sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, May 30, 2013
SERAT NITIMANI pupuh XXVIII-XXXII
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
PUPUH XXVIII
Peksi platuk bawang :
“E….., manuk gemak, aku wus aneniteni
marang ing sira, saben-saben sesaba ana ing pangonan kene lan adarbe
wiraga prabeda karo manuk gemak liya-liyane, kayata anjungkir-jungkir
lan kekipu ana ing pawedhen, wulu mengkorog akekirig iku bok manawa
andadekaken pinareng danganing atimu, sarta yen ora ana pakewuhe aku
banget kepengin bisaa weruh, apa kang dadi sedyamu dene darbe patrap lan
pratingkah kang mangkono mau.”
Peksi gemak :
“E…., manuk platuk bawang, yen sira
atetannya kepening arsa sumurup marang ing sedyanipun wruhanta :
engoningsun (300) saben-saben saba aneng pepanguling gunung kiye iku ora
pisan-pisan lamun amumuriha marang kehe pepanganan kayata walang,
kinjeng, sapepadhane, mungguh sajatine kang dadi sedyaning pamikir mung
angeplok memasuh anenuceni marang raga kita.”
Peksi platuk bawang :
“E….., manuk gemak, apa mulane dene raga nganggo sinucenan.:
Peksi gemak :
“Mungguh enggonku mangkono mau amung
jalaran saka welas lan asih karana ing salawa-lawase ingsun tumitah ana
ing alam donya, raganingsun kang tansah anglakoni lara lapa, nuli kaya
apa ing tembe upama tiningalan ana alam donya marma ing samengko jasad
ingsun wasuh, yen wus suci nuli bisa licin ing kono sedya ingsun gawa
muksa munggah marang swarga, supaya melu angrasakake enak lan kepenak.
Dene kelakone kudu (301) nanggo mangkene :
Sembahyang raga : kudu resik atiku, atiku
kudu suci, rasaku kudu idhep, jiwaku kudu madhep, sawuse banjur kudu
kulina ing gelem, taberi ing karem, kang mangkono ancas lakuning
kadonyan kaya-kaya wus nyukupi kanggo sarana mawas tetesing kasidan
jati, namung sakabeh wau mapaning empan kudu jinurung lakuning rasa
tunggal (malela = resik).”
Peksi platuk bawang :
“Manuk gemak, teka bener mungguh
sedyanira kang mangkono mau, ananging sumurupa ingsun wus tau
ngrungokake rerembugane manungsa nyaritakaken ing kitab Musakab, iya iku
Kur’an diarani surat Asra jus kaping limalas nyebutake mangkene : duk
nalika Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah karsa tinimbalan marang swarga
iya iku diarani Mikraj wus karsa (302) kawasaning Pangeran kang maha
suci Jeng Nabi kaingser jengkar saking ing Masjidil Haram iya iku masjid
ing tanah Mekah, nuli tumeka ing masjidil Aksa iya iku majid ing tanah
Mesir, samiyose saka ing masjidil aksa ketemu utusan iya iku Malaekat
Jabarail dhawuhaken timbalaning Pangeran kang maha suci sejati, ing kono
Jeng Nabi nitih peksi Burak nulya mesat kumelap kadi kilat tan pantara
tumeka ing langit kang kapisan, Jabarail dhodhog kori tinanya marang
Malaekat kang pada jaga lawan prasaja lamun dutaning Pangeran, kori
binuka Kangjeng Nabi nuli lan Kangjeng Nabi adam, sawuse bage binage,
andum slamet Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah anayati mesat maneh,
duta sang Jabarail tan kori nuli prapta langit kapindho pratingkah tan
prabeda sawuse lawang binuka dening malaekat kang jaga (303) Jeng Nabi
mlebu ing kono ketemu lawan Kangjeng Nabi Yahya tuwin Kangjeng Nabi Isa,
sawuse bage binage andum slamet, Jeng Nabi Mukhammad Rasulullah lan
Malaekat duta mesat maneh nuli prapta langit kang kaping telu pratingkah
tan prabeda lawan wus binuka dening malaekat kang jaga Jeng Nabi lumebu
ing kono bisa ketemu lawan Kangjeng Nabi Yusup, sawuse bage binage
andum slamet, Jeng Nabi mesat maneh prapta ing lagit kaping pat
pratingkah uga tan prabeda, ketemu lan Kangjeng Nabi Harun sawuse bage
binage nulya mesat maneh prapta langit kaping nem, pratingkah uga tan
prabeda ketemu lawan Kangjeng Nabi Musa, sawuse bage_binage nulya mesat
maneh prapta langit kang kaping pitu, ing kono para malaekat pitung ewu
kang pada jaga, Kangjeng Nabi Muhammad nuli (304) lumebu ing Betalmakmur
ketemu lawan Kanjeng Nabi Ibrahim utawi banjur gegineman, jejagongan
kalawan Kangjeng Nabi Ada.
