, abramarkata kados manekawarninipun drijining asta, panjang celak, ageng alit, lan maneka warni tujuwan sarta pigunanipun. 

Minangka jangkeping wawasan, kula badhe mratelakaken lampahing panggulawentah gandheng kaliyan wataking manungsa. Ing saderengipun jabang bayi lair, punika sampun anggadhahi wewatakan ingkang dipun wastani dhasaring watak. Anggegesang wewatakan ingkang sae saha amejahi watak ingkang kirang prayogi punika ingkang dipun wastani panggulawentah. Manawi para juru panggulawentahipun boten saged dados patuladhan, lajeng kados pundi wewatakanipun lare ing tembe wingking? Kacang ora ninggal lanjaran. Anak molah bapa kepradhah. Manawi panggulawentahipun klentu, satemah watak ingkang sae wau lajeng saged kasilep, katutupan dening ngrembakaning watak ingkang kirang prayogi. Amila, patrapipun para juru panggulawentah anggenipun nuntun dhateng lare kedah sarana ngulataken dhateng dhasaring wewatakanipun lare, supados tuntunanipun sageda laras kaliyan ancasing lare. 

Sanadyan katuntun kados punapa kemawon, rancaging lampah anggayuh karaharjaning putra ngantos dados tiyang pinter, nanging manawi kasagedan wau boten laras kaliyan dhedhasaring wewatakan ingkang sumimpen ing dalem putra wau, ing tembe tamtu badhe wonten benceng cewengipun tumrap wewatakanipun, bebasan pintere mung pinter keblinger boten uninga punapa ingkang perlu katindakaken utawi pundi margi ingkang kedah kaambah amrih saged kadumugen gesangipun. Lare punika jiwa ingkang gadhah lelampahan piyambak, ingkang perlu anggayuh satunggaling pakaryan ingkang sampun dados tetanggelanipun, gadhah kewajiban ingkang kedah karampungaken ing salabeting gesangipun. 

Sadaya kadadosan punika rak mesthi wonten sebab-musababipun, pramila punika manawi kita badhe ngundhuh woh ingkang miraos, inggih lajeng perlu ngengeti damel wiji utawi sebab ingkang saged nguwoh miraos. Mbokmanawi sampun dados wewataking manungsa, manawi dereng wonten lelampahan ingkang sangsara, limrahipun dereng kraos klentu lan sok ugi dereng wonten niyat badhe andadosi sebabipun nandhang papa cintraka wau. Dados nedhah-nedhahaken kasangsaran, ngertos-ngertosaken dhateng risaking kawontenan, bibrahing tatanan ingkang tundhonipun damel kapitunanan dhateng asanes, punika perlu supados bebrayan umum saged tumut ngraosaken lelampahan ingkang sinandhang. Manawi sampun saged kraos, yakin yen sangsara, limrahipun lajeng gampil dipun ajak mikir punapa ta sebabipun lan kados pundi anggen kita saged ngrungkeb ingkang dados gedibaling ontran-ontran, rengka-rekasaning laku, rungsit-gawating gesang ing ngalam bebrayan Nuswantara punika. 

Anggenipun bangsa kita ebah ngupados kamulyan tuwin kaluhuran sampun 58 warsa, ananging kedah sami dipun akeni manawi dumugi samangke ebah-ebahan wau dereng saged mujudaken woh kados ingkang dipun ajeng-ajeng. Pramila ebah-ebahan wau kedah dipun santosakaken, supados kekiyatanipun langkung ageng katimbang samangke. Sadaya panjangka ingkang dipun lambari kekiyatan ingkang rosa punika mesti enggal kadumugenipun. Awit saking punika, sumangga kita para mudha ingkang sami jumagar-jumagar tuwin ingkang wekdal samangke sami ngudi kaweruh mawarni-warni sampun ngantos kesupen bilih pangudi kaweruh punika namung satunggaling sarana kangge nyamektekaken anggenipun badhe dados bebrayan. 

Para sepuh ingkang ing wekdal samangke lelumban wonten ing ebah-ebahaning bangsa boten dangu malih badhe lengser saking palenggahanipun kabekta saking sampun yuswa utawi kekiyatanipun sampun suda kangge nyambut damel migatosaken kabetahanipun bebrayan. Para taruna ingkang samangke nedheng ing pawiyatan kedah sami ngrumaosi gadhah wajib anggentosi palenggahanipun para sepuh. Para nem-neman punika wewatakanipun banter sakliring tindak, mila dhatengipun para nem-neman ing jagading ebah-ebahan badhe njurung lampahipun ebah-ebahan wau, tegesipun angrikataken badhe kadumugening sedya. Ananging, Kanjeng Gusti Mangkunegara IV sampun paring suka pepadhang tuwin suka pepenget, ungelipun “mung bae wekasing wang, ywa pegat teteki”.

Sadaya tumindak punika kedah linambaran teteki. Teteki ing riki tegesipun mulat dhateng punapa ingkang dipun tindakaken. Dados teteki ing riki boten ateges cegah dhahar lawan guling, nanging tansah mulata dhateng sakathahing tumindak, amargi tindak makaten manawi anggenipun nglampahaken boten mawi kawicaksanan, tuna dungkapipun sok inggih andrawasi. Tiyang gesang punika kedah nelangsa, tegesipun nalangsa dede bingah dede sisah, nanging prihatin. Prihatin ing riki tegesipun tansah nglanggengaken raos eling, mangesti marang kang mesti. Wewarah ing inggil wau ugi cundhuk kaliyan piwulang dalem eyang Breges Sotya Tunggul Negara, inggih Sinuwun P.B. V, sinawung Sekar Dhandhanggula mungel makaten: “Yen tegese wong prihatin iki, ora nyirik dhahar lawan nendra, ngemana ragamu angger, awit prihatin iku, dadi wajib lakuning urip, amrih temtreming manah, dimen ora numbuk, ya iku wong olah padhang, ngrasakake bener luput ala becik, dununge kang sanyata.

Satunggaling bangsa ingkang badhe anggarap satunggaling pakaryan agung, ingkang ngangkah murih rahayuning bebrayanipun, punika boten perlu kesesa supados enggal saged ngundhuh wohipun, nanging langkung perlu utawi langkung utami manawi ing salebetipun angudi kacepenging gegayuhanipun wau dipun kanteni ngudi murih kawontenaning bebrayanipun samangke punika ing tembe sageda sami nurunaken bebrayan enggal ingkang ambegipun laras kaliyan kekudanganipun murih sageda widada kawontenanipun, samangsa pancering gegayuhan wau saged kadarbe. Punika amargi sanadyan tiyang saged kadumugen sedyanipun andarbe kawontenan ingkang endah, edi tuwin peni, nanging manawi ambeging bebrayan wau dereng sami rahayu, saestu boten saged widada, telenging gegayuhan badhe muspra sabab badhe gampil risakipun, manawi tewah cocongkrahan rebut unggul ing dalem kalanganipun piyambak. 

Lir pindhane geni murub siniram lenga patra, boten saged enggal hambirat ingkang ngenggreg-enggregi, lha kok malah sangsaya ndadra, sangsaya angel panyirebe anggenipun sami remen nuruti hardha puwa-puwaning ati. Kamanungsan lebur tanpa aran ing satengahing palagan antarane urip lan kanisthan.Watuk ingkang taksih cumondhok ing wataking bangsa punika badhe sangsaya awrat anggenipun ngusadani. Nuwun.

 http://alangalangkumitir.wordpress.com/category/angratoni-alam-karahayon/

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...