Mulane aku nuli anggelar carita mangkono,
manuk gemak mungguh murad maksuding carita mikraj mau upama sira
tetakon aku uga ora sumurup, dene enggonku carita mau mung supaya
andadekna sumurupmu yen sejatine munggah dedalane kamuksan iku datan
luput pisan, lire mangkene apa mula bisa kelakon mungguh sedyamu iku,
awit sakehing lawan pira-pira jinaga dening malaekat wus pasthi tan
enthuk lumebu kalamun sira gawa raga, ewa dene mungguh ingsun iki uga
duweni sedya kaya sira ananging leksanane mangkono kang dingin raga kita
dak (305) wasuh, dak keplok, dakecok-ecok, kalamun wus suci baresih
nuli dak glintir, yen wus gedhene samrica binubut banjur tak untal, ing
kono manawa imgsun wus bisa mlebu ing swarga, raga dah utahake maneh
prelu supaya meluwa ngrasakake enak lan kepenak.
Dene kelakone kudu nganggo sarana laku
mangkene, mungguh bekti ragaku kudu nglakoni, atiku kudu mekani, rasaku
kudu nglegani, jiwaku kudu ngelingi, sawuse mangkono temenku kudu
santosa, panrimaku kudu marem sakabehe wau yen kalimput ing batin
mamengku, manawa bakal bisa pranawa ing kamuksanku.
Peksi gemak :
“Iya, kaya-kaya ana bnere kisanak, tekad
bakal leksanamu wau dadi mungguh sajatine ingsun (306) lan sira iki kena
diarani padha anunggal karsa nanging geseh leksanane, yen saka panemuku
iya iku kang kena diarani sadulur tunggal laku manawa andadekaken
condhonge pamikirmu, aja padha tetakon endi kang bener padha dilakoni
supaya rujuk lan runtut ing tindak sakabehe.”
Peksi platuk bawang :
“Kisanak, sakabeh rembugmu kang mangkono
mau banget andadekaken condhonging pamikirku, sarehne mungguh panemu iki
ing panimbang wus padha rujuk sakarone tur bakal mlebu marang panggawe
becik lan wajib prayogane tumuli linakonan supaya bisaa sampurna duk ing
mau ingsun matur lamat-lamat krungu ana swara unine manuk prakutut, dak
kira mencok witing (307) mandera dumunung sapucuking gunung iki, manawa
iku bisa anruntutake sulayane panemu mau, ing riku peksi gemak
angrujuki, lajeng sami miber ngupadosi dhateng dununging peksi
perketut.”
Juru Patanya :
“Kisanak, amit nyuwun pangapunten nyelani
cariyos sakedhap, saka langkung andadosaken eram tuwin gumuning manah
kula dene wonten peksi gadhah pangrahita ingkang samanten, dados ing
mangke kula saya wimbuh kacaryaning manah kumedah-kedah uninga kados
punapa dumugining cariyos wau?.”
Sang Murwenggita :
“Kisanak inggih prayogi, kula miwiti
andumugekaken cariyos malih miberipun peksi gemak lan peksi platuk
bawang wau angenger angraning arga, wus prapta ing pucukira pinanggih
peksi wicantenan kados ing ngandhap punika :
Platuk bawang :
“E…., prekutut, aja andadekake kageting
atinira, mungguh praptaningsun kalawan si manuk gemak iki sejatine mung
arsa nlesihake sulayane panemune, apa mula bakal dadekaken suka lan
sajuning atinira.”
Peksi prekutut :
“Iya prayoga, ananging kalamun bisa platuk bawang carita, ingsun arsa miyarsakna purwanira ing rembung dadi sulaya.”
Platuk bawang :
“E…., prekutut, ingsun carita, mungguh
kang dadi kamulane si gemak anglairaken sedyanira amasuh nuceni raga
karsanira ing tembe lamun palastra jasadira ginawa marang swarga, iku
mungguh ingsun uga darbe sedya kang mangkono, ananging sawuse raga dak
suceni, nuli dak glintir, yen wus kari (309) samrica binubut gedene
banjur dak untal nuli dak gawa munggah marang swarga, dene yen wus
tumeka tak utahake maneh supaya padha angrasakaken ing enak lan
kepenaking swarga.”
Peksi prekutut :
“E…, manuk gemak, apa mula bener mungguh celathune si platuk bawan mau.”
Peksi gemak :
“Iya bener prekutut, mungguh sulayane
panemu kang mangkono wau jaluk pitulung marang sira, muga-muga
andanganana weh pituduh leksanane kang sanyata.”
Peksi prekutut :
“Duh sumitraningsun sakarone, sira pada
kawelas arsa, dene kalebu ing cacad iya iku pitungane engonira pada tan
sumurup ing ngelmu, endi ana jasad arda ginawa marang ing swarga. Ing
mengko ingsun carita, duk dhingin ingsun wus tau diingu marang janma
manungsa, klebu kerep utawa demen (310) memaca ana sawiji diarani Kitab
Humulbarahim, tegese iku layang babone pratandha yekti anyaritakake
mungguh kahananing urip ana alam donya iki kalayan ngagem busana, iya
iku panganggo cacahe nembelas rupa kang wolu gegawan saking Pangeran
kang maha suci sejati, kang papat gegawan lumantar saaking bapa, dene
kang papat gegawan lumantar saking biyung, mungguh wewejanane gegawan
nembelas rupa mau kaya ing ngisor iki :
.1. Eroh, 2. Napas, 3. Budi, 4. Iman, 5.
Pangrungu, 6. Pangganda, 7. Pangucap, 8. Paningal, iya iku busana
gegawan saking Pangeran.
.1. Balung, 2. Otot, 3. Kulit, 4. Utek, iya iku buana gegawan lumantar (311) saking biyung.
Ing sarehne cacah nem belas prakara wau
mung gumadhup urip ana sajroning alam donya, ing tembe tekaning janji
yekti padha pinundhut marang ingkang kangungan luwih abot yen sira
angukuhana, lan pinasti bakal andadekake rubedane lan pakewuhe laku,
mulane mungguhing sedyaningsun sarehne wus tetela terang busana wau
dununge mung angadhuh kanggo sajroning tumitah ana ing alam donya, ing
tembe yen arsa tumeka ing janji ing kono ingsun bakal anulihake marang
kang pada duweni wajib dhewe-dhewe, mungguh ing bebasane wus baresih ora
anandhang utang wekasan nir sakara-kara tan ana rinasa, lumaksana ing
sakarsa nutuken paraning sedya.”
Dene kalakone kudu nganggo sarana
mangkene : sungkeming anggaku, kudu lapa, atiku kudu santosa, (312)
rasaku kudu rumangsa, jiwaku kudu nalangsa, sawuse mangkono
pandeng-pandenging budiku kudu temen rila, saranane aora kena kalimput
ing laku sumenguh yen wus mangkono kira-kiraku bakal bisa ambuka nugraha
paraning sedya.
Juru Patanya :
“Kisanak, kula sapunika sampun mangretos
menggah kumpuling raga kaliyan nyawa, kedah mawi sarana pakarti kadi
bebantahan rembagipun peksi tetiga wau, bilih makaten kula inggih
narimah, dados boten gegilani dhateng tiyang kathah, wangsul
pratingkahipun peksi tetiga ingkang sami gayuh kamuksan wau, pamasuh
utawi pangluluhing raga amrih suci baresih punika punapa asarana toya
utawi kekosokan sabun wangi utawi mangir, punapa cekap amung toya
kemawon.”
Sang Murwenggita :
“Kisanak, yen prayoganipun (313) boten
mawi kedah siram toya endhut, kosokan areng jati, pamrihipun supados
ngajrih-ajrihi dhateng para malaekat ingkang sami jagi kori, ing
sapunika mas, manah kula sampun radi pegel, kesangeten enggenipun wetah,
punapa salaminipun sampeyan punika dereng nate tetaken dhateng
sepuh-sepuh, kados pundi anggenipun saged nglajengaken rembag
sesaminipun makaten, upami wonten tiyang dereng nate sumerep ing sastra :
ha : ing mangka lajeng rerembagan bok manawi inggih boten saged
mangretos, awit sampun kasebut ing paribasan wong amek banyu ngawa
pikulan warih, wong amek geni kudu gawa damar, pikajengipun bilih
sampeyan badhe sedya ngupados ngelmi (314) punika bekta kawruh.”
Juru Patanya :
“Inggih leres sanget kisanak, menggah
pangandika sampeyan sadaya wau utawi kala wau inggih sampun matur
menggah cubluk tuwin bodhoning manah kula punapa pamberatipun kula
sumangga ing sampeyan, wangsul panyuwun kula bab anuceni sarta
pratingkah pangluluhing raga, kadi rembaging peksi tetiga wau kados
pundi ing sayektosipun?.”
Sang Murwenggita :
“Kisanak, bilih sampeyan pitanglet bab
lampahing ngelmi punika kasebut ing Serat Wirit, ugi sampun kula
pratekaken ing ngajeng, kajawi punika wonten cariyos pralambang tumrap
dhateng tiyang ahli lampah dinapur dedongengan, menggah gegatukanipun
kaliyan cariyos ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau kula
nyumanggakaken ing sampeyan piyambak.”
Menggah (315) purwaning cariyos wonten
satunggaling uler, kawastanan uler jedhung tumemplek ing witing kajeng
ageng, dumunung sapucuking ardi, uwot wau wonten epangipun mangandhap
dipun pencoki dening peksi urang-urangan, jingleng mandeng anenggani
klbaking ulam isen-isening toya ingkang wonten salebeting tlaga wonten
satunggaling sawer angaleker, ing riku uler jedhung wau gegineman
kaliyan pun sawer tembungipun kados ing ngandhap punika :
PUPUH XXIX
Uler jedhung :
“E…., ula, muga-muga aja andadekake
regating driyanta, dipun langgen gonira amengku marang ambeg santa para
marta, karana wus sawatara lama goningsun uninga nyipati marang sira,
ngleker datan (316) mobak musik aneng tepining tlaga kadi amesu sarira
ngleksanani tarak brata, dene kalamun sanyata prayoga sira pajara
ingkang sadi sedyanta pepuntoning karsanira supaya ingsun uninga, dene
lamun sira wus sajarwa genti ingsun bakal carita marang sira,
pepuntoning sedyaningsun kang sanyata dene mungguh pakolehe goningsun
sedya apepadon babing panemu lawan sira mau, lamun ana katlesiring laku
salah sawijine supaya bisaa sumurup.”
Sawer :
“Uler jedhung, mungguh karsanira kabeh
mau iya prayoga, ing mengko ingsun carita wruhanta, sajatine kita iki
trah tumerah turuning ula naga, basa tekaning mangsa diwasa ingsun
adarbe pangrahita sedya momor marang bangsa diwasa ananging datan bisa
awit wujuding angga kita pada lan sasama lan bangsane ula naga, (317)
mulane ingsun banjur tapa brata sedya angedhekake salira ing tembe lamun
wus tekaning mangsa kala katarima angga kita iki sayekti rucat luluh
wor lan kisma, arane anglungsungi, dene ingsun pinaringan salin raga
mundak wimbuh gedene katimbang jasad kita kang lama.”
Uler jedhung :
“E…., ula naga, mungguh caritamu mau ora
susah kok banjurake awit iku kalebu marang gegolongan panemuning budi
kang bodho, ora pisan-pisan magepokan marang nalare ngelmu, ngendi ama
tetapa nedya anedekake raga, apa sira ora tau uninga krungu mungguh
carita lelakone pati, kahanane makluk iki kabeh upama mung sabolonganing
edom utawa sarupaning pangonan ciut endi margane (318) bisane mlebu
mangka sedyamu mau bakal kok gedhekake maneh apa tinemu nalare, lan
sumurupa mungguh tumitah ana alam donya iki binasakake mung mampir
ngombe (bae), mulane ingsun wus kerep krungu celathuning manungsa
tebunge mangkene : ana dene manungsa iku kalamun wus tuwa mesthi mati,
ewa dene bocah utawa wong kang isih anom iya uga ana kang pada mati,
dadi mungguh surasaning calatu tembung mangkono mau saka panampaku
pasemon marang kang pada krungu supaya padhaa mikira lan marsudiya
marang pakartining pati, karana iku panggawe kang wus pasthi ora liwat
ula mungguh kabeh caturku mau ing sajroning rahsa apa wus krasa
tumraping rahsanira.”
Ula :
“Iya uler jedhung, banget ing panarimaku,
kaya-kaya bener kabeh celatumu mau, (139) balik sira mengko ingsun
banget kepingin genti caritaa prasajane sedyanira.”
Uler jedhung :
“Engoningsun tumemplek ing kayu iki
sajatine uga tapa brata jroning sedya anyenyuda marang raga, cegah
dhahar lawan nendra ing tembe kalamun wus wektuning mangsa katarima
jasad kita kang jaba iki rusak asalin warna, ingsun isih ana ing kero,
wus anganggo lan saalin jasad maneh, sarta wujude dak walik cangkem dak
enggo dubur, dubur dak enggo cangkem pamurihe supaya aja memangan barang
kang sarwa kasar ing kono kita wus asalin jeneng diarani enthung, dene
yen wus tumeka mangsakalane katarima, ing kono kita metu saka jasad kang
lawas mau banjur bisa mabur amemangan sarwa alus nenisep sarining
kembang, lan asaling jeneng diarani kupu, dadi kita tetep asalin aran
ping telu sanadyan jasad kita wau wus dak suda pira-pira isih uga bok
manawa durung pinasthi bisa mlebu marang lenging edom mau.”
Dene bisane katarima sarana laku mangkene
: sujuding ragaku kudu sadarma, atiku kudu rahayu, rasaku kudu narima,
jiwaku kudu graita, panduk pandenku kudu kulina, kang mangkono kaya-kaya
wus nyukupi kanggo sarana manawa sjatining tunggal kang bakal waskitha,
namung sakabehe mau lakune kudu ngilangake rasa wedi, emar uwas lan
sumelang.
“E…, manuk urang-urangan, sasuwene
enggonku deleng marang sira pratingkahmu iku kaya ngrungok-ngrungokake
engonku rerembugan iki, yen dasar sira mangreti marang surasane kang dak
gunem mau bebasan ing saana-anane utawa (321) sagaduk-gaduke penemu
marang ing atase prakara iku, mara ing kene wetokna, sayekti bakal
andadekake bungah atiku.”
Peksi urang-urangan :
“Iya bener uler jedhung, sasuwene ingsun
krungu enggonmu padha rerembugan lan si ula amemurih, marang ingsun
supaya meluwa momot rerembugan prakara iku, sarehning bangsa manuk kaya
kita iki gegolongan kurang marsudi marang pratingkah budi, sayektine
mungguh ing tembung, patrap solah pratingkah akeh saru lan kasare, dene
enggonku mratelakake mau manawa sajroning tata kramanipun marang ing
sira sakarone muga-muga dan gedhe pangapuranira aja padha kang padha
(322) tikel alise.
Uler jedhung :
“E…., manuk urang urangan, aja uwas lan
sumelang ing pamikirmu sira geguneman lawan ingsun, mapan sadurunge
ingsun wus anggelar ambek sarta para marta.”
Peksi urang-urangan :
“E…, sumitraningsun sakarone, banget
bungah lan legane atiku mungguh kamulane ingsun wus krungu pawarta,
manawa iya uga carita ing kuna-kuna, yen ta mungguh sarupane gumremet
ing ngalam donya iki kang gegolong bohhone bodho, ratu-ratuning cubluk
iya iku ula lawan uler, mulane ginantungan prabeda, ora duwe usus,
samengko ingsun wus weruh anyipati dhewe, terang lan nyatane caritaku
mau, lire mangkene kayata, si uler jedhung, enggone nglakoni tapa brata
anguda-uda sedya amberat kasaring raga, yen wus alus supaya gampang
lumebu (323) ing pati iya iku kang binasakake mukir, anenampik marang
ganjaraning Pangeran kang maha kawasa, mungguh kang mangkono mau apa ora
bakal anampani siksa dene yen si ula ora nganggo takon maneh yen terang
lan tetela kleru panemune, endi ana tetapa anjurungi angkaraning hawa
napsu sayektine iya bakal anampani siksa karusakan, ananging mungguh
sakarone mau iya uga wus kawilang metu saka gegolnganing bodho,
pratandhane wus katon dene sira padha sedya mlebu marang panggawe sasar,
iya kabeh kang koklakoni mau, awit sajatine sira ora kuwajiban angayuha
marang prakara iku, wriuhanta kahanane dumadi (maklum) ing alam donya
iki kabeh kang pinasti luhur dewe dalajate mung bangsa manungsa, (324)
iya iku kang ginadhang-gadhang munggah ing swarga ing tembe, mulane sira
ora pada kuwajiban anggayuha marang prakara iku, awit kahanane dalajat
iki kabeh wus ginadang kang duwe marang manungsa, yen ta mungguhing aku
ora prelu mikir angayuh kang mangkono mau, jroning tekat wus narima
pira-pira dene tinitah dadi manuk urang-urangan, dene sandhang kang dak
anggo geganjarane Pangeran arupa wulu, ingsun wus ora luru-luru
ngrupakake karana wus thukul dhewe, setan mung mikir sucine bae, dene
kang dak pangan sadinane iya geganjarane Pangeran, kawetokake saka
sajroning banyu arupa iwak sahanane, mulane saben esuk ingsun
thenguk-thenguk, didis dak sambi ngantuk ana luhuring talaga iki,
jroning sedya seba ing Pangeran anyenyuwun cadong kang dak pangan ing
kono (325) apa kang katon sajroning banyu talaga mau ana iwak urang iya
dak cucuk banjur dak untal, ana iwak ucen iya daksaut banjur dak pangan.
Ula :
“E…, manuk urang-urangan, mungguh kabeh
ujarmu mau ora ana kang tinemu ing akal, apa sisining jagad iki mung
manungsa dhewe kang kaserengan guna sekti lan sira apa durung krungu
caritaning dalil dawuhing Pangeran, wajida-wajidahu,
tegese : sing sapa temen katemenan, mungguh surasaning tembung sing sapa
ora ngarani sawiji-wiji, dadi sadengah-dengaha kang anglakoni panggawe
klayan temen-temen iya bakal tinemenan dening Pangeran, lan maneh sira
sumurupa ana tembung satundha-tundha ing pamurwate wekasan mungguh
katemuning rembung (326) gatuke lan panemu, kabeh-kabeh leksana ing
sedya iku mau ora ana batale, apa sababe sira anemohi marang panggawe
mangkono?.”
Peksi urang-urangan :
“Mengko ta ula, aku mau wus carita yen
sira iku wus klebu ratu-ratuning cubluk, dadi sanajan sira bisaa
angempur gunung lan bisa anjala langit iku meksa pra bisa mrojol saka
pakartining bodho, kang mangkono sira aja mukir awit wus pira-pira seksi
kang nuduhake yen sira iku ora kasinungan pambudi, pratandhane dene ora
pisan-pisan magepokan pangreti marang lelinitane geguneman, sumurupa
ing sira sakarone mungguh rembugku mau tuwuhe mangkene : saben esuk
thenguk-thenguk pinggir talaga tunggu beninging banyu, ing kono apa kang
kadulu (327) daksaut banjur da untal yen sira durung sumurup surasane
tembung wau mangkene, kang diarani tlaga wau sajatine ati jroning tlaga
ana banyu iku elening ati, iya iku budi, diarani pancadriya, ening ing
banyu iya iku diarani panca maya, dene iwak kang ana sajroning banyu iku
diarani dunung paraning sedya, mungguh empan lan mapane mangkene : ing
sadina-dinane ingsun ora pedhot tansah amungtu ing pambudi, mawas ing
pancadriya yen pendeng-pendenging pancadriya wus kabuka ing
heneng-hening nganti tumeka ing panca maya mau iku kena banjur dak
mangsa. Balik sumitraningsun sakarone, wus pada miyarsakake surasane
celathuku mau apa iya wus mangreti?.”
(328) Juru Patanya :
“Kisanak, manawi kula angraosaken cariyos
ingkang makaten wau saya kraos sarta rumaos ing kalepatan kula, anggen
kula kirang taberi apuruhita temahanipun bodho anglangkungi, ing mangka
yen karaosaken menggah ing ngagesang punika utaminipun kedah pinayungan
ing darajat, dene darajat wau kaluhuranipun beda-beda, menggah
pamendhetipun kedah tinarik saking sedya, dene sedya punika kedah
akanthi waskitha, liripun makaten kadosta kala wau lelampahanipun uler
jedhung kaliyan ula, yen patrap pratingkahing angga lampahipun boten
aprabeda sami cegah bukti lawan nendra, sareng dumugining katarima uler
jedhung ginanjar dening Pangeran saya alus angganipun, prabeda kaliyan
sawer wau sareng dumugining katarima (329) raganipun saya mindhak ageng
tur santosa pramila sareng wonten lelampahanipun ingkang makaten lajeng
gadhah panggrahita saya tetela yen drajat punika kahananipun muhung anut
panapa sasedyanira?.”
“Kisanak, menggah dheleg-dheleg kula
sareng angraosaken dhateng wasisipun peksi urang-urangan, ananging
inggih teka layak kemawon sageda langkung pangawruhipun, margi
piyambakipun kadunungan gadhah manah gangsal, punika kula nyuwun
pitanglet kisanak punapa sebabipun dene prabeda utawi panggenan
manahipun wau wonten ing pundi?.”
Sang Murwenggita :
“Kisanak, punapa sampeyan nate mbedhel
jerowanipun peksi urang-urangan, kok sumerep peksi urang-urangan wau
gadhah manah gangsal?.”
Juru Patanya (330) :
“Punika klebet ing bebasan aneh, wong
ditakoni durung sumaur males genti tetakon, liripun makaten ingkang
cariyos wau inggih sampeyan piyambak, yen peksi urang-urangan punika
pepuntoning tekadipun saben dinten muhung ngesthi eneng-enenging
pancadriya suwawi kisanak karaosaken tembungipun panca, tegesipun
gangsal, driya tegesipun ati, menggah tembung ingkang makaten wau rak
inggih sampun tetela bilih peksi urang-urangan punika gadhah manah
gangsal.”
PUPUH XXX
Sang Murwenggita :
“Kala wau sampun cariyos kahanan
salebeting alam donya punika, ingkang kalebet dados ratu-ratuning cubluk
amung uler kaliyan sawer. (331) ewa dene kekalih wau warninipun kados
sampun mangretos, katandha boten sami pitaken dhateng peksi
urang-urangan, mangka ing samangke sampeyan karsa pitaken dhateng kula
bilih sampun narimah dipun wastani cubluk langkung saking uler utawi
sawer wau, ing sasaged-saged kula inggih angaturi pamanggih kados ing
ngandhap punika. Kala wau tembung pancadriya, saking pamanggih kula bok
manawi wredinipun tembung makaten : panca, tegesipun gangsal, utawi
pepencaran, driya tegesipun manah, utawi kenging dipun tegesi tuk kang
wening, ananging sarehning ingkang dipun rembag peksi urang-urangan wau
pakartinipun, ingkang kawastanan driya punika dipun tegesi budi dados
tembung pancadriya pikajengipun pepencaraning budi, utawi (332) budi
gangsal, dene manah anggenipun kanamekaken pancadriya wau saking
karsanipun para winasisi kaange minangka ancer-ancering pitedahan
wewijananipun makaten, bab manah punika kaperang dados tigang pangkat
sami gangsal pakarti pratelanipun kados ing ngandhap punika :
Pangkat kapisan winastanan Karmin Driya, tegesipun purbaning budi : 1. Pangucap, 2. Pangganda, 3. Paningal, 4. Pamiraos, 5. Pangraos.
Pangkat kalih winastanan Antareng
Driya, tegesipun watawising budi : 1. Klawening asta, 2. Tindaking suku,
3. Ebahing angga, 4. Kelaping lidah, 5. Kedhaping netya.
Pangkat tiga winastanan Jayan
Driya, tegesipun wisesaning budi : 1. Rahsaning asta, 2. Rahsaning suku,
3. Rahsaning dubur, 4. Rahsaning parji, 5. Rahsaning kulit. (333)
Juru Patanya :
“E…., e…., kisanak, kula eram sanget
dhateng pun peksi urang-urangan anggenipun wasis utawi wegig,
anyariyosaken pakartining ngelmi ingkang wau punapa jalaran saking
jajaning pangawruhipun, utawi malih kisanak, kala wau peksi
urang-urangan anyebutakeh panca maya ing riku lajeng kula gagas, tembung
panca tegesipun gangsal, tembung maya tegesipun bening, dados
pikajengipun bening lima, menggah ingkang dipun wastani makaten wau
warni punapa?, kula boten mangretos.”
Sang Murwenggita :
“Kisanak, manawi bab werdining tembung
panca maya wau makaten panca tegesipun gangsal utawi pepencaran, maya
tegesipun adi, linangkung, gumilang, bening, suci, mancur, sae (334)
padhang warni, katingal, maeka, ananging kinten bok manawi tembung
ingkang makaten wau saking pikajengipun peksi urang-urangan, anggenipun
negesi mendhet saking werdining suraos wewijananipun makaten : panca,
tegesipun gangsal utawi pepencaran, maya dipun tegesiosik, dados
pikajenganipun amestani osik gangsal, dene dunungipun ingkang dipun
wastani osik gangsal wau manggen antaraning manah, inggih punika
jantung, pramila kaange minangka ancer-ancering pitedahan, menggah
osiking jejantungan wau kadamel tigang pangkat sami gangsal pakarti
kados ing ngandhap punika :
Pangkat kapisan Artika, tegesipun
kerenteg ing batos, dipun wastani Lingga Maya, inggih punika jumeneng
osik : (335) 1. Grahita, 2. Esthi, 3. Cipta, 4. Watek, 5. Ambeg.
Pangkat kalih Locita, tegesipun
pangrarasing batos, dipun wastani Cipta Maya, inggih wahananing osik :
1. Angkara, 2. Birahi, 3. Satya, 4. Karsa, 5. Garjita.
Pangkat tiga Unandika, tegesipun
ungeling batos, dipun wastani Wahywa Maya, inggih lahiring osik : 1.
Pangongka, 2. Panira, 3. Pakantha, 4. Panyakra, 5. Panyana.
Juru Patanya :
“E…, e…., kisanak, kula sanget gumun,
sarta wimbuh kayungyun inggih dhateng wiraosipun peksi urang-urangan
wau, dene saged anyariyosaken ingkang elok-elok, wangsul menggahing
kasagedan, kabesusan, utawi kawasisan, (336) dhateng pangolah tumrap
pakartining ngelmi punika kok sanget-sanget dipun prasudi ing tembe
dumugining delahan, prabedanipun punapa kaliyan sujanma ingkang bodho.”
Sang Murwenggita :
“Kisanak, kula sapunika saged amestani
leres wonten sujuanma reraosan tembungipun makaten : sabobote kawujudane
ngelmu iku mebar anebeki (sumebar angebeki) jagad, bebasane ditungu,
diadhep, dipandang, disampar, disandung dening manungsa ing
salawas-lawase, paran dene yen durung pinarengake maring Pangeran kang
maha suci, iya ora bisa sumurup.”
“Wondene menggah pratandhanipun kisanak,
bilih leres suraos ingkang makaten punika kala wau rak sampun
nyariyosaken bab lelampahanipun (337) uler jedhung kaliyan sawer,
tumraping kalahiran ing lampah boten sanes, wasana sareng dumugining
katarimah ganjaranipun beda-beda, saupami sampun mangretos suraosing
ingkang makaten punika rak inggih boten pitanglet malih beda-bedaning
ganjaranipun tiyang bodho kaliyan tiyang pinter. Suwawi kisanak
karaosaken punapa leres menggah wicanten kula punika.”
Juru Patanya :
“Inggih kisanak, leres kula ingkang
kesupen, menggah tiyang pinter kaliyan tiyang bodho punika sampun temtu
sanes-sanes ganjaranipun, ananging sareng kula angraosaken cariyos
lelampahanipun uler jedhung kaliyan sawer wau sarehning sami kasedya
wekasan saged kadugen, (338) punika rak inggih sami kagolong katarima,
punapa sababipun geganjaranipun warni kasusahan utawi kasangsaran,
liripun mankaten saupami wonten manungsa kedara-dara nglampahi tarak
brata ingtembe dumugining palastra jasadipun pinendhet wonten ing kisma,
mangka ngelminipun katarima raga rucat asalin warni kupu badhe miber
nanging medal boten saged griyanipun sampun wulet tambah padhet, iba
saya susah utawi sedihipun dene manawi santu warni ula naga, sarehning
sawer punika bangsaning rosa saestunipun inggih saged jebol kisma,
sareng sampun medal sumedya saba boten dangu temtu lajeng pejah malih
sabab dipun pateni dening manungsa : suwawi kisanak karaosaken
amigunani punapa ganjaran ingkang makaten wau?.”
PUPUH XXXI
(339) Sang Murwenggita :
“Yen ta upami makatena, janjinipun saged
santun warni kadosta kupu tuwin kijen sesaminipun punika radi mayar
katimbang kaliyan gesang malih, wujuding manungsa wonten salebeting
kisma saiba tanisipun nanging bok manawi boten dangu inggih pejah malih
jalaran kaplepeken napas boten saged medal, kisanak menggah rerembagan
ingkang makaten punika kedah lirih boten kenging sora, sabab manawi
kamirengaken tiyang sanes mindhak dipun wastani edan sabanjur, suwawi ta
kisanak, kagaliha ingkang sayektosipun pamanggih sampeyan wau rak
inggih kados boten kanthi akal, kados kairipi kados pamanggihipun lare
ingkang saweg umur kalih utawi tigang taun, liripun makaten pundi wonten
manungsa kedara-dara sami amarsudi (340) ing kawruh punika prelunipun
punapa, namung nyenyuwun sageda kupu, kinjeng utawi ula, sasaminipun,
rak inggih boten pisan-pisan yen ta makatena. Ing ngriki wonten
dedongengan, mangke ugi kula cariyosaken ananging saking panyuwun kula
mugi sampeyan raosaken ing sayektosipun ingkang kaange minangka jejering
cariyos, juru tani amethik pantun ingkang badhe kaangge wiji,
sarampunging pamethik pantun wau kedah dipun pepe, manawi sampun garing
gagangipun lajeng dipun tangsuli, inggih punika nami dipun belehi utawi
dipun nedheni, ing riku sarampungipun pantun lajeng kadekek ing lumbung,
sareng dumugining mangsa pantun wau kapaendhet ing lumbung lajeng
kasebar wonten ing sabin, dumugining wiji mangsa thukul tegesipun
menthongol saking cangkok (341) utawi gabab saweg sawatawis inggilipun
ing riku kacariyos gabah klothokaning wiji wau wonten salebeting endhut
anangis asesembat melas arsa, wiraosipun kajawakaken kados ing ngandhap
punika :
Kulit :
“E…, wiji, sira elinga, duk nalika isih
anom wiwt metu saka ing kembang jumeneng aran pentil, kita wus angemuli
marang sira, rina kalawan wengi kang kodanan utawa kapanasan iya kita,
kongsi tumekane tuwa pinetik dening kyai juru tani kakenthang diepe
sadina-dina ora liya iya kita, wasana tekaning samengko sira tukul sedya
oncat saking kita asuka-suka tan enget purwanira, kang mangkono apa ora
kena diarani tindak siya-siya lan anganiaya (242), awit kita iki luwih
lara lan kasangsara, sira tinggal ana sajroning endhut, iya wiji
rasakna, apa tinemune mungguh patrap kang mangkono.”
Wiji :
“E…, kulit (mrangbut), sira
busananingsun, aja darbe uwas lan sumelang mungguh pisan marga saka
plethakku, iku sajatine wus nganakake daya panggendam kang mahani bakal
luluh lan amor iku saben pinurwa ing gaib kang ambuka tancep temen
warananing nugraha kang ing buri temah diarani lesaning papasthen
wekasan anganakake wor pisahe atma lan pramana nuli babar daya uriping
rahsa temahan pamolahe baka wimbuh anganakake tumuruning jiwa mahanani
catur apsara tegese patang wewadi utawa wewadi papat (343) ing kono
catur apsara mau pamolahe neng don cupu mahanani daya astagina iya iku
dadi aran jumenenging jiwa, mungguh kang diarani jiwa mau woring wiji
lan cangkoke utawa woring isi lan wadhahe, mulane aja sumelang ing driya
karana kabeh pepuntone wis ana ingsun.”
“Mungguh pajar lan warahmu kita banjur
rumangsa krasa ora bisa nyenyamah lan maoni, ora liwat mungguhing
panedhaku bisaa kaya tetembungan : mituhu marganing asih, miturut
marganing welas, dene panati-ati anedhokahe maring kaluputan temah
anganakake kakandel lan piandel. Wasana srahing tancep lan tekadku dak
sumendekaken ana ing momot-momotku sumarah ngandel ing takdir.
(344) Juru Patanya :
“Kisanak, kula remen sanget wonten ing
ngarsa sampeyan punika, dene kok kathah seserepan sampeyan dhateng
dedongengan ingkang sae-sae, supados saged ayenyuda dhateng bodhoning
manah kula mugi-mugi karsa dumugekaken cariyos malih.”
Sang Murwenggita :
“Sarehning sedyaning manah kula
dumugining ngarsa sampeyan amung tetywi sampun pinanggih kalayan
wilujeng ing sedyanipun utawi sawatawis sampun radi dangu anggenipun
sami gegujengan, kaparenga kula badhe dumugekaken lampah. Ing wekasan
menggahing pamit kula amung nilari tembung kalih bab kados ing ngandhap
punika :
- Sinten ingkang nedhaken temen (345) tuwin leresing lampah kula ingkang ngantos boten lepat.
- Sinten ingkang nyumerepaken ing kasaenan kala ingkang ngantos boten kawastanan cacad, punika kados pundi?.”
Juru Patanya :
“E…., kisanak manawi saking pamangih kula tembung kalih bab wau makaten :
- Sinten ingkan nedhahaken temen tuwin leresing lampah ingkang ngantos boten lepat punika amung dumunung wonten ing empan lan mapan.
- Sinten ingkang nyumerepi ing kasaenan ingkang ngantos boten kawastanan cacad punika amung dumunung wonten ing tata krami. Karana menggah suraosing tembung kalih bab wau dumunung wonten ing don tepaning kasujanan.”
Sang Murwenggita :
“Inggih leres kisanak, sampun cocok (346)
kaliyan suraosing manah kula boten langkung ing mangke muhung sami
lengana pamuji, harja karaharjan anggenipun sami tumitah
piyambak-piyambak, suwawi sami pepisahan.”
Juru Patanya :
“Kisanak, kula inggih samanten ugi,
suwawi pwpisahan sami dumugekaken lampah piyambak-piyambak, ing tembe
manawi sampun dumugining mangsa kemawon sami pepangihan malih.”
PUPUH XXXII
Sang Murwenggita :
Ing mangke kacariyos, sasampunipun
apepisahan sami dumugekaken lampahanipun piyambak-piyambak juru patannya
kaliyan sang murwenggita lajeng kumpul awor saeka praya sarta lajeng
anangit tembung kapratelakaken kados (347) ing ngandhap punika :
Menggah dhateng pamudharing kawruh kula
punika, boten pisan angaken kadi sang sujana sarjana saha sang
mardibasa, ring saloka ongkang sampun kasebut apindha wreksa cendana
ingkang pinulet ing jangga puspa, geringipun kadamel dupa, sumembah ing
Dewa, teka ngambar babar sari-sarining ganda, punika celakipun
katebihna, namung panganggit kula wau dhateng kawruh punika kaangepa
kacatur, rasaning rasa dening tiyang ingkang nunggil budi, dados saestu
ing wingking prasaning rasa kenging katulada.
Wasana osik, cipta, kula dados warni
surasaning sastra, saha kula sukur dening tapaning ati, rahsa, jiwa,
ingkang kawengku pranawa, wudaring pramana, ingkang saestu dados
dununging (348) panembah kula.
Nahenta, anggitan kula punika kula
pusakaken dhateng ajar kula ingkang nami Resi Niti Mani, ing ngasmara
giyana rahsa, wasana dening Sang Gopita (ingkang kagungan dhawuh lan
timbalan) kenging kawruh wau kaagema dening Sang Subadha ing Tirtaganda,
ingkang lajeng wonten ing kita Pasuruan.
Purnaning pangriptanira sinerat ing
Purwada, titi mangsa tahun Jawa tinengeran candrasangkala : Pambudining
Salulut angesthi atma (tahun Jawi 1821).
Tamat.http://alangalangkumitir.wordpress.com/2013/05/12/serat-nitimani-pupuh-xxviii-xxxii/
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.